CRITA WAYANG ( 4 )
RAMA PARASU
“ NALIKA RAMAPAEASU KAPANGGIH KANG SINEDYA ”
Saka ing pawarta kang binandhung ing
karna, akeh pawongan kang nyebutake kalamun Sang Harjuna Sasrabahu
jengkar saka praja, ngrabasa prang marang Negara Alengka Diraja amung
katindakake pribadi. Saweneh pawarta nyebutake lamun Sang Prabu tedhak
cangkrama ngupadi ing ngendi dununging putri kang kena kinarya liru
wujuding Dewi Citrawati kang wus surut ing kasidan jati.
Dene para pandita kang tinakonan dening
Sang Ramaparasu nanjihake, menawa Sang Prabu wus tan kersa andedawa
nyecep memanising jagat, mula Sang Prabu mahas ing asamun madeg
pandhita. Nanging tumraping Para Pujangga lan Para Satriya, ora saruju
marang pinemu kang mangkana. Pinemune, Sang Prabu tindak ngupadi ing
ngendi papan dununge kembang jagad kang kena kinarya liru wujuding Gusti
Ratu Citrawati.
Karana pawarta kang kaprungu tan ana kang
gumathok, mula pepuntoning tekad, Sang Rama Parasu nedya ngupadi dhewe
ing ngendi papan lan paran dununge Prabu Harjuna Sasrabahu. Sakupenging
negara kang wewatesan marang Negara Maespati wus kemput kinubengan.
Nanging tan kapanggih apa kang sinedya. Wusanane Sang Ramaparasu
nyabrang wana gung nedya kundur mring pertapane ingkang rama, nedya
ngangin-angin pawartane ing ngendi sayekti Prabu Harjuna Sasrabahu
dedunung. Lamun wus pinasthi ing mengko, Rama Parasu bakal anyusul
marang paran kang gumathok.
Nanging ing tengahing marga, sedyane kang
sakawit nulya kajabel. Jroning driya ana rasa panulak, lamun kondura
marang pertapan, ing kana malah saya kandel wewayangan peteng kang
nglelimput. Wewayangan sedaning kanjeng ramanira, crita dhuhkita kang
matumpa-tumpa tumiba marang kang ibu lan para kadange, bakal bali
lumayang ing telenging pangangen-angen. Meksa Sang Rama Parasu jumangkah
separan-paran amung ngetutake tindaking suku lan kedheping netrane.
Mangkana wus ndungkap tri ari nggenira
Sang Rama Parasu jumangkah anginjeng tanpa sotya, greget osiking pikir
nutuh jroning pangangen-angen.
“Salawase ingsun durung nate wruh citra
wewujudane Prabu Harjuna Sasrabahu. Kepriye anggonku ngawruhi sapa kang
aran Prabu Harjuna Sasrabahu? Apamaneh Sang Prabu Harjuna Sasra anggone
tindak jengkar saka praja kanthi tindak sesingidan. Kuwi padha kalawan
tindak kang ora kersa kawuningan dening sak sapaa …..”
Dangu Sang Rama Bargawa tan ana mosik,
kang ana jroning cipta amung angesthi marang paran dununge pawongan kang
sinedya. Jenggirat nyat Sang Rama Parasu tumuju marang puntoning
pamikir.
“Ya ! ing kene papan dununge! Menawa Sang
Prabu Harjuna Sasrabahu tetela panjalmaning Bathara Wisnu. Mesthine tan
bakal bucik kulite menawa kataman wadung lan panahku Bargawastra!
Saka pamikir kang wus gumathok, sigra
cinandhak sinandhangan panah lan wadung kang duk nalika samana wus
mbrastha para satriya kang cacahe bebasan tanpa wilangan. Sapa ngerti
lamun ana sawijining satriya kang kuwawa nadhahi kemandene panah lan
wadung kang tetela wus gubras ludira saka pangamuke duk nalilka samana.
Kacarita, ingambalan Sang Rama Bargawa ngamuk punggung. Dwidasa, tegese
rongpuluh cacahing satriya kang tumekaning tiwas jroning catur ari.
Kocap, nalika samana nuju Sang Rama
Bargawa sumendhe ing kekayon saka lungkrahing sarira, keprungu ana
kumreseking pang gapuk kang kapidak, karya kagyating tyas Sang Rama
Parasu. Gya menyat saka palungguhan, mrepegi ing ngendi papan pawongan
kang kumawani akarya osik .
Saksana Sang Bargawa ngematake sakupenge,
tan sisip paningale Sang Bargawa lamun ana satriya kang dumunung ing
sakupenge katitik ana pang kang kaprapal dening warastra lan ana tabet
jangkahing manungsa.
Sangsaya katarik jangkahira tumuju marang
tabeting jejangkah, sanalika katon ana satriya kang menthang gendewa.
Titi patitis olahing warastra satriya kang katon, tan ana sawiji kang
karya rangu, menawa satriya kuwi dudu darajate wong aceplik. Sakala Rama
Bargawa ngadhang dedalan kanthi ulat kang wengis.
Kagyat gora wekasan raja sinatriya kang
tetela iku Prabu Harjuna Sasrabahu. Sang Prabu kang jengkar saka praja
wus andungkap sawatara candra tanpa ana kang sinedya. Gempung lan
puteking nala tan prabeda kaya dene kang sinandhang dening Sang Rama
Parasu.
Nyata Sang Harjuna Sasrabahu tan prabeda
sedyane kalawan Sang Rama Parasu, kang nedya angulati ing ngendi papan
dununge pawongan kang dadi panuksmaning Bathara Wisnu. Sang Prabu uga
wus ana puntoning galih, lamun ing ngendi ana pawongan kang keduga
nadhahi Senjata Cakra, ya kuwi pawongan kang dadi titising jati Bathara
Wisnu.
Jalma kang darbe tunggal karep, saksana wus ayun ayunan!
####
Kacarita, mesem jroning wardaya Prabu
Harjuna Sasrabahu natkala ingadhang dening pawongan kang pangawak sarwa
sembada. Jroning driya tan samar lamun wus kapanggya kang sinedya.
“Heh sapa sira kang wani ngadhang lakuku?!” mangkana amuwus Sang Prabu “Iblis, menungsa apa wewujudaning Dewa?”
Sang Rama Parasu tan bangkit anjejawab,
amung eseming lathi saka bungahing nala. Sakala kekarone padha dene
angulati sarwa mesem.
“Mesthine sira wujuding jalma manungsa, katitik sira ora ilang kenedhepake!” wusana Rama Parasu angunandika.
“Mesthine sira uga sabangsaning manungsa,
katitik ana wewayanganmu kang cumithak ing bantala!” Sang Prabu muwus
tan kena ingasorake.
“ Bagus! Nyata lamun kita darbe pamawas kang ora geseh!”
“Ora luput pamuwusmu!”
“Yoh, kita rerembugan kaya dene patraping
satriya, aja kaya patrape brahmana kang andum wewarah. Tumuli sajarwaa,
sapa sejatine jeneng sira?” mangkana sereng sora amuwus Rama Bargawa.
“Sapa jenengmu heh jalma wanan!? Kalamun
tak umpamane ingsun iki pawongan kang mardhika, iki papan dunungku.
Mula sira kang luwih dhisik sajarwa sapa aranmu, kaya kalumrah patrape
tetamu teka ing papan panggonanku!” Mangkana Prabu Harjuna Sasrabahu
lumuh ingasorake.
“Iya, yen kowe lumuh ingasorake, mara
tilingana. Asalku saka pertapan satengahing wana gung. Ingsun putra Resi
Jamadagni kang wuragil. Jenengku Rama Parasu. Apa sira durung nate
wanuh marang kang awujud Rama Parasu ya Rama Bargawa?”
Sakala kagyat Prabu Harjuna Sasrabahu.
Tan ana pangira sawiji wiji dene samangke wus ayun-ayunan kalawan kang
aran Rama Parasu. Pawongan kang wus kentar tandange wiwit saka mangsa
kalane isih timur. Nalika maksih dadi pangeran pati. Sakala sigra Prabu
Harjuna Sasrabahu lilih patrape, gya ingacaran lungguh Sang Rama Bargawa
ing oyoting kekayon. Mangkana pangandikane aris.
“Ooh . . . apuranen jeneng ingsun! Tan
ana ngira dene jengandika Sang Satriya Pinandhita kang wus kawentar ing
jagat. Nama jengandika wus kasusra dadi sawijining dedongengan kang tuhu
anggegirisi, keprungu wiwit saka mangsakala aku isih awujud bocah. Ora
ngira lamun Dewa kepareng darbe kersa nepungake lawan jengandika Sang
Rama Bargawa kang kasusra ing salumahing bhumi sakureping langit!”
“Yen saiki wus ngerti sapa sejatine aku,
saiki sajarwaa sapa sejatine sira iku?” Maksih kanti ati kang kabranang,
mangkana pangandikane Rama Bargawa.
“Jengandika bakal kuciwa lamun mengerteni sapa sejatine ingsun. Aku Harjuna Sasrabahu tilas raja ing Maespati”
Sakala geter Sang Rama Bargawa. Bungahing
nala kaya dene kebrugan wukir sari. Jroning cipta kaya alunjak-lunjak
dene wus kapanggih kang den upadi. Nanging meksa maksih ana sesa
cubriya, iya yen iki bener kang ingaran Prabu Harjuna Sasrabahu. Sakala
kabranang sarwa amuwus, Rama Bargawa.
“Heh pawongan kang ngaku Prabu Harjuna
Sasrabahu raja kang gung binathara. Raja kang wus kasusra dadi
panjalmaning Bathara Wisnu. Aja sira nindakake pakarti cidra. Aku lumuh
lamun ingapusan, sanajan ta dening anaking dewa Yama aku ora rila!!”.
“Aku sajarwa apa anane. Lamun andika nate
midhanget ceciri ing saranduning awakku, mesthi aku kadunungan. Lamun
andika sumurup marang apa kang dadi piyandel kang awujud senjata Cakra,
aku bakal anudhuhake. Ingsun uga lebda angudhar carita sakabehing bab
kang ana gegayutane marang prajaku, kawulaku, garwa prameswariku uga
pepatihku kang sudibya ing pupuh. Nanging ana bab kang ora sarju marang
pangandikane jengandika. Dene jengandika anyebut menawa ingsun kasebut
panjalmaning Bathara Wisnu!?”
“Ingsun nate krungu pawarta, manawa sira
nate ngrabasa prang lumurug lumawan Raja ing Alengka, Prabu Rahwana
Raja. Mara critanana supaya ingsun percaya marang sejatine sira kang
ngaku Prabu Harjuna Sasrabahu!”.
“Yoh Sang Satriya Pinandhita, aku bakal minangkani pamundhutmu supaya lega lan percaya marang jati dhiri jenengingsun”
Ramaparasu saksana tumungkul ngreka
pitakonan kang bakal katujokake marang satriya ing ngarsanira. Mangkana
pangandikane sawusnya tidhem sawetara.
“Sapa pepatih ing negara Maespati, lan turun sapa?”
“Patihku aran Bambang Sumantri ya Patih
Swanda. Dene kang ramane aran Resi Swandagni” cukat Prabu Harjuna
Sasrabahu jejawab kanthi esem kang kumambang ing lathi. Nuli Prabu
Harjuna Sasrabahu anerusake.
“Resi Suwandagni kagungan putra loro
cacahe. Kang waruju aran Sumantri dene kang wuragil aran Sukrasana.
Wewujudan sakarone kaya dene bumi lan langit sakumpamane. Sumantri darbe
wewujudan pekik kang warna sarwa sembada. Prawira sekti mandraguna lan
darbe senjata dibya kang ingaran Cakrabaswara. Nanging rayine kang aran
Sukrasana, wewujudane cebol kepati kang wujud praupane kaya dene
raseksa. Nanging Sukrasana sinung ati kang banget mulya.
Miyak kang padha mara seba kang ingaran
Bambang Sumatri nalika samana nuju ingsun nggelar parepatan. Lekase
Sumantri arsa suwita marang jenengingsun. Patrape repepeh-repepeh lampah
dhadhap anorraga kaya sata matarangan bocah mudha kang abebusana sarwa
prasaja kuwi. Ewa samana, prasaja busananing sang apekik, malah saya
angetingalake bregasing sarira. Senajanta ingsun durung wanuh lan durung
andangu kang nembe prapta, nanging jroning driya, ingsun wus krasa
matrenyuh kaduk tresna. Mula sigra gupuh ingacaran praptane nonoman
bagus jatmika kang satindak tanduke datan angilangi ing tata susila.
Marak sebane Bambang Sumantri, bebasan kaya adoh ingawe, senajanta wus
kepara cerak kaya anggung rinaketake.
Mesem jroning atiku saka mulat citrane
kang nembe prapta kang tetela sumunar anglais tejane. Kanthi ririh
ingsun tetanya marang bocah mudha kuwi “Heh bocah bagus kang nembe
prapta. Aja sira nganggep ingsun tumambuh, awit katemben iki ingsun
nyumurupi ing sira. Saka ngendi sira lan apa mungguh wigatine dene
kumawani marak seba ana ing ngarsaku”
“Sinuwun, kula wingking saking pertapan
Jatisarana, atmaja Sang Resi Swandagni, nami kula Bambang Sumantri. Sewu
lepat dene kula kumawantun sumalonong sowan ing ngarsanipun ingkang
sinuwun. Mugi wontena suka lilaning panggalih ,waleh-waleh menapa,
sotaning manah kula badhe suwita, ngenger-ngiyup ing ngandhaping pepada
paduka sinuwun. Senajanta kadadosna pekathik pangariting
suket-pangeroking kudha, sukur bage lamun kula katampi dados tamtamaning
praja”. Sarwi tumungkul amarikelu, Bambang Sumantri umatur patitis
jangkep trapsilane.
“Sumantri, purwa madya wasana wus mboya
karempit aturira. Nanging kawruhana, para pamagangan kuwi kudu
kawuningan luwih dhisik dening patih wasesaning praja yaiku Patih
Surata. Borong kawicaksanan tak pasrahake marang sira, Patih Surata”.
Tumuli ingsun paring aba marang Patih Surata, pepatih kang wus kepara
yuswa, supaya murba marang Bambang Smantri,
Sepi samun nalika tilas Nata ing
Maespati, Prabu Harjuna Sasrabahu, kandheg nggenya medhar carita.
Nanging sawusnya sawatara maspadhaake marang ulate Sang Rama Parasu,
Prabu Harjuna Sasra tumuli tetanya marang Satriya Pinandhita kang maksih
anjenggereng ing ayunan.
“Sang Rama Parasu, apa jengandika maksih
kersa utawa nora bosen midhangetake critaku kang dawa iki?” Sang Prabu
Harjuna Sasrabahu tetanya marang Rama Parasu.
“Tumuli bacutana, ora-orane aku bosen ngrungoke critamu kang gawe sengseming atiku.”. Anjejawab saruju Rama Parasu.
“Sekethi jumurung dene jengandika nora kabotan. Mengkene bacuting critaku”.
Nuli crita kabacutake. Nalika samana Patih Surata maringi katrangan bab repoting Praja Maespati marang Bambang Sumantri.
“Ngger Bambang Sumantri, Awit saka
keparenge gusti ratumu Prabu Harjunasasra. Aku kang tinanggenah
ngrampungi perkara. Ala lamun mbalekake wong kang arsa suwita ing ratu
lan tulus lahir batin duwe karep utama angayahi pakaryaning praja.
Sumantri, wajibe kang arsa suwita ing ratu, sira datan kena
minggrang-minggring nggonira angayahi wajib nyangkul jejibahan, sira
kudu manut setya tuhu miturut sapakon. Sira aja angresula menawa kajibah
ing pakaryan kang abot, sabab pangresula kuwi surasane amung lumuh
ingaran luput. Sira uga aja tumindak cilik anduwa, gedhene andhaga
marang titahing nalendra. Lamun sira tumindak kang mangkana, bakal gedhe
pidananing ratu tumrap marang sira” Sareh Patih Surata amijangake.
“Nuwun inggih gusti Patih. Sedaya atur
paduka Gusti Patih, samendhang mboten wonten ingkang karempit. Sampun
kula tampi jangkep lan sedaya pangandika Paduka Gusti Patih kula pundhi”
“Mangertiya Sumantri, ora sethithik
cacahing nomnoman kang wus nembung nyuwun suwita ing raja. Nanging
Ingkang Sinuwun durung ana wanci kanggo nampa kabeh suwitane, amarga ing
dina kiwari iki, Praja Maespati kaya dene ketaman grahana surya.
Petenging penggalih Prabu Harjuna Sasrabahu ora gampang dipadhangake,
senajana ta dening Dewa angejawantah bebasane”.
“Menapa Paduka Gusti Patih suka paring
katrangan menapa ingkang dados sungkawaning penggalih. Sandeyaning manah
kawula, menawi saged katampi pangengeran kula, keparenga kula ambiyantu
caos pepadhang, angentheng-enthengi bot repot ingkang kasandhang dening
Gusti Prabu Harjuna Sasrabahu”. Mangkana Bambang Sumantri sumambung
atur.
“Sumantri, kalamun sira mengko ditampik,
sira aja ngresula, nanging umpama ditampa, sira aja kaladuk gambira.
Sabab purba ana ing tanganku nanging wasesa dumunung ing astane Sang
Prabu Harjunasasra. Surya kang ketaman grahana ing Maespati bakal bali
sumilak padhang, yenta ana sawijining pawongan kang sembada ngilangake
tri prakara kang kasandhang ing Negara Maespati. Kawruhana angger
Sumantri, dina iki keh para kawula ing Maespati lagya nandang
kasangsayan. Sabab lemah sawah lan pategalan tan ana kang bisa
tinanduran. Lemah kang samau loh, saiki dadi cengkar, nela. Sabanjure
dadi papan pandhelikane ama lan kewan gegremetan kang mawa wisa. Tanem
tuwuh tetanduran gogrog tumuli pusa. Senanjanta tlaga kang samau tirtane
megung, ing wektu saiki sasat asat, tan ana sesa senanjanta amung
sajembaring godhong waru. Kaping pindhone, wasitaning Jawata kang
dumeling ing talingane gustimu Sri Harjuna Sasrabahu, negara bakal pulih
kaya wingi uni, lamun Gustimu Prabu wus keduga amboyongi Putri ing
Magada, Dewi Citrawati” sawetara Patih Surata pedhot aturira sarwi
anyawang ulate Bambang Sumantri. Kang ingulatan hamung tumungkul
amarikelu, yayah konjem ing bantala wadanane.
“Nanging uga sira mesthi sumurup, ing
dina saiki Negara Magada wus kinepung dening raja sewu negara, kang
darbe karep kang padha, yakuwi ngayunake Sang Raja Putri”.
Patih Surata mungkasi wewarah marang
Bambang Sumantri. Katon Patih Surata unjal kang huswa sarwa anyawang
guwayane Bambang Sumantri. Kang kasawang tanggap ing sasmita kalamun wus
paripurna pangandikane Sang Apatih.
Saksana Bambang Sumantri matur kanthi
patrap kang kaladuk cumanthaka, “Nuwun Gusti Patih lan Sinuwun Prabu
Harjuna Sasrabahu, kalilanana kula sumalonong mboten pinarentah anyagahi
angentas perkawis ingkang sampun Gusti Patih angandika-aken. Ingkang
sepisan, keng abdi suka pambiyantu bab bot repoting kawula negari
Maespati. Kaping kalih kula sagah ngwangsulaken para nalendra ingkang
sampun tunggal kersa ngalap dewi Citrawati, angepung Nagari Magada.
Kaping tiga kula angajap, sageda waluya katemahan jati, pepeteng ingkang
ngalimput nagari Maespati, menawi kula saged mboyong sekaring kedhaton
negari Magada, ingaturan dhumateng jengandika gusti kula Prabu Harjuna
Sasrabahu. Andungkap titi wanci menika, keparenga ingkang abdi jumangkah
nuju ing Nagari Magada. Nrenggalangi mengsah, amunah kasektenipun para
nalendra sewu nagari. Perkawis menika sampun ta kagalih awrat. Keparenga
Gusti Prabu lerem wontening praja kewala. Mboten sisah Paduka jengkar
saking praja ngrabasa prang nrenggalangi para nalendra sewu negari. Inggih ta lamun mangke paduka saged unggul ing ngayuda”.
Cuwa rasaku, tyasku kebranang kaya dene
kinilanan pranajaku. Ana swara kaya dene geguntur jumlegur ing akasa
kapireng saka pungkasaning ature Bambang Sumantri kang kaduk wani kurang
duga prayoga. Ingsun gya menyat saka dhampar, lon lonan ingsun
jumangkah ngungkurake Bambang Sumantri. Sarwi sugal pangandikaku marang
Patih Surata anyemoni tingkah pakartine Sumantri kang kasurung rasa
kamudhan kang kebak ing piyangkuh;
Dongeng punika, kapethik mentah
saking Bahasa Indonesia, kaolah mawi bumbu sarwa Jawi, saking kitab
Ramayana, anggitanipun Herman Pratikto. Nuwun sewu Ki Narta, bumbu Jawi
panjenengan kathah ingkang kula angge panyedhep raos)