Rabu, 01 Februari 2012

CERKAK ( 40 )
MBULANE KETUTUPAN SLENDHANG

Nyedhaki pungkasaning tahun wolung puluh lima. Aku nyulihi praktek kancaku nang Sekarsuli, Piyungan ing tlatah Yogya. Sing praktek nang kono Dr. Bisma. Deweke kudu giliran jaga nang rumah sakit pendhak dina Jemuwah.
Wayahe wis lingsir wengi, nalika pasien pungkasan metu seka kamar praktek. Kliwat jam sanga. Prasasat tanpa kendat ggonku mriksa pasien wiwit jam setengah lima sore mau. Embuh ana pira  cacahe. Luwih seka telung puluh wong, kakung putri, tuwa enom, diwasa lan anak. Sokur kabeh apik, ora ana sing lara gawat.

mbulane-ketutup-slendhang-1Bubar mriksa pasien pungkasan, lagi krasa kesele. Awak lungkrah lan jimpe kabeh. Pengin cepet mulih. Mau wis janji karo sisihanku jeng Lina nek arep mulih gasik. Pengin jajan bakmi nang  Gerjen, Suranatan. Bakmine pak Panut. Wis kulina wiwit isih kuliah nang Ngasem ndisik. Sumilire angin wengi, nrabas jendela, krasa mak nyes  adhem, marahi mrinding nang kulit. Kahanan sepi mamring.
Lamat lamat krungu  gunemane wong  sing lagi  jaga nang gerdu, jejer omah. Gemrenggeng regeng. Sedela sedela keselan swara ngguyu rame. Aku wis mlangkah metu, nalika pak mantri Hardjo,  ngandhani.

"Dok, taksih wonten pasien. Kadosipun pangilan"
"Panggilan saking pundi pak ?" Aku wis rada  nggragap. Nek panggilan seka adoh, bisa suwe lakune.
"Pangapunten  njih. Sajakipun saking dusun pereng  redi  wetan mriku".
Ana bocah enom loro ngenteni nang ngarep omah. Gita gita padha  marani aku nalika weruh aku metu seka kamar.
"Nuwun sewu dokter. Kula aturi tindak panggenan kula. Bapak kula radi gawat". Lamat lamat praupane pemuda loro kuwi katon kesel lan suntrut. Yake merga rasa kuwatir.
"Sakite napa mas?. Kok mboten dibekta mriki mawon?".
"Bapak sampun sepuh, ngrekaos menawi mlampah. Wiwit enjang wau ngoling oling, sambat sakit padaranipun".
"Sampun diunjuki obat ?"
"Dereng, namung pun keriki kemawon. Kula suwun sanget pak dokter kersa tindak mrika".
Aku unjal ambegan jero. Senajan awak krasa kesel, aku kudu nekani pasien
iku. Ndeleng bocah enom loro kuwi, ora tegel arep nolak. Praupane katon nek goreh. Umur umurane isih enom. Dak kira kurang luwih  rong puluh tahunan.
"Kula numpak skuter. Sampeyan numpak napa mas?".
"Nyepedhah, boncengan kaliyan adik kula".
"Nek ngoten, sampeyan teng ngajeng, kula ngetutke saking wingking mawon"
"Matur nuwun sanget,  panjenengan kersa  nindaki".
"Perlu pun derekaken menapa mboten dokter?".
Pak mantri Hardjo nyela seka njero kamar. Deweke lagi mberesi kamar
priksa. Perawat iku wis ngunduri tuwa. Nanging isih trengginas ngupakara pasien.
"Ketoke kok rada adoh pak Djo. Tak budal dewe wae karo mase iki. Tulung uba rampene lebokna tas".
"Ngatos atos injih Dok".
Ora lali welinge. Ukara iku kaya wis biasa krungu nang kupingku,  tansah tak rungu angger aku arep mulih. Kaya kaya mung nggo patut patut  tanpa teges. Ning nek dipikir,  jero tegese. Kacilakan sak dalan dalan sangsaya suwe sangsaya akeh. Manut angka statistik, klebu salah siji antaraning sepuluh sebab pepati ing Indonesia. Sok sapaa kudu eling apa dielingke supaya ngati ati nang ndalan nek arep budal lelungan.
Alon alon aku ngetutke nom noman loro mau. Ngidul ngetan parane, ngliwati dalan tengah sawah. Sak untara wis mlebu padesan. Sepi nyenyet ora ana swarane wong babar pisan. Ora ana lampu. Sajake durung klebon listrik daerah iki. Untunge rembulan ndadari  wis katon nang langit. Senajan mung remeng remeng.  Aku isa ndeleng kahanan kiwa tengen dalan merga lampu skuter. Ngliwati tegalan, sangsaya suwe dalane sangsaya ndedel munggah. Bocah nom noman loro iku kerep medhun ganti sing mboncengke.
Ambegane  ngos ngosan. Ora maido. Pancen abot. Numpak sepedha nang dalan lemah campur watu krakal. Tur munggah pisan.
 ”Taksih tebih mas?”
Aku sangsaya ora sranta. Jarene cedhak, iki wis punjul setengah jam kok ora tekan tekan.
”Sampun caket dok. Sak sampunipun redi ngajeng menika”.
 Ya ampun, isih kudu ngliwati gumuk sak mono gedhene. Paling ora isih telung kilo maneh iki. Atiku wiwit goreh. Mengko mulihe apa ora kesasar ? Aku terus ngetutke nom noman loro iku. Lali durung takon jenenge sapa. Sing jelas, deweke kakang adi. Sepedha kerep mung dituntun.  Ngliwati gumuk banjur tekan nang padesan. Ora ana lampu dalan. Omah omah sak kiwa tengening dalan wis tutupan kabeh. Ora ana sorot lampu. Sepi nyenyet. Mung swara jangkrik  karo walang sangit saur sauran, kaya jor joran ura ura. Angin wengi nang pegunungan swarane cemengkling nggugah wengi. Embuh ping pira menggak menggok nang dalan padesan, sedela maneh  banjur tekan omah sing  ndhewe nang pinggir dusun.  Ukuran sedhengan ana latare ora pati amba. Bedane karo omah omah liyane, katon ana sorot lampu seka njero omah,  nembus  pager gedhek sing nrawang ora patia rapet.
Sakwise markir skuter nang plataran, aku terus mlebu omah karo uluk salam. Ana sakwetara wong lanang wadon pada lungguhan nang amben dawa sisih kiwa. Meh kabeh padha ngrokok. Ana sing nganggo klembak menyan. Aneh, sing biasane ngrokok klembak menyan ki nang daerah kulonan, kaya Purworejo ngulon. Iki nang tlatah Gunung Kidul  kok  padha udut  klembak menyan. Batinku rada nggrundel, jare nunggu wong lara kok padha jor joran le udut.
”Menika sanak sedherek kaliyan tanggi tanggi pak dokter”.
Nom noman mau nyoba nerangke. Sajake ngerti nek aku ora kepranan.
”Enggih, sing sakit teng pundi mas?”
”Mangga lajeng mlebet kemawon pak dokter. Bapak wonten senthong”.
Aku terus mlebu nang senthong. Tas gage tak selehke nang kursi, tak bukak njupuk stetoskop.
”Asmanipun sinten pak? Dospundi gerahipun?”
”Mboten kiyat pak dokter. Padharan kula sakit sanget mlilit wiwit enjang wau.”
”Dereng pun unjuki obat?”
”Namun kerikan kaliyan minyak gosok menika. Ning dereng wonten kaotipun. Tulung to pak dokter”.
”Dereng dahar wiwit wau enjing?”
”Badhe nuntak menawi pun lebeti tedhan”.
Setengah ngantuk aku nyoba konsentrasi mriksa pasien mau. Jenenge pak Drono, Sodrono, umure wis pitung puluh tahun. Ora suwe lehku mriksa, gejala koliek usus, embuh sebabe, mungkin salah mangan. Tak suntik sepisan, deweke durung marem isih takon .
”Menapa majas nek mung sepindah dok?”.
”Doktere kula senes sampeyan pak Drono. Dientosi mawon riyin. Nek kakehan suntik jebol mangke ususe”.
Tak kon nggawekke teh panas, karo bubur tanpa nganggo lawuhan pedes. 
mbulane-ketutup-slendhang-2Jarene sisihane mau esuk pak Sodrono bar mangan kluban pedhes, njur  sambat wetenge mlilit. Aku ngenteni nang njaba karo wisuh nang sumur sebelah omah. Sakwise kira kira sepuluh menit, pak Drono wis isa ngentut. Terus pengin bebuang nang mburi. Ketoke kok wis majas obate.
Sak wise tak kandan kandani prekara anggone kudu njaga mangan, aku banjur ngundang nom noman anake pak Drono mau.
”Mas, mboten sah kuwatir. Bapake mung kleru dhahare. Dikurangi le dhahar pedhes. Sing kathah sayur kalih buah. Tomat napa kates, rak ngriki kathah”.
”Mboten perlu priksa teng nggriya sakit pak dokter”.
”Kula resepi mawon, benjing enjing obate dipundhut teng  apotik. Teng Yogya. Benjing sonten, kula mboten praktek teng Sekar Suli, ning teng Ngotho, jalan Imogiri. Jam sekawan dugi jam enem. Bapake mang terke mrika, kula kontrol”.
”Injih pak dokter. Dados mboten sisah priksa teng nggriya sakit nggih?”.
 Bubar ngombe teh panas aku pamitan. Bu Sodrono nang ngarep lawang arep menehi duwit. Di gegem nang tangane. Aku ora tegel arep nampa. Weruh pak Drono langsung njenggelek tangi rasane wis seneng aku.
”Matur nuwun bu. Kagem nebus obat mawon benjing enjing. Ngatos atos njih Bu le ngopeni garwane”.
Bu Drono karo anake anggone matur nuwun tanpa kendhat. Aku takon arahe sing cedhak nang dalan gedhe. Miturut Sukar, ya Sukarno,  si kakang bocah nom noman  loro iku, jare ora perlu metu dalan mau. Terus wae ngetan munggah sithik ngliwati sak desa menggok ngiwa dalan medun,  tekan dalan gedhe jurusan Wonosari. Deweke arep ngeterke nganggo sepedhahe. Ning aku ora mentala weruh le dha krenggosan mau. Tak tolak kanthi alus. Aku isa nggoleki dalan dewe.
Kanthi ati kemrungsung aku neruske laku. Lewat dalan padesan arahe ngetan. Isih rada ndedel munggah. Metu seka padesan ngliwati tegalan peteng sak kiwa tengene dalan. Aku ngalamun mbayangke nek ana sing lara dadakan kaya ngene, kok ya isih ora gampang nggawa langsung nang rumah sakit. Kamangka iki dudu daerah terpencil. Isih cedhak  kuta.
Tanpa tak nyana, dumadakan ana wong wadon nuntun pit mandeg nang tengah dalan. Kagetku setengah mati. Ora genah sangkan parane kok ujug ujug mandeg nang tengah dalan. Skuter tak endegake. Mesin ora tak pateni.
Dadi nek ana apa apa gampang le nggeblas, mlayu. Wanita mau umur umurane udakara telung puluhan. Nganggo  ngisoran klawu, ora jelas apa daster apa rok. Sing jelas kalung slendang warnane putih truntum ireng  ceplok ceplok. Praupane lamat lamat katon pucet, suntrut.  Sak tleraman aku weruh ana luh ngambang nang mripate sing mbendhul.
”Pak dokter, kula nyuwun tulung sanget njih”.
”Njenengan sinten mBak? Daleme pundi”
”Nami kula Ratri.  Saking dusun wetan mriku. Dusun Pengkok. Anak kula, pak dokter. Anak kula nyuwun tulung”. Omonge metu tanpa kendat katon nek lagi susah lan panik.
”Sareh mbak Ratri. Putrane kena apa” Aku mbalik ngoko.
”Anak kula sampun gangsal dinten mboten saged mimik. Tutuke ngancing terus kalih kerep kejang”
”Umur pira  putrane. Piye  larah larahe?”
”Thole nembe lair seminggu kepengker dok. Tigang ndinten kok lajeng mboten saged mimik. Kerep kejang. Nyuwun tulung sanget njih pak dokter.” Ratri katon sangsaya bingung lan panik. Aku nyoba nyarehake.
”Iya mbak Ratri, dak tilikane. Sing sareh ya. Sabar. Daleme sebelah endi?”
”Mangga sareng kaliyan kula dokter”. Deweke mesem nalika aku sanggup arep niliki anake. Senajan praupane kisruh lan pucet, sak tleraman nalika mesem, untune katon putih teratur. Rupane manis wanita iki.
”Thole janipun bagus kados bapake. Ning kok lajeng sakit. Raos remen kula ical blas,  kados pun rebat sak wenang wenang.  Mboten ngertos sinten sing ngrebat”.
Aku nglakokke skuter  mlaku alon alon mbarengi Ratri. Mung gumunku kok rosa temen bocah wadon iki. Dalan ndedel munggah ya enak wae le numpak sepedha. Entheng tanpa krenggosan kaya Sukar mau. Deweke numpak sepedha karo setengah ngrintih sedih nyebut anake lanang. Aku mung isa ngereh ereh karo mbarengi nang sisihe apa nang mburine. Sok sok noleh aku karo mesem. Aneh ngrintih nangis, diselani ngguyu karo mesem renyah.
”La garwane nang endi mbak Ratri?”
”Kula ajrih pak dokter. Bapake teng sabrang nyambut damel pun nem wulan. Kacriyos teng Malaysia. Mangke nek wangsul leh kula nerangke prekawis thole kados pundi. Tulung ta pak dokter. Thole ketulungan ta? .
Dalane isih munggah. Ngliwati gumuk maneh. Ning rumangsaku kok Ratri saya cepet anggone numpak sepedha. Kadangkala nang ngarepku, kadangkala nang sisihku. Slendange kemlawe keterak angin. Meruhi Ratri numpak sepedha, nganggo slendang kemlawe kena angin, atiku ngungun rasane. Kaya nonton tontonan alam sing endah ing swasananing terang mbulan.  Sedela sedela deweke noleh mburi karo mesem, ”Thole, anak kula mboten napa napa nggih Dok?” Banjur nerusake anggone nggenjot sepedha karo ngrintih nembang kang ora cetha.
Kala kala Ratri mandheg, ngenteni aku. Sak untara, deweki medun seka sepedhahe. Mandeg nang tengah dalan, mbalik ngadepi aku. Praupane katon suntrut ning serius. Slendange kemlawe, parfume wangi lembut kegawa angin.
”Mendah remen kula menawi pak dokter saged njampeni thole. Menawi anak kula saged pulih mantun, kula kaliyan semah kula iklas nderek panjenengan. Thole temtu saget mantun  ta?’
Bubar omong ngono, deweke nangis ngrintih maneh, numpak sepedahe ndisiki aku. Aku panggah ngetutke nang mburine, kira kira antarane sepuluh meteran. Ngliwati gumuk dalane medun kepenak. Seka kadohan nang entek entekane dalan,  ana  omah gedhe katon pengkuh mibawani.  Ratri ketok saya gita gita nyepetke laku. Ana sorot lampu seka omah gedhe iku. Nang sisih kiwa, kira kira seketan meter, ana lampu petromaks dipasang. Sak wetara pemuda lagi pada main voli. Aku mung mbatin, wis tengah wengi ngene kok ya isih dha main voli, adoh lor adoh kidul.
”Menika griya kula pak dokter. Thole teng nglebet kalih mbahe. Terus mlebet  kemawon, kula mangke tak nyimpen sepeda niki riyin. Matur nuwun sanget kersa nindaki mriki. Nyuwun tulung estu  anak kula njih Dok. Kula pasrah panjenengan”.
”La putramu nang endi Ratri? Cepet tak priksane ?
”Mangga langsung mlebet gandhok. Kula medal wingking. Bapak simbok wonten nglebet”.
 Mesin skuter tak pateni. Arep tak parkir nang plataran sisih kiwa cedhak lawang kiwa omah gedhe kuwi. Dadakan  krungu jerite Ratri seka njero karo nangis ngguguk
”Anakku ngger, anakku. Tulung ta dok, anak kula”.
Atiku semedot kaget. Gek gek anake Ratri ana apa apa? Tasku tak jupuk.
Karepku arep mlebu lawang ngarep omah gandok gedhe. Lagi pirang njangkah nang plataran, pemuda pemuda sing lagi pada voli mau nyegat lakuku.
”Panjenengan sinten ki sanak?”
”Kula dokter sing praktek teng Sekarsuli.” Panjenengan ingkang asma dokter Bisma?’
”Kula kancane dokter Bisma. Niki wau diundang mbak Ratri, jarene larene sakit”
”Ratri mboten wonten mriki. Kula aturi kondur kemawon dokter”.
 Salah sijining pemuda, ngandani aku kon mulih. Deweke nduduhi dalan ngiwa nang ngarepe omah gandok. Aku nyoba njelaske nek kudu mriksa anake Ratri. Ning pemuda pemuda iku setengah meksa njaluk aku mulih. Praupane goreh. Ora ana sing mesem babar pisan.
”Mangga kula aturi tindak dokter. Sampun dalu. Mboten perlu mlebut mriki. Mergi ngiwa menika dumateng mergi ageng Wonosari”.
Aku kepeksa manut. Skuterku tak starter, mlaku alon alon sak urute tembok. Swarane Ratri isih krungu nangis ngrintih nang njero omah. Aku noleh nengen ndeleng njero seka pager tembok sing ora patia dhuwur iku. Ya Allah. Atiku entek. Kagetku ora isa tak critakke maneh. Aku ora ngimpi. Omah gedhe sing rumangsaku omahe Ratri mau, jebul pemakaman.
Pancen makam makam nang Gunung Kidul biasane  dibangun apik, katon megah. Aku mblandang mengalor sak dawane tembok makam. Terus medhun dalane rumpil banget. Pandongaku muga muga skuter ora macet apa nggembos bane. Seka kadohan isih krungu tangise Ratri lamat lamat kasaput swara angin wengi. Tangis sedih lan nelangsa kelangan anake lanang sing mentas lahir.
Sakwetara maneh wis tekan dalan Wonosari. Tanpa ragu terus menggok ngiwa, skuter tak gas mlayu nuju Yogya. Liwat Sekarsuli, sing pada jaga isih dha main kertu. Aku nyoba mandeg, pengin njaluk ngombe. Wong wong jaga iku kaget weruh aku ndredeg ngos ngosan.
”Wiwit wau niku nembe dugi ta dok? Meh jam setunggal menika”.
Ora sempat nerangke apa sing kedadeyan, aku mung njaluk banyu. Salah sijine mbukak termos wadah omben. Wedang jahe. Tak ombe sak gelas kebak. Rasane anget nang awak. Ora krasa awakku anyep kabeh iki mau.
 Rebut cukup, aku nggeblas maneh nuju Yogya. Jam loro esuk tekan ngomah, nang Suryodiningratan. Aku sengaja metu lawang mburi dibukakke rewangku Ruh.  Samar nek nggurahi jeng Lina. Angel lehku arep crita. Sakwise wisuh karo raup nang kamar mandi, aku mlebu nang omah ngarep. Isih ana bakmi tutupan nang meja makan. Wis anyep, ning ora pangling bakmi goreng iku gaweyane pak Panut.  Aku mangan bakmi dewekan, ora isa rahap kelingan Ratri mau. Ratri, sapa ta sliramu ?. Apa sing kok alami ? Aku kok ora sempat mriksa anakmu.
Lagi mangan karo ngalamun, jeng Lina metu seka kamar. Deweke ngrangkul aku seka mburi. Kenceng banget karo mbisiki.
”Kok nganti yah mene mas ? Aku wis kangen ngenteni wiwit mau. Awakmu adem kabeh. Ndang ganti ageman.”.
”Ana panggilan. Sesuk tak critani Jeng”.
”Bocah bocah dha nakokke bapake mau. Jare arep tuku bakmi. Terus aku kongkonan si Ruh nang Gerjen”.
Isih ngungun aku durung isa nyemak  critane jeng Lina. Awak lemes, kesel, lungkrah. Langsung mapan turu. Lina ngrangkul semendhe nang dadaku.
Bola bali tak sawang, tenan apa ora. Samar gek gek sing tak rangkul kuwi si Ratri mau. Esuke tangiku wis kawanen. Bocah bocah wis mangkat sekolah. Anakku ana telu lanang kabeh. Dina iku aku pamit ora ngantor, awake isih ora kepenak.
Sorene kaya biasane aku praktek nang Ngotho. Ora kaya nang Sekar Suli, pasiene ora akeh. Lagi bukak sakwetara sasi. Aku teka jam papat, wis dienteni pak Sodrono karo anake Sukar. Wis sehat ora kurang apa apa. Bubar priksa malah ngobrol, tibake seneng ngobrol wong iki. Mau bengi pas isih lara mung gereng gereng wae.
”Kula niki jane le sakit rak nggih kekeselen ta dok”
”Wonten punapa pak, sampun sepuh ampun kesel kesel”.
”La pripun ta mboten ajeng report. Tigang dinten kepengker slametan matang puluh putu ponakan kula”.
”Kok matang puluh? Pripun genahe”.
”Putu ponakan kula, namine gendhuk Maeka Ratri, ngajal. Piyambakipun nembe kemawon kecalan larenipun. Larenipun nembe seminggu lahir pak dokter”.
”Ratri bibar nglairaken jabang bayi jaler. Ning kok lajeng tigang dinten jabang bayi mboten saged netek kaliyan kejang”.
” Le nglairke teng pundi?”
”Namung wonten griya. Pun tulungi mBah dukun. Ratri namung piyambakan kaliyan mbok lik ipun”.
”Lajeng Ratri kenging menapa?” Atiku mulai deg degan krungu critane pak Drono.
”Bibar pun tilar bayinipun, Ratri kok radi ewah. Sok mendel dangu, sok caturan piyambak, sok nangis ngguguk”.
”Kok mboten dibekta teng rumah sakit?”
”Piyambakan dokter, mboten wonten ingkang ngupakara lan ngancani.
Wekdal sedasa dinten saking tilaripun bayi, Ratri nglalu, ngendat mawi jarik wonten wingking griya”.
 Pak Sodrono sak durunge pamitan isih ninggali suweg. Suweg kaya tales pancen senenganku wiwit cilik. Jarene le ngunduh nang tegalane dewe. Kandane entheng wae.
”La njenengan nek kula aturi arto, nggih dereng tentu nek kerso. Wau tiyang setri canten, gawakno suweg  wae, mumpung panen.
Wis cetha bayanganku. Bayine Ratri, mestine kena tetanus merga proses lahir sing ora steril. Istilahe tetanus neonatorum.  Dukun biasane medot tali puser nganggo welat, ora steril. Nek wis kedadeyan tetanus, tangeh marine. 
Ya Allah, Ratri kok nasibmu elek temen. Kelangan anak sing kok gadhang gadhang. Ning panjangka ku Ratri uga nandang depresi paska persalinan. Ora arang kasus kasus kaya ngene iki, ning biasane ora konangan secara medis. Kanteb kesusahan kelangan anake, deweke ora kuwat nahan rasa sedih njur nglalu.
Wis telung puluh tahun kepungkur nalika aku ketemu karo Ratri. Aku isih tetep ngungun lan nelangsa saben kelingan. Deweke pengin mbuktekke nek tresnane nang anake digawa nganti mati. Nang alam kelanggengan  isih nyoba golek pitulungan dokter.
Luhku ora krasa netes, aku ora sempat nulungi deweke lan anake.
Ratri, Maeka Ratri, mbulane ketutup slendang. Muga muga sliramu diparingi dalan padang ing alam kelanggengan. Di paringi panggonan sing penak lan tentrem karo putramu dening Kang Murbeng Dumadi.

Dening : Ki  Budiono Santoso Dojosastro
Kapethik saking : Milis j@wa

Tidak ada komentar:

Posting Komentar