Sabtu, 10 Maret 2012

Universal Declaration of Human Rights - Javanese
Pranyatan Umum Ngenani Hak Hak Asasi (Umat) Manungså

Sabên umat manungså laír kanthi hak-hak kang pådhå lan pinasthi lan kanthi kabébasan-kabébasan íng bakuníng anggêr-anggêr (wêwatón = undang-undang).
Pêrsêrikatan Bångså-Bångså darbé komitmên (tékad nglaksanakaké maujudé janji lan kasaguhané) kanggo junjúng luhúr, nggrêngsêngaké lan ngayomi hak-hak asasi umat manungså marang sabên pribadi (individu).
Komitmên kasêbút ingayatan såkå Piagam Pêrsêrikatan Bångså-Bångså kang nukúlaké kamantêpaníng kayakinan pårå bångså sa-donyå tumrap hak-hak asasi umat manungså íng bakuníng paugêran sartå tumrap martabat lan ajiníng kamanungsan.
Íng Pranyatan Umúm ngênani Hak-Hak (umat) Manungså, Pêrsêrikatan Bångså-Bångså nandhêsaké kanthi têrwåcå lan prasåjå, hak-hak kang dadi darbèké sabên uwóng kanthi adíl. Hak-hak kasêbút, nyåtå dadi darbèkmu kabèh.
Kabèh mau, iyå hakmu. Kênali lan pahamånå hak-hak kasêbút. Supåyå kasêngkuyúng mbiwarakaké lan nglêstarèkaké kanggo paugêran dhiri pribadhi sartå kanggo sapêpadhané umat manungså liyané.




Pranyatan Umum Ngênani Hak-Hak Asasi(Umat) Manungså
Pambukå / Mukadimah

MANIMBANG
manåwå ngakóni marang martabat alamiah sartå hak-hak kang pådhå lan pinasthi íng sabên warganíng kulawargå umat manungså, mujudaké landhêsaníng kamardikan, kaadilan sartå bêdhamèníng donyå.

MANIMBANG
mênåwå nyingkúr lan nganggêp rèmèh hak-hak umat manungså biså njalari tandang tanduk kasar lan wêngís kang nuwuhaké råså runtik atiné umat manungså, lan kabanguné donyå dadi papaníng umat manungså biså ngrasakaké lan ngalami nikmatíng bébas mêdhar panêmu lan bébas ngrasuk agåmå sarta kalís såkå råså wêdi lan was-sumêlang sarta uríp kacingkrangan, kapratélakaké dadi pranyatan minångkå dadi gêgayuhan luhúr sakabèhíng umat manungså lumrah (kawulå alit).

MANIMBANG
manåwå hak-hak umat manungså pêrlu antuk pangayoman kanthi pranatan lan tatanan anggêr-anggêr (undang-undang), amríh sabên uwóng ora kêpêkså milíh nglawan (mbrontak) minångkå kupiyå kang pungkasan anggóné ngrékodåyå kanggo nglawan marang tindak daksiyå lan panjajahan.

MANIMBANG
manåwå mêkaríng pamêrdi panggulowênthahíng sambúng pamitran íng antaraníng pårå bångså sabên nêgårå pêrlu lan wigati dirêmbakakaké.

MANIMBANG
manåwå pårå bångså íng Pêrsêrikatan Bångså-Bångså, íng sajroníng Piagam Pêrsêrikatan Bångså-Bångså, wus pådhå mratélakaké kanthi tandhês anggóné ngugêmi marang hak-hak kang baku umat manungså, marang martabat lan ajiníng pribadiné umat, lan marang hak-hak priya lan wanita kang sadrajat lan pådhå, sartå wus gawé putusan bakal nyêngkuyúng majuníng sosial sartå ajiníng uríp amríh såyå luwíh bêcik, kanthi kamardikan kang ombèr lan jêmbar têbané.

MANIMBANG
mênåwå Nêgårå-Nêgårå Anggota wus ikrar lan prajanji bakal nggayuh kang såyå maju anggóné ngajèni lan ngúrmati ajiníng umúm marang hak-hak asasi umat manungså sartå råså bébas kang asasi (kanthi paugêran) íng ujudíng sambúng makaryå klawan Pêrsêrikatan Bångså-Bångså.

MANIMBANG
manåwå kanthi manunggalíng pangêrtèn ngênani hak-hak lan tumindak kanthi bébas kasêbút, pêrlu bangêt, kanggo nglêksanani janji kanthi têmên, mulå,

MAJÊLÍS UMÚM
mbiwarakaké
Pranyatan Umum Ngênani Hak-Hak Asasi (Umat) Manungså

minångkå sawijiníng paugêran umúm kanggo kasilíng gêgayuhan sabên bångså lan sabên nêgårå, déné kang katuju supåyå sabên uwóng lan sabên bêbadan íng satêngahíng bêbrayan (masyarakat), kanthi tansah élíng lan ngugêmi Pranyatan iki, tansah mêrsudi ngadani panggulowêntah supåyå råså ngajèni lan ngúrmati hak-hak sartå uríp bébas kasêbút såyå mêkar ngrêmbåkå. Sartå kanthi rékå dåyå progrèsip kang asipat nasional lan intêrnasional, biså nanggúng wujudíng kasaguhan ngakóni lan anggóné asúng pakúrmatan kanthi univêrsal lan èfèktif, iyå såkå bångså-bångså íng Nagårå-Nagårå Anggota, kalêbu bångså-bångså íng laladan kang kabawah panguwasaníng anggêr-anggêré (wêwatón = undang-undang).

BAB : 1
Sabên uwóng kalairaké kanthi mardikå lan darbé martabat lan hak-hak kang pådhå. Kabèh pinaringan akal lan kalbu sartå kaajab pasrawungan anggóné mêmitran siji lan sijiné kanthi jiwo sumadulúr.

BAB : 2
Sabên uwóng darbé hak tumrap hak lan kêbébasan-kêbébasan kang tinulís íng Pranyatan Umúm iki tanpå pilíh kasíh, kabèh waråtå lan adíl íng samubarang, kayåtå: bédå bédaníng ras, warnaníng awak (walulang), bédå-bédaníng lanang lan wadón, båså, agåmå, politik lan panêmu liyané, asal usúl suku bångså lan bêbrayan, hak darbé, tåtålair lan kalungguhan liyané.
Sakbanjuré,ora bakal ånå prabédané tumrap kalungguhan politik, anggêr-anggêr (undang-undang) utåwå kalungguhan intêrnasional såkå nêgårå utåwå laladan asal usulíng sawijiníng uwóng, sanadyan såkå nêgårå mardikå, laladan-laladan íng panguwasaníng wali, jajahan utåwå kang winêngku íng kawasaníng liyan.

BAB : 3
Sabên uwóng nduwèni hak ingatasíng uripé, bébasíng uripé lan kaslamêtané minångkå pribadi (individu).

BAB : 4
Ora kênå sawijiníng uwóng didadèkaké budhak utawa batúr, maujudíng budhak lan batúr tukón kanthi ujud åpå waé dadi larangan.

BAB : 5
Ora kênå sawijiníng uwóng disiyå-siyå íng sikså, utåwå nandhang tindak kêjêm, dipatrapi utåwå nåmpå pidånå kang ora kåyå lumrahíng umat manungså utåwå siningkúr karèmèhaké.

BAB : 6
Sabên uwóng darbé hak tumrap pasêksi íng sajroníng anggêr-anggêr (undang-undang) minångkå umat manungså sacårå pribadi íng êndi waé papan dunungé.

BAB : 7
Ngadêpi hukúm, kabèh duwé hak pådhå lan darbé hak olèh pêngayoman anggêr-anggêr síng pådhå, tanpo dibédak-bédakaké. Kabèh duwé hak ingayoman síng pådhå marang tumindak mbédak-mbédakaké (diskriminasi) kang ora cundhuk (cocok) karo Pranyatan iki, lan marang sawêrnaníng pamilút (ngojok-ojoki) síng tumuju marang tumindak diskriminasi kasêbút.

BAB : 8
Sabên uwóng nduwèni hak kapulíhaké kanthi trêp såkå sêsambungané kapatrapan pêngadilan nasional tumrap tindak-tanduk kang nalisír såkå hak-hak baku kang déníng anggêr-anggêr (undang-undang) kapasrahaké dadi haké.

BAB : 9
Ora ånå siji waé uwóng kang kênå ditangkêp, ditahan utawa kasingkiraké kanthi sawênang-wênang.

BAB : 10
Sabên uwóng, kanthi nduwèni drajad pådhå íng satêmêné, darbé hak tumrap pangadilan kang adíl lan tinarbukå déníng pangadilan kanthi bébas lan ora bot-síh, íng babagan nêtêpaké hak lan kuwajiban-kuwajiban sartå íng sajroníng nampa sabên ancaman pidana kang ditêtêpaké marang sabên uwóng.

BAB : 11
1. Sabên uwóng kang dinakwå amargo dianggêp nindakaké laku nalisír såkå undang-undang, dianggêp  
    durúng nyandhang kaluputan sadurungé undang-undang mbuktèkaké kaluputané íng pangadilan kang 
    tinarbukå, íng bab iki sabên uwóng olèh jaminan kang dipêrlokaké kanggo mbélani haké.
2. Ora ånå uwóng siji waé kang kênå dianggêp lupút nindakaké nglanggar undang-undang utåwå tlédhor, 
     kang ora mujudaké tindak nalisír såkå undang-undang nasional utåwå intêrnasional, íng titi mångså 
     tumindak mau linakónan. Ugo ora prayoga nêmtokaké paukuman kang luwíh abod katimbang 
     paukuman kang katêtêpaké nalikå tindak nglanggar undang-undang iku linakónan.

BAB : 12
Ora ånå uwóng siji waé kang kênå dirégóni hak pribadiné, kulowargané, balé wismané utåwa sêsambungané nampå lan ngirim layang kanthi sawênang-wênang; ugå marang hak pakúrmatan lan ajiníng diri. Sabên uwóng ndarbèni hak kaayoman déníng undang-undang awit såkå anané gangguan utåwå tindak nalisír mangkono iku.

BAB : 13
1. Sabên uwóng darbé hak tumrap bébasíng tumindak utåwå ora nindakaké apa-apa íng sajroníng 
    laladan  wêwêngkóníng nêgårå.
2. Sabên uwóng darbé hak ninggalaké sadhêngah nêgårå, kalêbu nêgarané dhéwé, lan darbé hak bali 
    manèh mênyang nêgarané.

BAB : 14
1. Sabên uwóng darbé hak ngupaya pangayoman marang nêgårå liyå kanggo pangayoman amargå 
    anggóné dadi burón.
2. Hak kasêbút ora kênå kaêtrapaké manåwå anggóné dadi burón iku nyåtå kang dadi sababé awit 
    tumindak kadúrsilan kang ora gêgandhèngan karo politik, utåwå karånå tumindak kang nalisír karo    
    tujuan síng baku såkå Pêrsêrikatan Bångså-Bångså.

BAB : 15
1. Sabên uwóng darbé hak dadi wargå nêgårå.
2. Ora ånå uwóng siji waé kang kanthi tanpå landhêsan tatanan banjúr kabatalaké anggóné dadi wargå 
    nêgårå utåwå ditampik haké kanggo salin dadi wargå nêgårå liyå.

BAB : 16
1. Priyå lan wanitå kang wus diwåså kanthi tanpå mawas bångså, wargå nêgårå utåwå agåmå, darbé hak 
    nglakóni ningkah lan mbangun kulåwargå. Kabèh nduwèni hak kang pådhå íng babakan nêningkahan,   
    íng sajroníng alam ningkah lan íng alam pêpisahan/pêgatan.
2. Nêningkahan amúng bisa dilêksanani adhêdhasar pilihan bébas lan têmên-têmên dadi pasarujukané 
    pêngantèn sakêlorón.
3. Brayat/kulåwargå iku sawijiníng têtunggalan kang alamiyah lan baku íng masyarakat lan anduwèni hak 
    pangayoman såkå bêbrayan (masyarakat) lan nagårå.

BAB : 17
1. Sabên uwóng duwé hak andarbèni båndhå, kanthi pribadi utåwå bêbarêngan karo uwóng liyané.
2. Ora ånå uwóng siji waé kênå dirampas bandhané kanthi sawênang-wênang.

BAB : 18
Sabên uwóng darbé hak bébas duwé panêmu, kalbu lan agåmå. Íng babakan iki kalêbu hak bébas ganti agåmå lan kapitayan, lan hak bébas kanggo anêksèni agamané utåwå kapitayané, kanthi cårå anggêlar piwulang, nglakóni, laku ibadhah lan sêtyå tuhu ngugêmi pêrcayané, kanthi cårå pribadi utåwå bêbarêngan karo uwóng liyané, íng ngêdhêngan (ngarêpíng umúm) utåwå pribadi.

BAB : 19
Sabên uwóng darbé hak ingatasé hak bébas mratélakaké panêmuné, kalêbu duwé hak bébas darbé panêmu tanpå dirégóni/diganggu, lan kanggo ngupåyå, nåmpå sartå mratélakaké informasi lan pamikiran pênêmuné lumantar média åpå waé kanthi tanpå mawas watêsíng wêwêngkón laladan.

BAB : 20
1. Sabên uwóng nduwèni hak ingatasé hak bébas ngumpúl lan gawé paguyuban tanpå anané rudåpêksan.
2. Ora ånå uwóng siji waé kang kênå dipêkså lumêbu íng sawijiníng pakumpulan /paguyuban.

BAB : 21
1. Sabên uwóng nduwèni hak cawé-cawé íng kapêrluwané pamarintah nagarané, kanthi langsúng utåwå 
    lumantar wakil-wakil kang pinilíh kanti bébas.
2. Sabên uwóng darbé hak kang pådhå kanthi kalodhangan kang pådhå biså kawisudhå tampå 
    kalungguhan/jawatan pamarintah íng nêgarané.
3. Gêgayuhaníng rakyat kudu dadi lambaran baku wêwênangé pamarintah, gêgayuhan iki kudu 
    kawujudaké kanthi cårå anané pamilihan umúm kang dianakaké íng wêktu kang tinamtu lan múrni
    kanthi hak pilíh kang umúm lan sadrajat, kanthi pungút swårå sacårå wadi utåwå kanthi pranatan liyå 
    anggêr biså nanggúng hak bébas anggóné milíh.

BAB : 22
Sabên uwóng, minångkå warganíng bêbrayan (masyarakat) anduwèni hak ingatasé jaminan sosial, sartå darbé hak amríh kalêksanané hak-hak ékonomi, sosial lan budåyå síng dadi kapêrluwan martabaté sartå mêkaríng pribadiné kanthi bébas, lumantar rékådåyå nasional utawa karyå pamitran intêrnasional, cóndhóng marang tåtå pranatané lan sumbêr dayaníng Nagårå.

BAB : 23
1. Sabên uwóng anduwèni hak pagawéyan, hak bébas milíh pagawéyan, darbé hak anané syarat-syarat 
    nyambútgawé kanthi adíl lan nguwohaké kauntungan sartå nduwèni hak ingayoman íng kahanané
    nalikå ora nyambútgawé/nganggúr.
2. Sabên uwóng kanthi ora kabédak-bédakaké, darbé hak ingatasé pituwas (opah, asil) kang pådhå 
    tumrap pagawéyan kang pådhå.
3. Sabên uwóng kang nglakóni pagawéyan nduwèni hak nåmpå opah/asil kang adíl lannguntúngaké/bathi, 
    kang nanggúng bisané dadi panguripan kang múrwat kanggo dhiri pribadi lan ugå marang kaluwargané, 
    lan manåwå ånå wigatiné katambah íng lindhungan kapêrluwan sosial liyané.
4. Sabên uwóng darbé hak nggåwå lan nglêbóni paguyuban-paguyuban pêgawé kanggo ngayomi 
    kapêrluwané.

BAB : 24
Sabên uwóng nduwé hak ngaso lan libúr, kêlêbu pranataníng wanci nyambút gawé kang múrwat lan dinå libúr kang pantês kanthi wêwatón tumåtå, lan têtêp nåmpå opah/pituwasíng karyå.

BAB : 25
1. Sabên uwóng nduwèni hak bisané uríp kanthi múrwat, kanggo kasarasan lan katêntrêmané dalasan 
    kulawargané, tan kêri íng bab hak pangan, sandhang, papan lan pangopèníng kasarasan sartå 
    kapêrluwan sosial síng dadi kabutuhan lan hak olèh tanggungan jaminan nalikå ngalami nganggúr, 
    nandhang lårå, cacat, dadi waråndhå, nyandak umúr tuwå, utåwå kahanan liyané kang njalari 
    kacingkrangan, kang nyåtå ngluwihi dåyå kêkuwatané.
2. Pårå biyúng (ibu) lan bocah-bocah darbé hak olèh pangopèn lan bantuan istiméwa (mirunggan). Kabèh 
    bocah, kang lair íng sajroníng tatanan ningkah utåwå sanjabaníng tatanan ningkah kudu antuk 
    pangayoman sosial kang pådhå.

BAB : 26
1. Sabên uwóng darbé hak olèh panggulowênthah íng pawiyatan kanthi gratis, saora-orané tumrap 
    sêkolah/pawiyatan dhasar. Pawiyatan dhasar kawajibaké. Sêkolah (pawiyatan) tèhnik lan jurusan 
    umúm kanggo sabên uwóng kanthi tinarbukå, sabên uwóng biså lumêbu íng pawiyatan luhúr kanthi 
    pranatan kang pådhå salaras karo múrwat lan pantêsé.
2. Panggulowênthah kudu kaênêraké amríh sabên pribadi biso mêkar kanthi ombèr, biso ndayani såyå 
    kandêlé råså bisa ngajèni lan ngúrmati hak-hak asasi umat manungså lan kêbébasan-kêbébasan kang
    baku. Panggulowênthah íng pawiyatan kudu bisa nênangi lan mêkaraké råså têpå salirå karo 
    pêpadhané, mêkaríng pamitran, pasêduluran íng antarané bångså-bångså, bêbrayan, ras apadéné 
    agåmå, sartå njalari kudu såyå majuníng Pêrsêrikatan Bångså-Bångså sajroníng mêmêtri lan nyipto 
    bêdhamèn/pirukun.
3. Pårå wóng tuwå, darbé hak utåmå sajroníng milíh pawiyatan papan panggulowênthah kanggo 
    anak-anaké.

BAB : 27
1. Sabên uwóng duwé hak ngrasuk lan ambyúr íng kiprahíng kabudayan íng sadinå-dinané íng bêbrayan, 
    ngrêsêpi sêni, lan biså ngrasakaké ngalami majuníng uríp lan paédahíng kawruh.
2. Sabên uwóng duwé hak antuk pangayoman anggóné kiprah lan makaryå íng babagan ngèlmu lan 
    kawruh - kang arupå pangayoman marang kauntungan síng awujud moril utåwå matêriil, ugå íng 
    kasusastran utåwå sêni kang ciniptå/asil karyané.

BAB : 28
Sabên uwóng darbé hak ingatasé pranatan sosial nasional lan intêrnasional, salaras karo hak-hak lan kabébasan-kabébasan kang kamot íng Pranyatan iki bisa kanthi têmên maujud.

BAB : 29
1. Sabên uwóng nduwèni kuwajiban marang bêbrayan/masyarakat, kang sanyatané ora ånå papan liyå 
    kang biså dadi papan mêkaríng kapribadèn kanthi bébas sartå têmên-tumêmên.
2. Sajroníng nglêksanani hak-hak lan kabébasan-kabébasané, sabên uwóng kudu mbangun miturút 
    marang pranatan kang salaras karo undang-undang (anggêr-anggêr), kang isi ancas lan tujuwan síng 
    ora ånå liyå kajåbå múng amríh gumólóngíng niyat ngugêmi lan ngúrmati kanthi trêp marang hak-hak lan 
    kabébasan-kabébasan uwóng liyané, kanggo mujudaké syarat-syarat kang adíl íng bab kasusilan, têrtib
    tumåtå lan katêntrêmaníng umúm, íng bêbrayan/masyarakat kang démokratis.
3. Hak-hak lan kabébasan-kabébasan kasêbút, kanthi alêsan lan pawadan åpå waé, ora kênå dilaksanani 
    nalisír karo ancas lan tujuwan sarta wêwatón-wêwatóníng Pêrsêrikatan Bångså-Bångså.

BAB : 30
Ora ånå siji waé isi sajroníng Pranyatan iki kênå katapsír mènèhi kalodhangan marang sawijiníng Nagårå, paguyuban utåwå pribadi, kang awujud hak supåyå olèh utåwå muríhaké antuk pakaryan åpå waé, utåwå nglakóni tumindak kanthi tujuwan ngrusak hak-hak lan kabébasan-kabébasan wujud åpå waé kang kapacak íng sajroníng Pranyatan iki.

© The Office of the High Commissioner for Human Rights

OHCHR-UNOG
8-14 Avenue de la Paix
1211 Geneva 10, Switzerland

Tidak ada komentar:

Posting Komentar