Senin, 19 Maret 2012

KISI-KISI USEK BAHASA JAWA 2012

Assalamu alaikum wr.wb.
Wahai...anak-anakku kelas IX...pelajarilah  materi USEK penting dibawah ini :

 1. Apresiasi naskah cerita wayang
 2. Apresiasi naskah drama tradisional
 3. Apresiasi teks tembang macapat
 4. Apresiasi lelagon kreasi baru
 5. Apresiasi artikel jawa
 6. Tembung Entar
 7. Seselan "um"
 8. Tembung Saroja
 9. Reduplikasi (tembung-tembung rangkep) dalam wacana
10.Sinonim dalam wacana
11.Kata berdasarkan jenisnya
12.Jenis ukara berdasarkan polanya
13.Bagian-bagian dalam naskah "sesorah/ pidato"
14.Percakapan rumpang (unggah-ungguh basa)
15.Basa "ngoko lugu" lan "ngoko alus"
16.Apresiasi Geguritan
17.Nulis Aksara Jawa
18.Aksara Murda
19.Aksara swara
20.Aksara Rekan
21.Sandhangan Wyanjana
22.Parikan

Semoga kalian semakin rajin belajar, memperbanyak doa, menghindari nyontek teman/ buku catatan/ diktat agar mendapat cahaya rahmat Alloh SWT dengan hasil yang benar dan diridhi Alloh, amin.

Wassalamu alaikum wr.wb.

Sabtu, 10 Maret 2012

Warni warnining Ukara.
I. Miturut Pandapukipun, Ukara, wonten: 1. Ukara genep (ukara lamba). 2. Ukara boten genep (ukara gothang). 3. Ukara rangkep (ukara majemuk).
1. Ukara ganep sakedhikipun kedah wonten jejer lan wasésanipun,
sok ugi wonten katranganipun.
Tuladha:
- Saidi mlaku - Bocah nakal kaé dolan mrénê.
Ukara Lan Pangudhalipun.
Ingkang dipun wastani ukara inggih punika rerangkèning tembung sawatawis ingkang saged mujudaken / nglahiraken gagasanipun tiyang.
 A. Péranganipun ukara:Ukara kedadosan saking pérangan ingkang baken, jejer lan wasésa.Supados ukara kala wau saged sampurna tegesipun, asring ukara punika dipun wéwahi.
katrangan.
Warni warnining katrangan :a. Katrangan lésan kang nandang (pelengkap penderita).b. Katrangan lésan kang pinarih (pelengkap penyerta).c. Katrangan lésan kang tumindak (pelengkap pelaku).d. Katrangan mangsa: wis, lagi, arep, kapan, dhèk wingi.e. Katrangan panggènan: ing kono, ngomah, ing pasar.f. Katrangan kaanan (kawontenan): kanggé nerangaken wasésanipun – banget, cetha, kepénak.
Ater ater, panambang, seselan lan tegesipun.

Wisésana inggih punika tembung tembung ingkang angsal panambang "an".

01. Entan éntan kados : gunungan, pasaran, kalèn.
02. Pirantos kanggé : kukusan, garisan, ayakan.
03. Angsal angsalipun : gorèngan, batikan, gawéyan.
04. Mangsa : panèn, padusan, suntikan.
05. Gampil : mutungan, kalahan, getasan.
06. Sami déné nglampahi : salaman, biten guyon.
07. Dolanan : jaranan, pasaran, tangisan.
08. Nganggé : bebedan, sabukan, kelambèn.
09. Nanggap : wayangan, réyogan.
Rimbag (Kedadosanipun Tembung)
 
Rimbag jinisipûn kathah sangêt.
1. Rimbag Tanduk:
    punika t
êmbúng ingkang angsal atêr atêr anuswara (suwara irung):

    m, ng, n, ny.
    Rimbag Tanduk wonten 3 warni:
    a. Tandúk Kriya Wantah:        balang – mbalang, gambar – nggambar.    b. Tandúk i kriya:        jalúk – njaluki
        tulis – nulisi
    c. Tandúk ké kriya:
        tuku – nukokaké,
        sapu – nyapokaké.
Cathetan: tuku – nuku, sapu – nyapu



image
 Kirab Rebo Wekasan
Hujan tak menjadi penghalang sekitar 70 group peserta kirab Rebo Wekasan di Desa Jepang, Kecamatan Mejobo, Selasa (17/1) siang. Dilepas oleh Camat Mejobo Drs Mundir pukul 14.00 di bawah derasnya air hujan, peserta kirab tetap semangat melangkahkan kaki dengan aneka dandanan yang mengundang senyum masyarakat yang menonton di sepanjang jalan yang dilewati.
Tembung Lingga lan Andahan

Têmbung Linggå
Inggíh punika têmbung íngkang dèrèng éwah sakíng aslinipún:
- tulis, turu, tuku.

Têmbung Andahan
Inggíh punika têmbung íngkang sampún éwah sakíng lingganipún:
- tulis dados nulisi,
- turu dados nurokaken,
- tuku dados daktukoni.

Têmbung lingga sagêd éwah dados têmbung andhahan, sabab:

1. angsal wéwahan:
   a. dipun wéwahi ing sangajenging tembung wéwahan,
       wéwahan sangaj
êng têmbung naminipun Atêr atêr:
       m, n, ny, dak, ko di, ké, sa, pa, pi, pra, kuma, kapi, kami
   b. dipun wéwahi ing sawingkingipun t
êmbung,
       wéwahan sawingkinging t
êmbung naminipun Pênambang:
       ku, mu, é, èn, an, i, aké, a, na, ana, né.

c. angsal s
êsêlan: in, um,    jupuk – jinupuk,
   gantung – gumantung.

2. dipun rangkêp:   a. sadaya: watuk – watuk, bola –bali   b. ngajêng: têtuku   c. wingking: cêngèngès.

3. dipun campur (cambor) kaliyan têmbung sanès:
   baya – pakéwuh.

4. dipun cêkak (wantah) :
    dhuwit – dhit.
Universal Declaration of Human Rights - Javanese
Pranyatan Umum Ngenani Hak Hak Asasi (Umat) Manungså

Sabên umat manungså laír kanthi hak-hak kang pådhå lan pinasthi lan kanthi kabébasan-kabébasan íng bakuníng anggêr-anggêr (wêwatón = undang-undang).
Pêrsêrikatan Bångså-Bångså darbé komitmên (tékad nglaksanakaké maujudé janji lan kasaguhané) kanggo junjúng luhúr, nggrêngsêngaké lan ngayomi hak-hak asasi umat manungså marang sabên pribadi (individu).
Komitmên kasêbút ingayatan såkå Piagam Pêrsêrikatan Bångså-Bångså kang nukúlaké kamantêpaníng kayakinan pårå bångså sa-donyå tumrap hak-hak asasi umat manungså íng bakuníng paugêran sartå tumrap martabat lan ajiníng kamanungsan.
Íng Pranyatan Umúm ngênani Hak-Hak (umat) Manungså, Pêrsêrikatan Bångså-Bångså nandhêsaké kanthi têrwåcå lan prasåjå, hak-hak kang dadi darbèké sabên uwóng kanthi adíl. Hak-hak kasêbút, nyåtå dadi darbèkmu kabèh.
Kabèh mau, iyå hakmu. Kênali lan pahamånå hak-hak kasêbút. Supåyå kasêngkuyúng mbiwarakaké lan nglêstarèkaké kanggo paugêran dhiri pribadhi sartå kanggo sapêpadhané umat manungså liyané.

Jumat, 09 Maret 2012

Ngrembakakaken Prangkat Pamucalan Basa Jawi Ingkang Adhedhasar Pendhidhikan karakter Bangsa

Dra.Sri Sulistiani, M.Pd
Dosen Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah FBS Unesa

Abstrak

Salah satunggalipun upaya kangge mujudaken lingkungan strategis wonten donyaning pendhidhikan ingkang dados program pamarentah ngrembakakaken Pendhidhikan Karakter Bangsa. Ingkang ndhasari Pendhidhikan Karakter Bangsa menika raos prihatin sesambetan kaliyan era globalisasi ingkang mangaribawani dhateng tingkah laku lan kapribadenipun generasi mudha, kadosta tansaya mindhaking tindak kekerasan, tumindak (perilaku) ngrusak dhiri (ngginaken narkoba, seks bebas), boten jujur, andhaping raos tanggel jawab individu lan warga nagara. Pendhidhikan karakter mujudaken pendhidhikan nilai, budi pekerti, akhlak, moral, watak ingkang tujuanipun ngrembakakaken kawasisanipun para siswa salebetipun milah kaputusan sae lan awon, lan saged ngetrapaken samubarang ingkang sae ing salebitipun gesang saben dintenipun kanthi tumemen, minangka asil olah pikir (cerdas), olah hati (jujur), olah rasa lan karsa(peduli), sarta olah raga (tangguh) sawenehing pawongan utawa saklompok tiyang. Pendhidhikan karakter boten namung mucalaken babagan pamilahing tumindak ingkang leres lan lepat, ananging langkung munjeraken nanemaken kabiyasaan (habituation) babagan ingkang sae lan leres, saengga para generasi mudha dados paham (kognitif) ngengingi bab ingkang leres lan lepat, saged ngraosaken pundi ingkang leres lan lepat (afektif), sarta saged ngetrapaken (psikomotor) babagan ingkang sae lan leres menika wonten ing gesangipun

Senin, 05 Maret 2012

Pangeran Samudro

 
Carita Gunung Kemukus iku asale utawa dikenal neng desa Pendem, Kecamatan Sumberlawang, kabupaten Sragen, 26 kilometer saka tlatah Surakarta mengidul. Neng Gunung Kemukus iku ana sarean kramate Pangeran Samodra sing saiki papane kanggo obyek wisata neng kabupaten Sragen. Saben malem jum’at pon, kuburan kramat Pangeran Samodra iku ditekani wong akeh saka ngendi-ngendi sing biasane arep nggolek pesugihan.

Kancil lan Merak


Merak pancen seneng macak. Mula tansah nengsemake. Wulune katon edi, gawe resep kang padha nyawang. Mula ora sithik tangga-teparo padha mara nyang omahe Merak saperlu sinau ngadi busana lan ngadi salira. “Aku pengin supaya bisa nduweni sandhangan wulu kaya kowe, Rak,” ujare Kancil marang Merak. “Sandhangan wulu kang tememplek ing awakku iki paringane Gusti Kang Akarya Jagad. Aku mung tinanggenah ngrumat lan njaga supaya tetep katon endah,” wangsulane Merak kanthi sareh. 
“Anggonku seneng dandan lan ngupakara kaendahan iki mung wujud rasa syukurku marang Gusti!” bacute tanpa linandhesan rasa umuk.“Supaya wuluku bisa dadi kaya wulumu, piye carane?” pitakone Kancil.

Oh...Cinderella 

 


Ing sawijineng kerajaan, wonten bocah wadon kang elok pasuryane lan becik atine. Deweke mau urip sareng biyung lan kakang-kakang tirine, amargo wong tuane sampun sedo. Ing griya kasebut dheweke terus di dawuhi makaryo beresi gawean kang wonten ing griya. Deweke sabendina di dukani lan di paring mangan naming kaping pisan saben dinane. Kakang-kakange kang olo atine wau nimbali “Cinderella”. Cinderella kang artine bocah wadon kang reget. “ Asma kui pancen pantes kaggo koe!’ ngendika kakang-kakange.

Jumat, 02 Maret 2012

Yasa Dalem : Sri Susuhunan Pakubuwana IV

PUPUH I
DHANDHANGGULA

01
Pamedare wasitaning ati, ujumantaka aniru Pujangga, dahat muda ing batine. Nanging kedah ginunggung, datan wruh yen akeh ngesemi, ameksa angrumpaka, basa kang kalantur, turur kang katula-tula, tinalaten rinuruh kalawan ririh, mrih padanging sasmita.
02
Sasmitaning ngaurip puniki, mapan ewuh yen ora weruha, tan jumeneng ing uripe, akeh kang ngaku-aku, pangrasane sampun udani, tur durung wruh ing rasa, rasa kang satuhu, rasaning rasa punika, upayanen darapon sampurna ugi, ing kauripanira.
03
Jroning Quran nggoning rasa yekti, nanging ta pilih ingkang unginga, kajaba lawan tuduhe, nora kena den awur, ing satemah nora pinanggih, mundak katalanjukan, tedah sasar susur, yen sira ajun waskita, sampurnane ing badanira, sira anggugurua.
AL FAATIHAH ( BEBUKA )
Surat kaping 1 : 7 ayat


( Tumuruning wahyu ana ing Mekkah, tumurun sawuse surat Al-Muddatstsir )

Bahasa Arab :
1.Bismillahir rahmaanir rahim
2.Alhamdu lillaahi rabbil ‘aalamiin
3.Arrahmanir rahiim
4.Maaliki yaumid diin
5.Iyyaaka na’budu wa iyyaaka nasta’in
6.Ihdinash shiraathal mustaqiim
7.Shiraathal ladziina an’amta ‘alaihim, ghairil maghdhuubi ‘ alaihim waladl dlaal-liin

Bahasa Jawa :
1.Kalawan asma Allah kang Maha Murah ugi Maha Asih.
2.Kabeh pangalembana kagunganing Allah Pangeran, Sesembahaning ‘ alam jagad-rat pramudita.
3.Kang Maha Murah Maha Asih.
4. Kang Ngratoni ing dina Piwelas.
5. Namung dhumateng Paduka piyambak kita sami menembah ‘ ibadah, saha namung dhumateng Paduka piyambak kita sami anyenyadhong pitulungan.
6. Dhuh Gusti Allah, mugi Paduka paring pitedah ing kita sadaya lumampah wonten ing margi ingkang leres.
7. Inggih punika margi, Agaminipun para tetiyang ingkang sampun Paduka paringi kani’matan, sanes ingkang sami kabendon, tuwin sanes ingkang sami sasar.

Isi maksud ingkang wigatos ing Surat Al-Faatihah :
Intisari saking isinipun Al-Quraan punika sampun kaweca pokok-pokok ingkang fundamentil wonten salebeting Surat Al Faatihah, kados kasebut ing ngandhap punika :
1. Bab ‘aqaid utawi kaimanan ; punika kuwajiban ingkang wiwitan kaampil, ingkang dipun da’wahaken dening junjungan kita Nabi Muhammad s.a.w, makaten ugi dening para andika Rasul saderengipun. Ingkang baku inggih punika ‘ aqidah-tauhid ( memundhi saha mangeran namung dhumateng Panjenanganipun Allah piyambak ) ‘ Aqidah-tauhid wau dados jejering piwucal Agami, sadaya para andika Nabi Utusaning Allah kautus ngampil tugas-pokok mbangun Tauhid ing Allah, sarta ngrebahaken sadaya kamusyrikan, ugi ngajak Ummatipun supados samia ‘ibadah ( manembah ) ing Allah piyambak, lan nilar sadaya brahalanipun.
2. ‘Ibadah ; utawi ngumawula lan manembah ing Allah, ingkang kuwajiban sadaya titah, langkung-langkung manungsa ( sabab manungsa punika makhluk ingkang saged damel kabudayan wonten ing ‘ alam donya ). Ingkang baku wonten sekawan, inggih punika : Shalat, Zakat, Shiyam lan kesah Haji. Saking ingkang baku kasebut, lajeng tuwuh ‘ibadah memuji, ndedonga, dzikir lan tafakkur utawi I’tikaf ing masjid. Saking zakat lajeng tuwuh ‘ ibadah qurban sidqah, weweweh lan tetulung ing sasaminipun, lan saking Shiyam tuwuh watak Wira’I 9 mboten ndremis lan mboten kathah sesambat ) sumingkir saking ingkang nama lelangkungan ( gesang prasaja ). Lajeng saking Haji tuwuh semangat ambelani sarta labuh ing agami.
3. Angger- angger Hukum lan Pernatan- pernatan : maksudipun Syari’at Islam damel angger-angger hukum lan pranatan punika kangge karaharjaning ummat manungsa ing Donya dumugi ing Akheratipun. Pramila ing salebetingQuraan ngemot pinten-pinten norma lan katamtuwan, upami hukum, politik, tatanagari, sosial, ekonomi, perang, dahme, sesambetan internasional, kabudayan sarta kesenian, agami, sesambetaning manungsa kaliyan Allah, lan lingkungan sapiturutipun.
4. Janji sarta ancaman : artosipun supados ngadeg keadilan lan keleresan ingkang saestu, sanajan wonten Donya saged lolos saking hukuman, nanging wonten ngarsaning Allah ing dinten Qiyanat tantu nboten saged lolos malih.
5. Sejarah : maksudipun ingkang saged dados tepa-palupi ing salebeting sesrawungan ummat manungsa, sampun ngantos damel sejarah awon, gesang sapisan wonten ing ‘ alam Donya. 

Nuwun