CERKAK ( 39 )
GUS PANUT
Gus Panut bener-bener wong kabur kanginan,
bebasan kemul mega kandhang langit. Yen ditakoni saka ngendi asal-usule,
pawongan kang nyalawadi iku mung mesem sepa lan gedheg-gedheg alon
tanpa ukara. Senengane mlaku saparan-paran, nuruti obahe sikil lan
krenteging ati. Yen turu saenggon-enggon, mangane uga saketemune. Urip
iki kanggo dheweke mung kaya barang kentir kang kanyut irama iline kali
banjir.
Umur-umurane watara patang puluhan taun, nanging praupane katon luwih tuwa banget. Pawakane cilik dhuwur ngiyeyet nggeger wungsu. Ulate anyep njejet tanpa greget. Nanging sorot mripate tajem kaya kuwawa nembus kahanan jagad liya. Rambute dawa ikel-ikel, brengose kandel, duwe godheg lan jenggot ketel sarwa kruwel-kruwel. Diumbar njembrung ora kopen. Sandhangane uga pating sradhul ora karu-karuwan padane. Kala-kala nganggo udheng-udhengan sorban amoh ngentra Begawan Abiyasa, mrana-mrene seneng ndlamak tanpa lambaran sikil. Sing ora keri, Gus Panut tansah nggawa kampluk ireng mbladhus disampirne pundhak.
“Aja sembrana, lho. Gus Panut iku dudu wong sembarangan. Sing neng njero kampluke kae keris cilik pusaka ampuh weton jaman Majapahit. Mula ngalor-ngidul tansah dikempit diindhit.”
“Mosok?! Sapa sing kandha?”
“Kabeh uwong omong ngono.”
“Kok ora wedi nek dikutil uwong?”
“Sapa sing wani karo dheweke? Ambak-ambak ketoke ora ndayani kaya ngono, Gus Panut kuwi wong sekti mandraguna. Wong digdaya. Dhug dheng. Nek trima dikroyok Satpol PP sakabupaten wae, ora bakalan kalah dheweke! Nek gelem, apa sing diucapne dadi!”
Ngono isu santer sing lagi dadi rembug rame rerasanane wong akeh. Malah, wong-wong kabupaten brang kulon sing kerep disaba Gus Panut padha percaya yen pawongan misterius iku sejatine wali kang lagi nglakoni dadi wong pidak pedarakan kaya bangsane kaum sudra. Ana uga sing bisik-bisik yen satemene Gus Panut kuwi isih trahing kusuma rembesing madu tedhaking andana warih sing sengaja memba-memba namur kawula ngudi wangsit lan ngelmu kautaman sadurunge nyekel panguwasa nata negara bobrok sing kebak wong culika lan tindak durjana iki.
Bener orane isu santer iku, embuh. Sing cetha kabar kabur adonan aroma mistik campur klenik kuwi wis manjilma dadi mitos anyar sing dipercaya wong akeh. Ngalah-ngalahi isu nasional sing didominasi soal geger suap Sesmenpora nyusul Nazaruddin minggat nyang Singapura! Gus Panut dianggep jalma pinunjul sing duwe daya kekuwatan linuwih. Sapa sing wani ngina bakal kesiku oleh prahara matumpa-tumpa. Suwalike sok sapaa kang mulyakake bakal nampa nugraha kang ora kanyana-nyana. Gus Panut diyakini kadidene “wong pinter” sing luwih ngedab-edabi banget dibandhing dewan penasehat, guru spiritual, utawa bangsane paranormal kondhang weton ngendi wae!
Mula, senajan sandhangane ora pakra lan solah bawane sakepenake udele dhewe kaya wong genjlong, Gus Panut diajeni banget. Ora ana wong sing wani sembarangan karo dheweke, kepara malah akeh sing nyembah-nyembah pindha marang dewa kang mangejawantah. Aja maneh kok sing rakyat biasa, priyayi-priyayi gedhe saka kana-kene uga akeh sing keraya-raya nemoni Gus Panut ing cungkup pundhen lor desa njaluk sarat srengat utawa awer-awer minangka sipat kandel supaya menang Pilkada, kepilih dadi anggota dewan, dagangane laris utawa enggal kasembadan apa wae panjangkane. Gus Panut pancen manggon ing cungkup pundhen lor desa sing dianggep kaya rumah-singgah-e.
Durung suwe iki Lurah Dipo wira-wiri nggoleki Gus Panut. Nanging Gus Panut tansah endha ora gelem ditemoni. Lan yen Gus Panut wis “gedheg” utawa muni “emoh”, Menkumham wae ora bakalan bisa meksa.
“Mesthi wae Gus Panut gak gelem ditemoni Lurah Dipo, soale Gus Panut wis ngerti, paling-paling Lurah Dipo arep njaluk gembolan ben gak diusut perkarane. Najan ora ana sing ngomongi, Gus Panut mesthi ngerti yen Lurah Dipo kuwi doyan ngorupsi dhuwit bantuan pemerintah jatahe rakyat miskin,” grenege Suro Loso sengit.
“Ora mung kuwi. Gus Panut mesthi iya ngerti nek Dipo kuwi isa dadi lurah merga curang, tuku suwara. Wiwit lagek pendhaptaran nganti dina pilihan biyen nyogok kana-kene nganti entek pirang-pirang atus yuta. Mulane saiki golek pulihan. Wis ngono isih cluthak seneng ndhemeni bojone uwong! Gus Panut gak gelem nulung wong salah tur nasar ngono kuwi. Wong ki nek salah ya kudu seleh. Deloken ae, gak suwe maneh Lurah Dipo kuwi mengko rak mlebu penjara!” tambahe Sastro Lono sing jagone biyen, Sutikno, kalah pilihan lurah sajak isih nganja-anja durung trima. Getem ing atine durung ilang.
Gus Panut pancen aneh. Yen teka ora bisa ditulak, yen lunga uga ora bisa dipenggak. Kaya dhek anu kae, tanpa ana wong ngerti sadurunge ujug-ujug Gus Panut wis ngadeg nggejejer neng latare Bayan Sapar. Rumangsa kerawuhan “tamu agung”, Bayan Sapar gupuh anggone mbagekne. “Lho, Gus Panut! Mangga pinarak, Gus……”
Tanpa mangsuli, Gus Panut unuk-unuk munggah nyang emperan, banjur lungguh nyenuk neng kursi gambangan sing wis cumawis neng kono karo ngelus-elus kampluke.
“Pengin ngombe apa, Gus? Kopi, teh, setrup apa tak-penekne degan?” Bayan Sapar nawani suguhan, ning Gus Panut mung gedheg-gedheg alon.
Mbok Bayan uga melu repot nawani panganan werna-werna. Nanging Gus Panut tetep ora gelem apa-apa kajaba mung banyu putih sagelas. Ora suwe Gus Panut mertamu banjur nutugne laku njaluk pamit. Sadurunge ninggalake omahe Bayan Sapar, Gus Panut kober omong: “Suk emben wae nek anak-anakmu wis dha mapan dadi uwong, aku nek mampir mrene lagi gelem mbok suguhi. Wis ya, andum slamet. Lakhaulla wallakuata……”
Embuh merga ndilalah pas kebeneran embuh merga oleh sawabe Gus Panut, ora let suwe sawise diampiri Gus Panut iku anak-anake Bayan Sapar bener-bener padha mapan. Baskoro, anake mbarep oleh panggilan kerja neng Seoul, Korea Selatan. Senajan mung dadi koki, ning wusanane padha ngerti bayare Gibas (undang-undangane Baskoro) nek dikurs nganggo rupiah luwih gedhe adoh dibandhing “gaji resmi” bupati ing Indonesia. Tingkat kesejahteraan rakyat Korsel pancen luwih makmur adoh nek dibandhing karo panguripane rakyat NKRI sing isih akeh neng ngisor garis kemiskinan iki. Aliah, adhine Gibas, ndilalahe kok ya dilamar Saifulloh, juragan material sing klebu sukses ngalor-ngidul numpak Dhaihatsu Terios werna ireng kuwi. Tinimbang dirabi pejabat diingoni dhuwit korupsi harak ya aluwung dipek pengusaha kecil kaya boss Ipul kuwi.
Ora mung Bayan Sapar, akeh wong liyane sing diampiri omahe utawa kober ketemu karo Gus Panut padha owah jantra uripe. Kajaba iku Gus Panut uga kaya ngerti sadurunge winarah. Nalika ngalam ndonya arep ana prahara kaya banjir bandhang, lemah longsor, lindhu, tsunami, gunung mbledhos, lan maneka warna kecelakaan maut moda transportasi dharat, laut lan udhara, Gus Panut wis aweh sasmita sadurunge. Mulane ing laladan kabupaten brang kulon kono omongane Gus Panut luwih diaji-aji dibandhing karo pidhatone para penggedhe negara sing nggedobos ora ana bukti nyatane kuwi!
Mesthi wae ora kabeh uwong percaya karo fenomena sosial iku.
“Halah, mbelgedhes apa?! Kok padha dadi gemblung kabeh! Lagek ndelok potongane uwong wae kudune mikir! Gus Panut kuwi wong apa? Wong setres! Ngopeni awake dhewe wae ora godhag mosok isa nulung wong liya?! Gek ketemu nalar pirang perkara?!…….” grenenge Karto Kalijo nalika giliran rondha neng gardhu prapatan wetan SD Inpres sing pating gedhagleg meh ambruk iku najan anggaran pendhidhikan wis mundhak 20 persen.
“Aja ngelek-elek Gus Panut, kuwalat, lho! Wong sing ketoke gak pakra durung mesthi nistha. Lan kosok baline, wong sing lagi nyekel panguwasa sandhangane pating glebyar durung karuwan wong luhur ambeg utama…..” Sastro Lono elik-elik.
“Sing jenenge ngelek-ngelek uwong, ngina sapa ae, gak apik. Dosa. Malati!…..”
“Lha nek ngarani Gus Panut kuwi ngopeni awake dhewe wae gak godhag mosok isa nulung wong liya, apa kuwi ora jeneng ngelek-elek utawa ngina, Mbah Karto?” Min Kadi sing paling enom melu-melu.
“Hahaha. Kowe salah tampa, Min. Ora. Babar pisan aku gak ngina Gus Panut. Aku mung kandha apa anane. Abang tak unekne abang, ijo tak unekne ijo. Ngono…”
“Mbahmu Karto kuwi tarah wong kaku. Nek omong ya gathok mlengok ngono kuwi,” selane guru Roji durung nganti tutug wis disaut Karto Kalijo maneh….
“Leres niku, Pak Guru. Kula niki pancen tiyang growal-growal ngeten niki. Mboten saged alus. Hahaha….” Karto Kalijo nyawang guru Roji, banjur ngalihne panyawang marang Min Kadi. “Dadi uwong iku aja gampang kena pengaruh, Min! Aja gampang percaya karo kabar neka-neka sing ngayawara. Wong urip kudu percaya karo awake dhewe lan Gusti Allah. Pengin rejeki, nyambut gawe. Pengin slamet, kudu ngati-ati lan waspada mlaku liwat dalan sing bener. Pengin mulya, aja tumindak culika. Ngono.”
Guru Roji unjal ambegan dawa. Angin wengi nasak alam padesan sing adhem lan sepi. Wong-wong sing lagi oleh giliran rondha iku isih terus gayeng ngobrol ngalor-ngidul ngrembug fenomena anyar Gus Panut. Ana sing pro, ana uga sing kontra. Biyasa. Ing alam demokrasi beda panemu iku halal. Sing penting ora kebablasen tanpa aturan sing yen salah kedaden bisa njalari tindak radikal lan anarkis. Jroning ati Guru Roji ngudarasa, jaman reformasi iki negara kita pancen lagi ketaman penyakit kronis “krisis kepemimpinan lan suri tauladhan”. Sing ngaku ulama padha dadi calo politik, sing ketoke pengusaha ora beda karo bandhit lan perampok ekonomi, sing dipercaya ngemban amanah rakyat dadi pejabat jebule ora beda karo pengkhianat bangsa sing kejem lan mentalan ngluwihi bergejil VOC jaman kompeni! Angel golek wong apik sing atine resik! Angeeel!
Mulane rakyat padha dadi bingung karepe dhewe. Ora ana sing dienut. Akibate, Gus Panut sing ora jelas “identitas lan sangkan parane”, ora genah wong kurang apa wong linuwih, malah keduga ngrebut atine wong akeh lan kober dadi figur sumber pengarep-arep. Rakyat kangen pemimpin panutan sing tegas, jujur adil lan bisa dadi pengayoman. Ora mung mentingne dhiri pribadhi, kulawarga, lan partaine dhewe-dhewe.
Wis pirang-pirang dina iki ujug-ujug Gus Panut ngilang embuh nyang endi parane. Ana sing kandha jare lagi salin slaga nerusne laku njajah praja milangkori ing wewengkon liya. Ana uga sing omong jare wis mulih neng kraton lagi tata-tata nedya ndandani negara sing acakadhut alias amburadhul kebak gerombolan maling iki. Embuh keraton endi ora ana sing ngerti. Embuh! Sing cetha, murcane Gus Panut njalari saperangan gedhe warga kabupaten brang kulon padha rumangsa kelangan gedhen.

Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat.
http://www.panjebarsemangat.co.id
http://www.panjebarsemangat.co.id
matur suwun pak agun pun di paringi cerkak
BalasHapuskula ; sheptiya suciana p.s
kelass ; VIII I
Tumiba padha-padha, muga-muga ana manfaate, aku bungah banget yen isih ana nom-noman kang seneng marang budhayane dhewe amarga kuwi salah sijine ciri manungsa modern supaya ora ilang kapribadhen bangsa kang meh ginusur budhaya manca, nuwun.
Hapus