Sabtu, 10 Maret 2012

Rimbag (Kedadosanipun Tembung)
 
Rimbag jinisipûn kathah sangêt.
1. Rimbag Tanduk:
    punika t
êmbúng ingkang angsal atêr atêr anuswara (suwara irung):

    m, ng, n, ny.
    Rimbag Tanduk wonten 3 warni:
    a. Tandúk Kriya Wantah:        balang – mbalang, gambar – nggambar.    b. Tandúk i kriya:        jalúk – njaluki
        tulis – nulisi
    c. Tandúk ké kriya:
        tuku – nukokaké,
        sapu – nyapokaké.
Cathetan: tuku – nuku, sapu – nyapu


Mênawi aksara wiwitaning têmbung dados sêtunggal kaliyan atér atêr anuswara dipun wastani luluh.
Caranipun Ngudhal Têmbúng:Nyaponi : Lingganipun sapu, angsal ater rater : ny, angsal panambang: i, rimbagipun: tanduk i kriya.


2. Rimbag tanggap:
Tembung Lingga ingkang ater ater tripurusa (dak, ko, di), ater ater ka lan seselan
in, Rimbag tanggap kapérang dados 6 warni:
a.  - tanggap utama purusa tiyang (kapisan)
    - tanggap utama purusa wantah: dak jaluk, dak tulis.
    - tanggap utama i kriya:
dak tukoni, dak pangani    - tanggap utama purusa ké kriya : dak gambaraké, dak lungguhaké
b. - tanggap madyama purusa (tiyang nomer 2)
    - tanggap madyama purusa wantah: kojaluk, kotulis
    - tanggap madyama purusa i kriya:
kotukoni, kopangani    - tanggap madyama purusa ké kriya: kogambaraké, kolungguhaké c. - tanggap pratama purusa (tiyang nomer 3)
   - tanggap pratama purusa wantah :
njaluk, ditulis   - tanggap pratama purusa “i” kriya: ditukoni, dipangani   - tanggap pratama purusa “ké” kriya: digambaraké, dilungguhaké d. - tanggap ka: ater ater ka = di
   - tanggap ka wantah:
kajaluk, katulis   - tanggap ka “i” kriya: kajalukan = dijaluki – katanduran - ditanduri   - tanggap ka “ké” kriya: kajalukaké, katulisaké e. - tanggap na, wujudipun seselan in, tegesipun = di
   - tanggap na wantah:
jinaluk, tinulis   - tanggap na “i” kriya: jinalukan = dijaluk, tinulisan = ditulisi f. - tanggap tarung, tegesipun: pada déné, tulung – tinulung, obong  
     tingobong.
Cathetan:
Panambang “i” wonten ing tanggpan “ka” lan tanggap “na” éwah dados “an”


3. Rimbag Bawa:
Rimbag bawa inggih punika tembung lingga ingkang angsal ater ater: “ké”, “a”, “ma”, “kuma”, “kapi”, lan seselan “um”.
a. - bawa “ka”, wujudipun ater ater “ké”, ateges mboten jarag.
    - bawa “ka” wantah:
kacemplung, kobong saking obong.    - bawa “ka” wisésana: kacemplungan, kobongan. b. - bawa “ha”, wujudipun ater ater “a” lan ater ater “ma”
      akalung, akembang, asikil tegesipun nganggo/duwé.
      Maguru tegesipun golèk ilmu marang.
c. - bawa “ma”, wujudipun seselan “um”: gumantung, gumagus, dumunung,  
      kumenthus.
d. - bawa “kuma”, “kami”, “kapi”, ateges: sing : kumawani, kamigilan,
      kapi-lara.
e. - bawa “ma” tundha, ateges tansah : turun temurun, gulung gemulung. Cathetan: tembung madukun, maguru, asring dipun anggep bawa “ma” dupèh ater ateripun “ma”, punika mboten leres, leresipun bawa “ha”. Kedah dipun bèntènaken antawisipun tembung: - ko-obong = tanggap madyama wantah - ke-obong (kobong) = bawa “ka” wantah - ka-obong = tanggap “ka” wantah


4. Sananta.
Sananta pandapukipun: dak + tanduk + …. “i” ke dak, ingkang ateges
arep. a. sananta dak wantah: dak-njaluk = aku arep njaluk. b. santana dak “i” kriya: dak-njaluki = aku arep njaluki. c. santana dak “ké” kriya: dak-nukokaké = aku arep nukokaké. d. wonten malih sananta dak lan di ingkang ateges arep.    sing: dak sregep, dak meneng, ditaberi, diprayitna.


5. Tandang.
Tandang pandapukanipun: dak + lingga “é” (ané) “né” panambang “é” (ané) “né” ateges
arep. a. tandang dak wantah: dak jupuké = arep dak jupuk. b. tandang “i” kriya: dak jupukané = arep dak jupuki. c. tandang “ké” kriya: dak jupukné = arep dak jupukaké.

  Cathetan: Sananta lan tandang nggadahi teges arep.
Sananta asalipun saking ukara tanduk manawi tandang saking ukara tanggap,


Tuladha: Aku arep nulis layang dhisik – aku dak nulis layang dhisik. Layangé arep dak tulis dhisik – layang dak tulisé dhisik. Wonten ing tandang “é” wantah dados “é” Wonten ing tandang “i” wantah dados “ané” Wonten ing tandang “aké” wantah dados “né”


6. Sambawa.
Tembung sambawa nggadahi teges: sanajan, pengarep arep.
Upama.
Panambangipun “a”, “ana”, “na”.
Sambawa kapérang:

1. Sambawa saking tanduk:    a. Sambawa tanduk wantah: nggawa, conto: lan tegesipun,
       -
nggawa dhuwit arep dienggo apa wong ora ana wong dodol = sanjan.
       -
mbakyu mbok nggawa lading ya, kena dienggo ngoncèki tebu = 
         ngarep arep.

       -
ah, mau nggawaa wacan kena kanggo sambèn ora ndlongop ngéné iki
          = sanjan.
   b. Sambawa tanduk “i” kriya: njalukana.   c. Sambawa tanduk “ké” kriya: njalukna. 


2. Sambawa saking tanggap:   a. Sambawa tanggap wantah : dakgawaa, kogawaa, digawaa.   b. Sambawa tanggap “i” kriya: dak gawanana, kogawakna, digawanana.   c. Sambawa tanggap “ké” kriya: dakgawakna, kogawakna, digawana. Cathetan: 1. Wantah panambang “a” 2. “i” kriya panambang “i” malih dados “ana” 3. “ké” kriya panambang “aké” malih dados “na”


7. Pakon – Préntah.
Rimbag Pakon kapérang:
1. Pakon tanduk:
    a. Pakon tanduk wantah:
nggawaa = akon nggawa.    b. Pakon tanduk “i” kriya: nggawanana = akon nggawani.    c. Pakon tanduk “ké” kriya: nggawakna = akon nggawakaké.


2. Pakon tanggap “ya” pandapukipun: lingga + “é” (an) “na”.
    a. Pakon tanggap wantah:
gawanen= akon supaya kogawa.    b. Pakon tanggap “i” kriya: gawanana = akon supaya kogawani.    c. Pakon tanggap “ké” kriya: gawakna = akon supaya kogawakaké. Cathetan: Wonten ing pakon tanduk: 1. Wantah, panambangipun “a” 2. “i” kriya, panambangipun “i”, malih dados “ana” 3. “ké” kriya, panambangipun “aké”, malih dados “na”. Pandapukipun Sambawa tanduk sami sami kaliyan pakon tanduk, pramila kedah dipun èngeti tegesipun wonten ing ukara. Upaminipun : - ngGawaa dhuwit wong barangé wis entèk = Sambawa
= sanès préntah.
- sésuk kowé nggawaa buku = pakon.


8. Guna:
Guna inggih tembung tembung ingkang angsal panambang “en” nggadahi teges nandang, saking lingganipun.
-
wudunen, gudigen, singunen. Kedah dipun bèntenaken tembung tembung: jupuken, panganen
= pakon tanggap
wantah, koroken, duduken = guna.

  9. Adiguna: Pandapukipun: “ke” + lingga + “en”, ateges leluwihan:
kedhuwuren, kebangeten, kabangen.
Bèntenipun: tembung tembung: kecemplung, kecipratan
= wisésa bawa ka.
- kegedhèn, kepinteran = adiguna.


10. Bawa - Wacaka:
Pandapukipun “ka” + lingga + “an”, ateges: nedahaken panggènan utawi ndapuk tembung aran.
Bawa wacaka mboten ateges ndapuk tembung kriya.
-
Kalurahan = panggènan, kabupatèn = panggènan. - Kausikan = tembang aran, kasugihan = tembung aran Tembung tembung punika kedah dipun bèntenaken.
- kajalukan = dijaluki, tanggap “i” kriya
- kapinteran = bawa wacaka.
- kecemplungan = wisésana bawa “ka”. 


11. Daya Wacaka:
Pandapukipun: “pa” + lingga + “an”, ateges panggènan utawi mangsa:
- pasuketan, pakuburan, panèn, padusan.

 
12. Kriya – Wacaka / Karana Wacana.
Pandapukipun : “pe” + tanduk + (“pe + tanduk + “an”)
- penulis = tukang nulis, karana wacaka
- penulisé = carané nulis, karana wacaka
Bèntenipun daya wacaka kaliyan karana wacaka:
daya wacaka saking tembung aran.
karana wacaka saking tembung kriya.
Kedah dipun bèntenaken tembung:
gorèngan = olèh olèhané nggorèng, kaliyan tembung:
penggorèngan = papan kanggo nggorèng.


13. Tembung Rangkep:
Tembung rangkep inggih punika tembung ingkang dipun ungelaken ambal kaping kalih.
Tembung rangkep wonten 3 warni:
1. Dwilingga: lingganipun dipun rangkep.
   a. dwilingga wutuh: bocah bocah, réka réka.
   b. dwilingga salin swara ngarep:
dhuwat – dhuwit.   c. dwilingga salin swara mburi: jarèn jérèn, téla télé.
   d. dwilingga salin swara kabèh: modhang mèdhèng, gonjang ganjing. 2. Dwipurwa: wanda ingkang wiwitan dipun rangkep: jejaka, tetuwuhan. 3. Dwiwasana: wanda ingkang wekasan dipun rangkep:
cengèngèsan, cekakaan.


14. Tembung Jamboran (Majemuk).
Tembung jamboran, tembung kalih utawi langkung ingkang dipun gandhèng dados satunggal.


1. Jamboran wutuh.
Jamboran wutuh wonten 3 golongan:
   a. ingkang tegesipun sadrajad: gedhé cilik, boya pakéwuh.   b. tembung ingkang kaping kalih dados katranganipun tembung ing kapisan:  
      kandhang jaran, jambu wer.
   c. tembung ingkang kapisan dados katranganipun tembung ingkang kaping
      kalih:
      brata yuda, wijaya kusuma.


2. Jamboran tugel: wancahan.
Jamboran tugel tembung kalih ingkang dipun cekak:
- kakkong, dhekwur, kongèl.


Cathetan: Kedah dipun bèntenaken antawisipun jamboran tugel kalayan kérata basa. -
kakkong: asalipun saking tungkak bokong. - dhélik: asalipun saking tembung gedhé cilik.Jamboran tugel asalipun saking kalih tembung. Manawi kérata basa asalipun pancèn satembung lajeng
dipun othak athik supados mathuk.

- tembung tebu, dipun othak athik dados manteb ing kalbu. - tembung kathok, dipun othak athik dados ngangkaté saka sithok.


Tembung Wancah.
Tembung wancah tembung ingkang dipun cekak.
Warni warnining tembung ingkang dipun wancah:


1. Namanipun laré/tiyang sepuh:
- Mulyana dados Mul utawi Yan. - Sutana dados Tana utawi Ton. - Suminah dados Minah utawi Min. - Pawirareja dados Pawira - Wangsadimeja dados Sadimeja.


2. Namanipun panggènan:
- Kartasura dados Tasura. - Imogiri dados Mogiri. - Boyolali dados Yolali.


3. Wicalan (etungan):
- ji, ro, lu, pat, ma, nem, tu, lu, nga, luh.


4. Tembung krama kawancah dados madya krama.
- punika dados nika. - mangga dados ngga.
- dhateng dados teng.


5. Tembung jamboran (Jamboran tugel).
- gedhé cilik dados dhélik. - endhèk lemu dados dhèkmu. - gedhé bagus dados dhégus.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar