Selasa, 31 Januari 2012

CERKAK ( 24 )
JANGAN TUMPANG

Srêngéngéné pas ånå ndhuwúr sirah, kurang luwih jam 12.00, hawané panas ora mêkakat kåyå-kåyå yèn dituruti arêp ngombé ngêntékaké banyu sak kêndhi. Mak brabat Pak Sardi mlaku tumuju pawón arêp ngombé lan mangan awan.
Ènèng méja wís sumadiyå unjukan lan dhêdhaharan kang dicawisaké déníng Sumiyêm abdiné. Anggóné Pak Sardi mangan wayah awan iki katón níkmat lan sêgêr bangêt. Yå, nêmbé wêktu-wêktu saiki anggóné mangan ngrasakaké énak.
CERKAK ( 23 )
KEJIRET ALANG-ALANG

Mas Pramónó, têkaku íng rumah sakít iki, mêsthiné panjênêngan pírså dhéwé, mênåwå iki dudu karêpku, nangíng kahanan síng mêkså aku kudu kêtêmu panjênêngan íng papan iki.
Aku njalúk pangapurå mênåwå têkaku ing rumah sakít iki bakal nggugah critå lawas síng ndadèkaké ati panjênêngan gorèh. Kênå åpå panjênêngan kåyå nduwèni råså isín nalikå sapêngarêp karo aku, kamångkå yèn dak råså panjênêngan saiki kåyå déné kêbak dåyå sêmangat síng makantar-kantar, trêngginas sajroníng makaryå lêladi paríng usådå íng rumah sakít iki.
CERKAK ( 22 )
SRI PARTINAH, PRAWAN SAKA BANTUL

Swarané sêpédha mótór pak pós såyå suwé såyå cêtha. Dhèwèké mandhêg ånå ngarêp omahku sak pêrlu ngêtêraké layang såkå Dhík Sri ing Bantúl, wís kênå dijagakaké, mèh sêtêngah sasi sêpisan layang såkå Bantúl têkan omahku, sêmono ugå sêtêngah sasi sêpisan layangku têkå ing omahé Dhík Sri.
Antarané aku lan Dhík Sri íng Bantúl wís suwé anggóné sêsambungan kêkancan, malah íng wêktu saiki sêsambungan mau dadi sêsambungané antarané wóng wadón lan wóng lanang síng nêmbé pacaran, ya múng amargå jarak antarané Sålå lan Bantúl mbutúhaké wêktu sêtugêl dinå mênawa arêp kêtêmu, mulå ya múng liwat layang aku lan dhèwèké pådhå ndhudhah råså síh katrêsnan.
CERKAK ( 21 )
ANGIN TELAGA


Angín dolanan pang randhu sangarêpé omah cilík iku nalikå Súrjan mudhún såkå bécak.
Panyawangé landhêp ngêmataké omah síng kêbak nyimpên lêlakón uripé duking uni. Wís róng taún dhèwèké ninggalaké papan iki, lan nganti sapréné durúng akèh owah-owahan. Wít randhu síng tumiyúng pinggír kali, kêmbang kênångå síng wiwít mranggas lan plataran síng kathukulan sukêt-sukêt têki. Isíh dadi sêsawangan kåyå mångså síng wís-wís. Ing kéné Súrjan dilaírké lan ing kéné Súrjan ngroncé uríp nganti nyandhak dhéwåså.

Senin, 30 Januari 2012

CERKAK (20)
KENTHONG  TITIR

Thóng ... thóng... thóng
Swårå kênthóng titír síng mauné alón-alón sansåyå suwé sansåyå cêthå kêprungu íng kupíngku kiwå lan têngên.
Anangíng aku ora énggal-énggal alihan såkå lincak papan síng taknggo turón, mripatku isíh kêlèt lan angèl dilèkké. Amargå mau bêngi aku lèk-lèkan karo Kang Kúsni, Kang Nartó, Kang Dimyati lan Kang Taryó nganti jam 02.30 WIB, jalaran kêjatah rondå.
CERKAK (19)
KANG  URIP

Wênginé wís lingsír, pancèn. Nangíng lampu íng kamar ngarêp omah gaya Spanyólan kuwi katón isíh kêncar-kêncar. Sunaré nganti nróbós mêtu omah liwat róstêr.
Nandhakaké yèn íng omah kuwi isíh ånå tåndhå-tåndhå panguripan síng ditindakaké síng duwé omah. Yå, íng kamar kuwi katón wóng lanang sêtêngah tuwå lagi lunggúh ijèn. Tangané nyêkêli sawijiníng buku lawas síng wís ora wutúh manèh.
   Amênangi jaman édan
   Éwúh åyå íng pambudi
   Mèlu édan nora tahan
   Yên tan mèlu anglakóni
   Boyå kêduman mélík
   Kalirên wêkasanipún
   Ndilalah karså Allah
   Bêgja-bêgjanê kang lali
   Luwíh bêgjå kang élíng lawan waspådå
CERKAK (18)
JARENE AKU EDAN

Aku meteng maneh. Iki calon anakku sing nomer pitu. Edan! Iya pancen edan. Aku sing bojone tukang becak, manggon ing kontrakan rupak, adoh saka kecukup­an, bakal duwe anak pitu!
Aku ora bisa kaya ibu-ibu liyane sing katon bungah banget yen bakal duwe anak. Pamer marang kanca-kancane, sre­gep priksa marang dhokter utawa bidhan, lan nyawisake kabeh kebutuhan tumrap si jabang bayi kang bakal lair. Aku ora bisa kaya mangkono. Kanggoku kandhut­an iki malah kaya bumerang, lan uga sum­ber panandhang.
jarene-aku-edan-1Aku kudu nutup kuping, reka-reka ora krungu marang celathune tangga-tangga sing ngerti aku ngandhut maneh. Durung maneh lambe-lambe tipis sing nyinyir ngiris ati. Warni meteng maneh? Kaya kucing wae! Sing marahi anyel, wong-wong kuwi kandha menawa aku ora gelem melu program KB! Asem tenan…..
CERKAK (17)
SRI

Mbah Suríp nyèlèhaké paculé banjúr lunggúh íng sangisóré wít trêmbêsi tuwa íng pójók tanggúl sawah.
Ambêgané isíh ngós-ngósan sauntara suwé anggóné macúl gawé pinihan. Ora krasa kêringêt tumètès siji mbaka sawiji saka pucúk-pucúk jénggóté dhawa kang wís putíh.
Wís kaya padatan, nalika pari kuníng, kadang-kadang tani kudu gawé pinihan.
Pinihan mangkono papan kang dicêpakaké kanggo ndhêdhêr winíh. Sapérangan pari diundhúh dhisík síng ambané dijumbúhaké cacah winíh síng bakal disêbar.

CERKAK ( 16 )
GRONTOL JAGUNG

Wiwitane mung sepele. Mung perkara grontol. Nanging gawe kagetku dene grontol mlebu lestoran mewah ing Jakarta. Pangiraku ing sakawit, grontol ing lestoran mewah iku mesthi kanthi dimasak luwih istimewa dening kokine. Bareng tak jajal, jebul ora beda  kaya grontol-grontol ing desa. Malah isih gurih grontole mbah Yem, tanggaku cedhak.
grontol"Iki disediyakake kanggo turis, Mas. Turis umume rak seneng ngicipi sing sarwa tradhisonal," ngono kandhane Hartono tilas kanca guru SD sing dadi wartawan ing Jakarta.
"Layak regane larang. Saporsi rong ewu, nganggep turis kandel dhuwite. Mangka yen ing ndesa, saporsi ngene iki padha karo telung tum, mung satus seket repis," tembungku kelingan grontole mbah Yem sing saktume Rp 50,-
"Ing ndesa rak mung dibuntel godhong. Ing Jakarta diwadhahi porsi porselin."
"Ya. Mung seje bungkuse."
"Ning bungkus iku penting, Mas. Iki kelemahane bangsane dhewe, bab enggone durung bisa gawe bungkus sing apik. Sing ana ing ndesa, bungkuse trima godhong. Sing ana ing kutha gedhe, yen gawe bungkus ya ngene iki, grontol wae diwadhahi porsi porselin, ora sembada karo isine. Uga yen gawe bungkus liya-liyane. Bungkus pentas seni, bungkus program   budhaya, politik, organisasi utawa acara-acara liyane. Bungkuse diapik-apik nganti gemerlap, terlalu mewah, glamour, ning isine ora," semambunge Hartono ngandhakake akeh prakara sing mung gumebyar ing tata laire.
Senajan nalika aku dolan menyang Jakarta akeh sing tak weruhi, menyang Taman Impian Jaya Ancol, nonton pameran lukisan, nonton pementasan drama ing TIM, nanging prakara grontol iku isih temangsang ing pikiranku nganti aku mulih menyang desa.
Nalika tak kandhakake marang mbah Yem yen grontol ing Jakarta saporsi  Rp 2.000,- mbah Yem meneng wae. Nanging bareng tak kandhakake yen grontol sing tak pangan ing Jakarta rasane isih kurang empuk, mbah Yem nanggapi yen nggodhog grontol iku kudu taneg temenan.
"Nggodhog grontol iku suwe, Ru," tembunge mbah Yem sing kulina ngundang Ru marang aku. Ora beda kaya wong-wong umume ing dhaerahku, kulina ngundang mengkono marang wong sing dadi guru." Nggodhoge nganggo dicampuri enjet ben gampang medhuk, gampang mbegrok. Terus dikumbah merga isih ndadak diedang maneh ben keset. Cekake, wis ta, jan ngentekake kayu tenan. Klapane ya milih sing sedhengan, sing semanten. Nek klapane ketuwan, rasane ya presak. Klapa kenomen ya gak mathuk, diparut ya gembel."
"O, ngaten nggih?"
"Nek aku sing dodol, kulite cikal ya tak kerok sik, ben dadi parutan sing putih, resik, sing tuku seneng."
Tak takoni, sedinane yen dodol entek pirang kilo, wragade pirang ewu, bathine pira? Wangsulane, sedinane entek telung kilo, wragade Rp 2.500,- Bathine Rp 1.250,-
"Godhonge ra tak etung, Ru, wong mek saka kebone dhewe. Uyahe ya gak tak reken, wong uyah ming saimit ae," semambunge mbah Yem sing wis 15 taun dodolan grontol ing bango cedhak kantor kecamatan.
Bangone kanthi cagak pring, payone saka kepang digapit, ana meja cilik kanggo dhasar. Saka wis lawase, bangone katon dhoyong lan payone nggegregi. Dening Camat anyar, bangone mbah Yem disingkirake jalaran dianggep ngrusuhi sesawangan.
"Aku dikon ngalih ra pa-pa, Ru.  Gela ya ora wong pancen dudu lemahku. Malah olehku manggon ing kono ya saka karepe Kaji Mansur, sing duwe lemah, nalika kantor  camatan durung dielih mrono."
"Lajeng, sadeyan teng pundi?"
"Ya dodol maneh nyang pasar kaya biyen, Ru. Mlaku satitahe karo ider turut ratan."
Dodolan menyang pasar kudu mlaku watara telung kilometer lan ditarik sapon Rp 100,-  Mangka bathi Rp 1.250,- iku isih dielong kanggo nggawakake jajan putune. Ora ana wong lanang sing rerewang golek butuh jalaran mbah Yem sing wis umur 60 taun iku kari urip ijen karo ngrumat putune siji.
"Kaji Mansur methuki aku ing panggonanku dodol. Jane batinku ra mentala, mBah. Ning piye, aku dadi ewuh bareng aku dijawil Camat anyar supaya ngakon ngalih kowe. Ya aja dadi atimu, mBah. Ngono guneme  Kaji Mansur nyang aku. Ah, ya ora ta, Ji. Kok keki nggon ing kene nganti limolas taun, ya aku sing matur nuwun, Ji.  Ngono wangsulanku."
Tangga-tangga padha ngrasani Camat sing dianggep kurang wicaksana iku. Kudune, Camat mernahake menyang endi enggone kudu ngalih dodolan. Ora mung waton nundhung. Utawa aweh pisumbang kanggo ngapiki bangone supaya resep disawang. Yen ora mengkono, patut-patutte, cucul dhuwit kanggo nyangoni.  Pemerintah wae gawe program Inpres Desa Tertinggal kanggo ngentas wong miskin. Ana wong tuwa miskin isih bisa ceceker nyambut gawe malah digurak tanpa pamrayoga, ngono swarane tangga kiwa-tengen. Sing gelem cucul dhuwit malah Kaji Mansur, nyangoni mbah Yem  Rp 10.000,-
Aku dadi kelingan rembuge Hartono ngenani bungkus, akeh prakara sing mung gumebyar tata laire. Camat anyar sing sarjana penuh iku, kira-kiraku ya mung apik bungkusing awake. Klambi seragam apik, nganggo lencana bunder gambar garudha ing sak klambine kiwa, tumpakane sedhan. Nanging aku banjur ragu marang enggonku kesusu nacat Camat anyar iku, jalaran kanggo nyimpulake budine uwong ora bisa mung saka saweneh kedadeyan. Apa maneh mung kedadeyan sepele.
Pancen mung sepele, wiwitane.
Mung perkara grontol, kedawa-dawa dadine.   

mBah Yem tak impekake dodolan grontol ing Jakarta,  mentas dirubung kuli-kuli bangunan. Enggone dodolan cedhak lestoran mewah sing nate taktukoni grontole karo Hartono.

"Laris, mBah?"

"Ya, Ru."

"Trima sarapan grontol, Mas. Ngirit,"  tembunge saweneh kuli sing isih nongkrong mangan grontol ing ngarepe bakule.

"O, nggih, mangga."

"Pripun nek mboten ngirit, wong yatrane dientosi anak-bojo  sing teng nggriya, " semambunge kuli iku.

Ana bocah wadon mara, tuku grontole mbah Yem. Akeh olehe tuku, diwadhahi tas kreseg. Sapungkure bocah wadon iku, mbah Yem kandha yen bocah iku saben dina ijlig nukoni grontole. Sedinane, sethithike, rambah kaping lima enggone tuku. Satukonan nganti nem tum, wolung tum.

"Lho, lho...!" Aku njomblak jalaran aku weruh yen bocah wadon iku pembantune lestoran mewah kuwi.
"Nek ngoten, grontol  king sampeyan terus disade malih teng lestoran mriku, mBah."

"mBuh diedol maneh, mbuh dipangan  sakancane, aku ra ruh, Ru," wangsulane karo senthak-senthuk marut klapa. Uyah lembut kanggo asin-asin isih tetep diwadahi cangkir puthul.
"Ing Jakarta kene saktum kepeksa takdol pitung puluh lima, Ru. Lha piye, ing kene  kayu larang. Seje karo ing ndesa, bisa iprik-iprik dhewe. Godhong barang ya tuku. Nek uyahe isih  ora takreken, wong uyah saimit ae."

"Sampeyan dipinteri lestoran niku, mBah. Cetha niku. Nek lare estri niku wau tumbas grontol malih, regine mang-undhakke. Satum satus seket napa kalih atus ngoten, wong grontol king sampeyan disade awis."

Bocah wadon sing  tak rasani, muncul maneh. Tuku grontole mbah Yem maneh karo nggawa tas kresek.

Langsung tak dumuk, "Diedol maneh ya, mBak?"

"Nggih. Timbang repot-repot ndamel. Kalih mbantu mBah niki, cepet telas grontole."

"mBantu sing apik maneh, ngene mBak, carane..." semambungku isih panggah ngoko jalaran umur-umurane bocah wadon iku padha karo umure anankku mbarep, 20 taun.
"Sampeyan matur, Bosse, yen saktum saiki regane rong atus. Kareben mbah Yem iki mundhak pengasilane."

"mBoten ah. Mengke kula sing dikinten nyathut. Nek  kula dipecat, napa mBah niki saged mbantu kula?"

"Ckk, ora sah ngono, Ru," semaute mbah Yem karo kruwas-kruwes ngetumi grontol.

"Utawa ngene, padha untunge. Sampeyan matur saktum rong atus, ning mbayare nyang mbah Yem iki mung satus seket," tembungku isih mbacut.

"mBoten ah, kula ajrih."

"Ora Ning, ora. Mung guyon iku. Saktum isih tetep pitung puluh lima, Ning," semaute bakule karo nglebok-nglebokake tum tuman grontol  menyang tas kresek.

Aku gedheg-gedheg. Nalika ditundhung Camat, tangga-tangga dadi umyeg ngrasani Camat, mBah Yem malah ayem wae, kaya ora butuh ngrasani ala marang wong sing nundhung dheweke. Saiki, tak rewangi mikir supaya pengasilane mundhak, emoh-emoh. Genah yen mbah Yem ora nduweni jiwa bisnis. Uyah karuwan tuku, ora direken, jare mung uyah saimit wae.

"Sampeyan dipinteri kok ora krasa."

"Ah, ya ora, Ru. Wong ya tuku-tuku tenan. Ora mblithuki aku. Saktum pitung puluh lima wis regane. Aku wis oleh bathi."

"Ning bathi sampeyan namung pinten?  Mriku sing ora rekasa nggawe, mung ngliyerake thok, bathine sathapruk."

"Ben, Ru. Pancen wis rejekine kono. Kabeh wong nduwe pandum dhewe-dhewe."

Atiku kejawil, malah aku sing kaya dituturi. Jare mbah Yem, urip ora perlu ngangsa, mundhak kemrungsung.


Sateruse, aku tangi gragapan, sikilku digeret sisihanku merga njaba wis padhang.  Lawang ngarepan malah wis dibukak dening anakku Ninong sing sekolah ing SMP. Aku terus metu menyang latar, ngongkak-ngongkek bangkekan ing hawa esuk kang seger. mBah Yem sing mentas tak impekake tharik-tharik, liwat ngarep omahku karo nyunggi tampah lan nggendhong rinjing.

"Bidhal, mBah?"
" Ya, Ru. Golek sega sakpulukan."

(
Kepacak ing majalah  Jaya Baya,  No. 48, tanggal 28 Juli 1996 )

Kapethik saking :
Cerkak Djajus Pete

CERKAK (15)
ENTUT

So­lém­an lung­gúh dhê­lóg-dhê­lóg ånå íng tri­tis­an omah. Dhè­wèké nya­wang ka­han­an íng njå­bå kang wís san­så­yå pê­têng. Ka­bèh pun­thúk lan gu­núng sak ki­wå tê­ngê­né dé­så ka­tón irêng bê­ba­rêng­an ka­ro srê­ngé­ngé kang wi­wít ang­slúp. So­lém­an un­jal am­bê­gan bo­la-ba­li.
”Adús dhi­sík, kang!”
Kê­pru­ngu suå­rå wóng wa­dón så­kå njê­ro omah. Ora su­wé ban­júr mê­tu wóng wa­dón mau ka­ro nggå­wå bè­ri kang ndhu­wu­ré ånå sak cang­kír tèh pa­nas lan sak pi­ríng po­húng gódhóg. Bè­ri sak isi­né di­sè­lè­ha­ké ånå íng mé­jå cê­dha­ké So­lém­an lung­gúh.
CERKAK (14)
KEBACUT

Isíh ésúk Baskóró wís macak mlithit.  Nganggo clånå jéan,  hèm lórèk  sêpatón kèts karo nyangkíng kaméra digital. Barêng  diråså wís cukúp nggóné dandan têrús mêtu nyandhak stang sêpédha mótór síng wís siap nèng latar. Ibuné barêng ngêrti anaké arêp budhal énggal-énggal mlayóni.”Kók ésúk mên olèhmu budhal, arêp nyang ndi tå lé?”
kebacut-1Baskóró njagang sêpédha mótóré karo njawab: “Arêp nyang Gunúngrêjó Bu, ndêlók lokasi SD síng arêp tak garap. Aku arêp nandangi garapané Pak Riyantó síng mênang lêlang proyèk réhab SD”.

Sabtu, 28 Januari 2012

 Cerkak ( 13 )

Katresnan  facebook


Majuning jaman prasasat datan bisa dibendung. Nek jare wong saiki sinebut globalisasi. Globalisasi dhewe, saumpama dijarwakake nganggo basa Jawa yaiku tansaya sumpeg lan rupake alam donya iki merga majune teknologi kang anjrah engga tekan karang padesan. Nadyan papane adoh nanging krasa cedhak krana  teknologi kang wis maju mau.
katresnan-facebook-1Coba dipenggalih, rong puluh taun kepungkur yen wong kepengin omong-omongan karo anake sing manggon ana Jakarta gelem ora gelem kudu mara mrana. Utawa suwalike, si anak kudu bali me­nyang lemah kelairane. Kamangka, omahe ana Yogya. Ateges jarak antarane Yogya-Jakarta klebu adoh, sak ora-orane butuh ragad sing ora sethithik. Upama ke­pengin cepet bisa caturan, saranane liwat tilpun ing wartel.
Cerkak ( 12 )

gela


Isih unjal ambêgan barêng kumbahan síng pungkasan rampúng diucêk. Sabún buthêk tilas kumbahan disuntak, diganti banyu rêsík kanggo mbilasi. Nêngah-nêngahi mbilasi, Asíh kèlingan wêlingé ragilé mau ésok, sadurungé mangkat sêkolah.
"Aku gawèkna kolak yå, Mak," mêngkono panjaluké.
"Iyå," wangsulané Asíh cêkak.
Kèlingan panjaluké anaké kuwi, Asíh ora nêrúsaké anggóné mbilasi. Mumpúng isíh ésok gagé ngadêg saprêlu blånjå kanggo gawé kolak. Ranti, ragilé kuwi, wiwít cilík angèl mangan. Awaké cilík. Tujuné kók isíh gêlêm módót, dadi ora kalah dhuwúr karo sabarakané. Mulå Asíh kêrêp nuruti yèn Ranti njalúk digawèkaké panganan.
Cerkak ( 11 )

Tamu kang pungkasan

Lakuné dinå rumangsaku cêpêt bangêt, wêktu sêwulan síng diidinaké såkå pêmêrintah rumangsaku lagi dhèk wingi, nangíng ngêrti-ngêrti kari sêdinå iki.
Dinå sésúk aku lan kåncå-kåncå sak profèsiku gêlêm ora gêlêm kudu ninggalaké panggónan iki, yå panggónan ålå síng dadi mungsuhé masyarakat síng kêpéngin uripé slamêt donyå lan akhirat.
Pancèn wiwitané aku ora sêngåjå mlêbu papan èlèk síng diarani lokalisasi, nangíng kabèh amargå kêpèpèt kahanan, biyåså... masalah klasik síng diadhêpi pawóngan síng uríp íng padésan, kurang pangan lan sandhang lan ora kuwat ngadhêpi sanggan uríp, gèk kamóngkó síng jênêngé golèk pênggawéyan iki angèlé jan ngêpól tênan.

KAPETHIK SAKING KI-DEMANG.COM
18-nglegena-taling-tarung-layar
18-pasangan-nglegena-taling-tarung-layar
KAPETHIK SAKING KI-DEMANG.COM
17-nglegena-taling-tarung-cecak
17-pasangan-nglegena-taling-tarung-cecak

KAPETHIK SAKING KI-DEMANG.COM
16-nglegena-layar
16-pasangan-nglegena-layar

KAPETHIK SAKING KI-DEMANG.COM
15-nglegena-cecak
15-pasangan-nglegena-cecak

KAPETHIK SAKING KI-DEMANG.COM
14-nglegena-pepet-layar
14-pasangan-nglegena-pepet-layar

KAPETHIK SAKING KI-DEMANG.COM
13-nglegena-pepet-cecak
13-pasangan-nglegena-pepet-cecak

KAPETHIK SAKING KI-DEMANG.COM
12-nglegena-pepet
12-pasangan-nglegena-pepet

KAPETHIK SAKING KI-DEMANG.COM
11-nglegena-taling-tarung
11-pasangan-nglegena-taling-tarung

KAPETHIK SAKING KI-DEMANG.COM
10-nglegena-taling-layar
10-pasangan-nglegena-taling-layar

KAPETHIK SAKING KI-DEMANG.COM
09-nglegena-taling-cecak
09-pasangan-nglegena-taling-cecak

KAPETHIK SAKING KI-DEMANG.COM
08-nglegena-taling
08-pasangan-nglegena-taling

KAPETHIK SAKING KI-DEMANG.COM
07-nglegena-suku-layar
07-pasangan-nglegena-suku-layar

KAPETHIK SAKING KI-DEMANG.COM
06-nglegena-suku-cecak
06-pasangan-nglegena-suku-cecak

KAPETHIK SAKING KI-DEMANG.COM
05-nglegena-suku
05-pasangan-nglegena-suku
KAPETHIK SAKING KI-DEMANG.COM
MATUR SUWUN SANGET
04-pasangan-nglegena-wulu-layar

Jumat, 27 Januari 2012


Kapethik saking ki-demang.com
03-nglegena-wulu-cecak
03-pasangan-nglegena-wulu-cecak
Kapethik saking ki-demang.com
02-nglegena-wulu
02-pasangan-nglegena-wulu
Kapethik saking ki-demang.com

01-nglegena

01-pasangan-nglegena

24-nglegena-cakra-suku-cecak

24-pasangan-nglegena-cakra-suku-cecak

48-nglegena-pengkal-taling-tarung-cecak

48-pasangan-nglegena-pengkal-taling-tarung-cecak
CERKAK ( 10 )

TRESNA IKU WUTA


Ahad esuk jam 06.00 aku wis ngenteni Ani ana sangarepe Warung Nasi Praja. Warung iku dhewe isih tutupan. Aku kangsen karo Ani ke­temu jam 06.15. Mripatku manther nya­wang mangalor. Nyawang gapurane Kampusku sing sedhela maneh arep dak­tinggal.
Tepungku karo Ani, sing jeneng wu­tuhe Ani Siswati Laksitorukmi patang taun kepungkur. Melu bareng tes mlebu kam­pusku ing Bale Diklat Srondol. Wektu se­mono jam 3 sore. Aku diprentah panitya nindakake tes urine. Mesthi bae aku kudu pipis ana toilet. Ning wektu semono aku durung kebelet pipis.
tresna-iku-wuta-1“Heeh omahmu ngendi mas?” Aku kaget amarga gegerku digablog wong saka mburi nalika aku lagi mangu-mangu arep mlebu toilet apa ora. Bareng dak­inguk jebul bocah wadon sing padha-padha lagi melu tes. Praupane pancen ayu, kewes, mranani. Wektu iku nganggo klambi ndhuwuran putih, roke biru. Weruh bocah ayu, penyakitku sing seneng nggodha lan seneng iseng kumat.
CERKAK ( 9 )

BUDHE PAINI



Kenalku wiwit ana omah kontrakan ndhisik. Omahe ing sisih burine omah kontrakanku. Yen esuk dodol blanja, yen awan dodolan rujak. Aku kadhang blanja ing kono. Kala-kala aku uga merlokake tuku rujake, yen pinuju ora masak. Olehe ana kono luwih dhisik tinimbang aku. Aku melu-melu ngundang Budhe Paini, kaya wong wong blanja liyane.
Sanajan mburi omahku, nanging seje RT. Dadi srawungku mung winates dol tinuku blanja lan rujake. Ora luwih. Mula aku kaget nalika sawijining awan sisihanku kepengin rujak, lha kok omahe kothong.
budhe-paini-1“Pindhah, Bu Guru,” jarene Lik Nah, tanggane.
“Pindhah dhateng pundi?” pitakonku.
“Dhateng sabin. Ndamel griya teng mrika”.
CERKAK ( 8 )

Tresnaku ora mung janji

Sejatine aku paling ora seneng kuliyah ing dina Setu. Apa maneh mata kuliyahe mbaleni merga semesther kepungkur durung lulus. Tam­bah nyebelake maneh yen ketemu dhosen sing paling killer…. wah dadi boring, jenuh, ngantuk campur isin merga dadi sakelas karo mahasiswa semsether ngisorku. Sejatine aku pengin kuliyah ing Jurusan Politik nanging dening almarhum bapak ora kepareng.
tresnaku-ora-mung-janji-1Bapak ngersakake aku kuliyah ing Jurusan Pendidikan Bahasa Indonesia. Wiwitan kuliyah rada sebel nanging suwe-suwe dadi seneng lan tambah mongkog merga nyawijine Jurusan Basa Jawa dadi Jurusan Pendi­dikan Bahasa, Sastra Indonesia dan Daerah. Sanajan sok-sok diece dening jurusan liyane nanging aku sakanca kudu bisa mbuktekake yen Jurusan PBSID ora kalah unggul.

  CERKAK ( 7 )

Nasibe tini


agéyané isíh kåyå bocah cilík, tindak-tanduké isíh kåyå bocah umúr pitúng taún.
Nganggo sayak abang, rambuté dikucír, karo ndhêkêp bonéka.
Mlayu jênthat-jênthít ngêtútaké cah-cah cilík dolanan.
Såpå waé síng nyawang dadi mèsêm lan gèdhèg-gèdhèg.
Åpå tumón cah gêdhé amór dolanan karo cah cilík?
  CERKAK ( 6 )

Katresnan sejati ora teka bola-bali


Katresnan Sejati Ora Teka Bola Bali atrêsnan iku pancèn naté ånå.  Råså iku pancèn naté dak rasakaké. Aku ora bisa sélak… Aku ora bisa ngapusi atiku… Dhúh Gusti nyuwún pangapuntên déné raós punika taksíh njanggêt wóntên manah kulå íngkang ringkíh.
“Dhík Santi, kapan têkamu…? Aku kók ora dikabari yèn sliramu arêp têkå…?” pitakóné nalikå wêrúh aku nèng dalêmé Budhé, yå Ibuné mas Pramónó.
katresnan-sejati-1“Lagi waé kók mas ….kirå-kirå sakjam kêpungkúr”.
“Åpå karo garwamu? Ndi aku péngín kênalan. Pas sliramu dadi mantèn kaé aku ora biså jagóng, amargå tugas nyang luwar Jawa”. Mas Pram gagéyan mlêbu omah nggolèki bojoku …. nangíng nganti mubêng-mubêng ora kêtêmu.

CERKAK ( 5 )

Layang cekak


Layang Cêkak yóh, Kang, iki bayarané. Sênèn sésúk kowé sakkanca-kancamu lèrèn dhisík anggóné gawé tahu lan témpé,” mangkono pratélané Marjuki, juragan tahu témpé, karo ngêlúngké dhuwít pangaji Rp 90.000.
Kang Darman langsúng nåmpå dhuwít síng dilúngké juragan Marjuki. Kang Darman plênggóngan lan bingúng ora mudhêng karêpé juragan Marjuki kanthi ukårå ngono mau.

“Hla, wóntên nåpå tå, Juragan, kók bénjang Sênèn prèi?” Kang Darman nggênahaké.

“Ngéné lho, Kang, wiwít Sênèn pabrík ora biså nggilíng dhêlé manèh. Amargå rêrêgan dhêlé dhuwúr bangêt, “ mangkono Marjuki njlèntrèhaké kanyatan síng diadhêpi marang Darman síng isíh katón bingúng.
 
CERKAK ( 4 )

KATRESNAN KANG NGREMBUYUNG

Katresnan Kang Ngrembuyung ku nyawang botol ing tangane sisihanku. Rada suwe anggonku ngiling-ngilingi. Sawise nyeleh tas ana meja, aku nyedhak. Tutup botol dibukak, banjur diambu.
“Botol apa, mas?” pitakonku.
“Jamu. Saka kyai,” wangsulane.
“Jamune sapa?”
Sisihanku nyawang aku, banjur nyekel botol iku maneh.
“Wingenane aku diajak Pak Sarip golek tamba, kanggo awake dhewe iki. Ikhtiyar, karepku. Njur iki mau jamune dikirim. Nanging kok ngene?”
katresnan-kang-ngrembuyung-1Aku melu ngambu. Irungku nyungir. Botol dak cekel, dak golang-goling. Isine katon butheg banget, lintreg-lintreg!
“Wis, ora susah diombe. Dibuwang bae! Mengko malah marahi murus!” kandhane.

CERKAK ( 3 )

SINDEN

Mangkeling mangkel, ora kaya wong lagi pegel. Gelaning gela, ora kaya diblenjani tresna. Ora perduli bagus apa elek, ora perduli pinter apa bodho, Kabeh sami mawon. Jas bukak iket blangkon, sama jugak sami mawon. Mengkono uga Anjasmara. Mripate kelop-kelop, nyawang eternit sing ana ndhuwure peturone. Jane arep nyawang usuk, ning kaling-kalingan eternit. Dadi sing disawang mung eternit. Kang gambarane endah edi, kaya ukir-ukiran. Dhek wingi yen disawang katon edi peni, ning saiki kok ora. Dhek emben sawangane nggemesake ati, ning saiki kok mboseni. Anjasmara melek ora turu nanging atine bingung uleng-ulengan. Kepiye anggone ora, nduwe pacar siji wae nglungani ati.
CERKAK (2)

KATHOK KODHOK
Dening : Tangkisan Letug

Ponakanku sing cilik dhewe lagi nangis. Tangise ora kaya biyasane. Iki gawe jengkele ibune sing lagi sibuk nyiapake mulang. Bojone durung mulih saka nyambut gawe. Dene anak-anake liyane wis padha mlebu neng kamare dhewe-dhewe, njekut sinau nyiapake ujian komprehensif.
"Kang Letug, tulung ya, dijaga anakku iki. Dineng-nengi ben ora ngganggu. Aku jan lagi buneg tenan lho." Panjaluke adhiku wadon iki.
"Ya, dak neng-nengane." Aku banjur mlaku nyedhaki ponakanku sing umure durung ana limang taun.
"Udah yah...Mama sedang sibuk tuh. Kan kasihan kalau adik nangis terus.." Aku omong nganggo basa Indonesia.

Kamis, 26 Januari 2012

CERKAK ( 1 )
 Bu Guru


Yen ing kampungku ana jeneng Bu Guru, sing dimaksud mesthi Bu Warsini garwane Pak Marno. Bu Warsini ora dadi guru, nanging dadi bojone Pak Marno sing dadi guru SD. Malah Bu Ratmi, Bu Jamilah sing ngasta dadi guru wae ora diundang tau Guru. Undang-undangane ya mung Bu Ratmi, Bu Jamilah ngono wae. Semono uga Bu Tarmi lan Bu Kasmi sing kakunge uga ngasta dadi Guru, undang-undangane ya ora Bu Guru, nanging mung Bu Tarmi lan Bu kasmi ngono wae.


Dadi yen ana wong ngomong Bu Guru, sing dikarepke mesthi Bu Warsini iku. Amarga ing kampungku sing dadi guru dhisik dhewe ya mung Pak Marno sing saiki wis pensiun iku. Senajan Pak Marnowis pensiun, Bu Warsini isih tetep diundang Bu Guru.

Rabu, 25 Januari 2012

Carita Aji Saka

Carita Aji Saka iku nyritakaké Aji Saka saka India sing mara ing Tanah Jawa. Banjur Aji Saka ngarang urutan aksara kaya mengkéné kanggo mèngeti rong panakawané sing setya nganti pati: Dora lan Sembada. Loroné mati amerga ora bisa mbuktèkaké dhawuhé sang ratu. Mula Aji Saka banjur nyiptakaké aksara Hanacaraka supaya bisa kanggo nulis layang.
Aksara Hanacaraka jenenge dijupuk saka urutan limang aksara wiwitan iki sing uniné "hana caraka". Urutan dhasar aksara Jawa nglegena iki cacahé ana rongpuluh lan nglambangaké kabèh foném basa Jawa. Urutan aksara iki kaya mengkéné:
"Hana caraka" tegesé "Ana utusan"
"Data sawala" tegesé "Padha garejegan"
"Padha jayanya" tegesé "Padha digjayané"
"Maga bathanga" tegesé "Padha dadi bathang".

Tanda-tanda Baca (pratandha)

Pratandha.png