CRITA WAYANG ( 1 )
RAMA PARASU MUKSWA
Kocap kacarita, Sang Rama Parasu
paripaksa ngambali angupadi ing ngendi dununging Bathara Wisnu. Nanging
samangke dalan kang bakal kaambah wus katon nglegewa tan ana padhas curi
kang rumpil. Amarga wus ana titikan manawa sejatine, kang den ulari
wus gumathok parane. Bathara Wisnu sejatine wus nyarira marang satriya
saka ing Ngayodya, kang aran Raden Rama ya Raden Regawa.
Mangkana Rama Bargawa wus manjing wana
gung liwang liwung kang njlujur pener tanpa menggok marang parane Negara
Ayodya. Wana kang kebegan ing eri bandhil bebondhotan. Ing kana tan
kapireng aba swaraning jalma manungsa kang kapireng amung pambekosing
warak lan pambaunging sima miwah pangempreting dwipangga. Nanging uga
ana sajuga swara bebisik kang tinumpangan ing samirana. Tan ana sisip
lamun iku swara pambisiking jim setan peri prayangan kang amalaya bumi.
Keclap-keclap wujuding kang peri lan prayangan cat ilang cat katon kanti
wujud kang karya gogrog marasing kang tan darbe kawanen.
Mangkana Sang Rama Parasu tindake
anelasak grumbul kang karya mobah kumarasak swarane. Sanajanta eri
bandhil kang kasangkut ing raga temah pada rebah kasulayah, nanging tan
kuwawa nyebit kulit daginging Sang Parasu. Tan ana bisa anggogrogake
wulune senajan amung salamba! Mangkana lampahe Sang Ramaparasu wus laju.
Lampahing jalma kang tetela wus ander pati, wus jeleh marang
eden-edening ngaurip. Kang sinedya ing telenging nala, amung
angantu-antu, kapan baya wahyane sarira bakal kasirnaake dening titising
Bathara Wisnu.
Senajanta raga wus tan pakra kaya
satataning jalma. Sarira kang amung alelancing klikaning kekayon sesabuk
oyoting mandira, nanging dedeging angga kang teguh bhirawa amuwuhi
santosaning otot bebayune. Rikma kang tuwuh gimbal, ingudhal madhul
madhul tumumpang midhangan kanan kering, lan ing wingking angalembreh
dumugi ing wadidang, sinawang kaya witing lapa kang tuwuh ing imbanging
jejurang.
Sang Parasu amung amboga pepucuking
tetuwuhan, kaleyanging kekayon lan amung anginum bun kang kacipta jagat
ing kalaning gagat enjang, parandene sarirane nyata katon saya
angenguwung tejane.
Ganti kang winuwus, seje papane nunggal
caritane. Nalika samana ing Negari Mantili Dirja, ana pawarta kang wus
sumebar angebegi jagad, lamun ana sayembara ngalap sekaring kedhaton
ingkang sesilih Rekyan Sinta wus kagelar. Rentenging penggalih Sang Nata
Mantili Dirja, Prabu Janaka, marga negara Mantili nalika samana wus
kinepung raja sewu negara kang nunggal karep ngayunake Sang Rekyan
Sinta. Paripaksa Sang Nata anggelar sayembara menthang langkap. Sak
sapaa kang widagda menthang langkap Kyai Gandewa tumekeng tikel, sayekti
iku kang winenang amengku garwa Sang Raja Putri.
Mangkana wus cacah atusan para narendra
kang adreng mupu sayembara, waneh-waneh wujud lagu lageyaning kang
angleboni sayembara. Ing kana para Narendra lan Satriya saweneh ana uga
kang drajat pandhita, padha ngungasake kaprawirane. Nanging senadya
surya wus surup, parandene tan ana sajuga kang kuwawa menthang kang
ponang gandewa. Mesguling Sang Prabu Janaka, dene tan ana sawiji para
kang amupu sayembara kang tan sembada ngentasi karya. Mangkana ririh
pangandikane Sang Prabu Janaka marang Patih Satapa: “ Wus watara
pirang puluh naraendra kang padha nacak menthang langkap, nanging ing
dina kang kapisan iki para kang ngleboni sayembara padha gagar ing
panggayuh, Patih Satapa, pira cacahe kang wus gagal ing pepanggungan?”
“Nun inggih Sinuwun, cacahing
narendra ingkang mboten angsal damel watawis gangsal atus narendra
satriya lan kang adarajat sanesipun. Para Narendra lan Satriya ingkang
gagal sami trimah wangsul ing praja miwah kasatriyanipun
piyambak-piyambak, nanging wonten ingkang saweneh taksih ningali
gelaring glanggang sayembara, Sinuwun” mangkana palapuraning Patih Satapa sarwi anyembah sesedhokan.
“Dadi bakal cacah pira maneh kang bakal ngleboni sayembara?” Tetanya Sang Prabu sarwi unjal kang huswa.
“Taksih watawis atusan. Jer para
ingkang sami kersa mupu sayembara, menawi kenging kagunggung cacahipun
kepara langkung saking sewu raja miwah satriya, sinuwun”
“ Ladalah! Yen kaya mangkana,
ngrakita papan pepanggunganing sayembara dimen luwih bakoh, Tatanen aja
nganti nguciwani. Muga-muga dina iki nganti tumekaning surup surya, wus
ana kang kuwawa angentasi gawe mupu sayembara. Pangajapku aja nganti
andedawa crita!” Sang Prabu Janaka keparang parentah marang Patih Satapa amungkasi pasewakan
Kacarita sayembara menthang langkap wus
ingambalan ing dinten kaping kalih. Sawiji mbaka sawiji urut marang
wahya-praptane para kang padha ngajap Sang Kusumaning Kedhaton wus
munggah ing pepanggungan. Ana saweneh Narendra kang nadyan amung
nggrayang wujuding langkap, nanging kena kaprabawan dening kang Kyai
Gendewa, gedhe walating langkap, temah tan kuwawa angampah. Dhawah
kapidara lumayu nggendring sarwi anjejelih.
Nanging ana saweneh Narendra kang wus
widagda ngangkat kang ponang langkap. Senajanta wus ngetog karosane
nganti riwe mijil sak jagung-jagung, paripaksa Kyai Gendewa panggah tan
kena katarik kekendhenge. Sinurakan dening kang samya nupiksa, nalika
Sang Narendra andeprok kalenggah, nglumpruk tanpa daya.
Kadabyang-dabyang medhak saking pepanggungan.
Surya wus gumlewang ing sisih kilen
nalika giliring Sang Rama Regawa, Putra pambayuning Prabu Dasarata ing
Nagri Ayodya kang sigra minggah ing pepanggungan. Senajan amung
tumungkul wadanane sang apekik nggenira minggah ing pepanggungan,
nanging sakedhap sang abagus paring pakurmatan marang Prabu Janaka miwah
Sang Dyah Wara Sinta. Liringing netra sang abagus tempuk lan panyawange
Sang Rekyan Sinta temah murub kang agni asmara. Sanadyan mangkonoa,
saking trapsilaning sang abagus, panggah tan kuwawi nyawang eseming Sang
Rekyan Sinta kang banget angujiwat.
Kepranan mulat wujuding Sang Rama Ragawa,
sakala ing sajroning nala sang Dewi anggung atur puja-sesanti marang
Jawata gung, muga-muga Satriya kang pekik ing warna keduga angentasi
karya menthang kang langkap Kyai Gendewa. Mangkana rerepane Rekyan Wara
Sinta lamun kawijiling lesan “ Dhuh Jawata Agung, keparenga titah
pukulun atur prasetya, menawi paduka pukulun kersa paring palimarma
dhumateng titah paduka. Pangajap kula ing tembe bakal setya tuhu
dhumateng satriya ingkang nembe mupu sayembara menika. Mugi paduka
paringa kekiyatan, supados lebda ing karya satriya ingkang dados
pangidham-idham kula punika, rahinten dalu”.
Kocap kacarita nalika samana sigra Sang
Rama ya Regawa wus jumeneng ing madyaning pepanggungan. Sigra Sang
Regawa sedakep saluku juga nutupi babahan wiwara sanga, catur kang
binengkas, sajuga kang sinidikara. Sejatine Sang Rama wus kawasa angobah
wahyaning mangsakala. Tumenga marang akasa katon ana mendhung kang
lumayang angasrepi papan pepanggungan. Tuhu punika sejatine tumuruning
jawata kang arsa andum kabahagyan marang sang pekik. Nyembah sesedhokan
marang kang nembe tumurun saking wiyati. Sigra Rama Regawa lumampah
anyaketi ponang Kyai Gendewa sarwi anyembah. Siyaga sang abagus kanthi
suku pinenthang kang kaya dene tumancep ing papanggungan. Ceg kacepeng
ponang langkap, ingembat-embat jumepret swaraning kang Gandewa. Mawa
prabawa kang jumeglug, temah tikel ponang langkap!!
Surak manengker ing wiyati mawurahan
ambata rubuh wor kang tetiyang kang sami akeplok-keplok sakehing kang
samya nupiksa. Ana saweneh ana kang amung kamitenggengen saka dene
kaprabawan dening kaprawirane Satriya kang wus widagda amenangi
sayembara. Gumerah ombyaking kang samya dumunung ing sakupenging
pepanggungan daya daya kepengin uninga kanthi nglegewa sapa baya
pawongan kang sudibya dene wus lebda amupu sayembara.
Kaya alunjak lunjak tyase Sang Wara Sinta
yen tan enget lamun katupiksa dening para Raja Sewu Negari lan datan
ajrih marang dukaning ingkang rama, Dyah Wara Sinta kaya-kaya bakal
lumayu anggendring ngrangkul lungayane sang apekik lan ngarasi wadanane
kang nembe amungkasi karya. Nanging sanajana kayangapa, gambiraning
manah Sang Dewi tan bisa ingumpetan, katon nglegewa lamun mesem lathine,
kawimbuhan binaring netra.
Lon-lonan sang Dewi medhak saking udyana
marepeki kang nembe amungkasi damel. Reroncen sekar gabir-mlathi sigra
kakalungan ing lungayane Sang Rama Regawa. Saksana sawusnya kakalungan
ing sekar rinonce, gya kagandheng kang asta dening Sang Dewi. Sang
apekik saya katon wimbuh kabagusane. Kedhep tesmak kang samya nupiksa,
kadi dene nyawang jalu lan pawestri kakalih kang kekanthen asta kadi
wujuding Jawata saking Arga Kembang, Batara Kamajaya lan Batari Ratih
tumurun saking Kahyangane.
Kocap, Raden Rama wus lenggah satata ing
ngarsanipun Sang Prabu Janaka, sawusnya atur sembah pangabekti lan
ingkang rama calon marasepuh, Sang Prabu Janaka ngandika. “Bocah
bagus, ora jeneng ingsun tumambuh marang sira, amarga nembe sapisan iki
ingsun uninga marang jeneng sira, lamun narendra sapa jejuluk lan ngendi
prajamu, lamun satriya sapa kekasihmu lan ing ngendi kasatriyanmu?”.
“Inggih Sang Prabu, waleh waleh
punapa, kula wingking saking negari Ayudya, putra pambayun saking rama
Prabu Dasarata ingkang mijil saking garwa prameswari, Dewi Kusalya
inggih Dewi Sukasalya inggih Dewi Ragu.” Mangkana Rama umatur marang Prabu Janaka sarwi manembah.
“Jagad wasesaning Bathara, yen ingsun
lungguh datan nate darbe pangangen-angen yen ta ingsun nuju nendra ora
nate nyumpena yen ingsun bakal bebesanan lawan Kakang Prabu Dasarata
kang wus kasusra ing jagat, narendra kang kontap kautamane kasop
kaprawirane”. unjal kang huswa kalegan kadidene manggihi cempaka
sawakul, kajugrugungan ing wukir sari Sang Prabu Janaka, dupi nguningani
sapa sejatine kang nembe amungkasi karya mupu sayembara.
“Lah ing wuntat sira satriya kang uga
pekik ing warna, ingsun uga tumambuh marang sira, apa uga ana sambung
rapet kekadangane kalawan Raden Rama” Satriya kang deku-deku ing wuntating Raden Rama katambuhan.
“Nuwun inggih Sinuwun, kula kadang
anem saking kakangmas Ragawa, kula ingkang nami Lesmana Widagda, ingkang
mijil saking garwanipun kanjeng rama Prabu Dasarata ingkang kaping
tiga, Dewi Sumitra”. Wimbuh kang trapsila, Raden Lesmana Widagda manembah sarwi matur.
“Jagad dewa bathara! Ora ngira lamun
ing kene wus katekan para satriya bang pangarum-aruming jagad. We lah . .
saya mongkog rasaning atiku dene wujuding kekadanganku kalawan Kakang
Prabu Dasarata bakal saya rumaket awit putra putriku bakal kapudhut
garwa dening Putraku Ragawa. Sinta, apa sira wus cundhuk rasamu nedya
kagarwa dening Putra Ayodya ?”
“Kangjeng Rama, menapa kula maksih perlu atur wangsulan pitakenan saking paduka?” esmu kalingsem, Dewi sinta mangsuli pitakonan Prabu Janaka kanthi pitakon.
“Genahe lamun pitakonan kuwi, wajibe
amung kudu kajawab. Senajan ta saka sorot netramu genah sira wis
kabatang karep kerenteging ati, nanging aku mung kepengin krungu dhewe,
apa kang kewetu saka lathimu iku apa padha kalawan sorot netramu?”
“Ing nguni kanjeng rama, kula sampun
gadhah prasetya, sinten ingkang saged menthang kyai Gendewa ngantos
tikel, menika ingkang badhe kula suwitani”.
“Apa ya mung saka kuwi?” Sang Prabu ndangu marang kang putri kepara mbebeda.
“Inggih mboten”.mbesengut nanging ngujiwat Dewi Rakyan Sinta jejawab.
“Ya nini, kebener kang wus bisa mupu
sayembara nyatane satriya kang pekik ing warna. Dadi pantes lamun sira
nini darbe rasa bombong lan mesthi banget nggonmu katujuprana marang
sapa kang wis kuwawa mungkasi sayembara. Rak iya mengkana nini?” Mesem Prabu Dasarata kang wus tan samar marang liring netra kerenteging ati keng putri.
“Inggih, matur nuwun, Kangjeng Rama,
dene paduka sampun dados wakil anggen kula matur menapa ingkang kasimpen
wonten ing batin kula”. Dewi Sinta matur kalegan.
Prabu Dasarata anggujeng ririh nuli matur marang Patih Satapa,
“Patih Satapa, mara gage sira utusan gandhek sakembaran marang Negara
Ayodya. Aturana Prabu Dasarata dimen rawuh mahargya dhauping pangaten.
Dene pista raja bakal kagelar tumpak punjen pitung dina pitung bengi,
kanthi anggelar sakehing tontonan kang kabeh mau kanggo nyugata sakehing
kang para tamu; para raja sumarambah marang para kawula ing Manthili”. Nyembah Sang Patih Satapa gya lengser angesthi parentahing gusti.
Gelise kang munggel kawi, nalika samana
Sang Prabu Dasarata kang wahana rata wus rawuh marang Negara Mantili.
Tindaknya Sang Prabu anganthi para garwa tetiga, Dewi Sukasalya ya Dewi
Ragu, garwa kaping kalih nama Dewi Kekeyi lan garwa angka tiga ingkang
wasta Dewi Sumitra. Gapyuk rerangkulan narendra kekalih pranyata Sang
Narendra kalih punika sejatine sumitra kang wus lami tan pinanggya.
Sasampunipun ingacaran lenggah satata,
tan angilangi suba sita Sang Prabu kekalih samya imbal tinaken ing
kasugengan. Prabu Dasarata sigra sinungkeman dening ingkang Putra Raden
Ragawa.“Putraku ngger, nyata lamun jenengsira wus ngancik akhir
diwasa. Nyata lamun sira kuwawa dadi putra gegebenganing ati. Putara
kang bisa kaaran anak anung anindita”. Mangkana pangandikane Prabu Dasarata kang kawiji sepisanan.
“Sira wus keduga madeg jejeg saka kakuwatan sira pribadi. Dadi suka lan
gambiraning tyas sira utamane lan mesthi wae sumrambah marang wong
atuwamu sarta para kadang-kadangira. Muga jawata agung tansah memayungi
marang labeh kang dadi lenging ciptamu, Ragawa!”
Anyembah sesedhokan Sang Rama Regawa,
tumunten lengser palenggahe anyaketi unggyaning para ibu kang kaya
kamitenggengen mulat putra pambayun kang saya santosa sarirane. Mangkana
para ibu kang mulat beda antaraning Rama nalika nembe pamit ngulandara
saking negari kang wusanane antuk kanugrahan, peparing saking jawata
gung dene wus pinesthi mengku garwa putri Manthili. “Putraku Ragawa,
mujiya sukur marang kang akarya jagad, ya ngger. Kaya kang ibumu
tindakake anggone muja sesanti rina pantaraning ratri, supaya sira
kinalisa ing bebaya Lan muga antuka palimarma saka Jawata Agung. Sira
uga samesthine minta restu santi puja marang ibumu Kekayi lan Sumitra.
Awit ibumu kekarone uga tansah anjangkungi lakumu kanthi tekung anggone
muja sesanti”
“Kangjeng ibu Kekayi lan Kangjeng ibu
Sumitra, kula nyuwun pangestu supadosa kalis ing sambekala anggen kula
anglampahi alam jejodhoan”.
“Iya ngger, pamujiku tansah dak
aturake marang kang akarya jagad. Kalisa sakehing memala lan rubeda
anggonmu nglakoni alaming jejodhohan ngger!” Mangkana pangandikane
ibu kekalih, sanadya ing pangucap kalair cetha nanging ing batine Dewi
Kekayi ana rasa kang ngganjel jroning ati.
Mangkana sawusnya satataning ubarampe lan
wujuding kang uparengga wus cumawis, adicara dhauping pinanganten
kawiwitan. Jinem kang swasana angiringi adicara. Kakalihe samya tulus
angucap prasetya suci ing ngarsane para pangarsaning agami lan para
sepuh lan kadang kadeyan. Sawusnya rampung kang adicara, gumrenggeng
swaraning kang puja-santi saking sakehing para pandhita kang samya
angrawuhi. Kirabing kang pinanganten nulya kagelar, karya cingak kang
para nupiksa. Kang kadulu dening kang para tetamu lan kawula Mantili
sasat dewa asmara Kamajaya lan Ratih angejawantah. Ngrangin kang
tetabuhan pangiring pindha swaraning gangsa Lokananta, binarung kang
sesindhian wimbuh ing puja basuki, karya agunging pahargyan kang sumunar
murub kekuwunge kaya sundhul ing ngawiyat.
Mesem jroning wardaya penganten kakalih
kang kaya sinundhul puyuh gumbiraning manah. Kaya kaya ari kang kebak
ing bebungah aja nganti age-age surup surya. Senajana ing jroning ratri,
sakehing tontonan kang karya eden-edening pahargyan kaya sinuntak.
Sakehing wewujudan budhaya kagelar binarung kang sesuguhan rampadan kang
maneka cita lan rasane, temah marem lan sumringah kang padha mahargya.
Gelise kang munggel kawi, watara kalih
pasaran saking jejering pinanganten wus kawuri. Nulya pamit saking nagri
Mantili Prabu Dasarata dalasan para garwa putra lan mantu. Sawusnya
kalilan dening Sang Prabu Janaka, mundur kang para tamu kairing wadya
saking kekalih nagri gya wangsul marang negari Ayudyapala.
Gong beri maguru gangsa kateteg kadya
butul-butula. Kairing kang panjeriting turangga lan hesti wimbuh lan
kumlebete dwaja lelayu sebit kang kateraking maruta. Mangkana gumrahing
sawara budhale kang wadya wangsul ing negari Ayudya. Nyimpang marga
prajurit pangiring saking negari Mantili kang nguntapake lajuning
pangiring saking tepis iringing nagri Ayudya. Mangkana pisahing wadya
kekalih sasampunipun samya asung puja basuki.
Sarwa kekidungan ing samarga marga,
lampahing prajurit pangiring Ayudya pala wus lulus raharja medal saking
tlatah Mantili. Kasaputing ratri sigra Para Prajurit madeg kang
pasanggrahan ing sajroning wana Dhandhaka karya lepasing kang rasa
sayah-lungkrah. Sajroning ratri tan ana kang kacarita amung sunaring
kang pratanggapati kairing sumawuring kang kartika ambyar-aglar ing
cakrawala. Ing candhaking dinten, laju tindake kang Prabu Janaka nalika
sunaring mega marbabak bang sumirat ing pucaking arga.
Nanging bebasan nembe lumaku kang amung
sapecak, nalika samana kandheg kang para wadya pangarsa awit ing marga
ana jalma kang ngadhang ngaglah tengahing dedalan. Sarira gung bhirawa,
netra mentheleng tajem anggegirisi prabawane. Pranyata iku Sang Rama
Parasu kang wus siyaga ing dhiri angadhang tindake Sang Raja Putra
Ayudya Raden Rama. Ing pundhak kering sumandhang kang pusaka wadung
nggegilani kang agenge tan kinira.
Mulat kang angadhang dalan, senajanta
dereng nate Sang Dasarata nguningani pribadi wujud sarira lan praupane
Sang Rama Parasu, nanging kabar kang wus sumebar nanjihake manawa tan
sisip iku sejatine kang nama Rama Parasu, musuh-satruning para satriya
lan para narenda. Kagyat Sang Dasarata kaya dene cinopotan kang
jejantung lan linolosan otot bebayune.
Kanthi getering swara, mangkana Prabu Dasarata tambuh marang kang ngadhang marga, “Jengandika kang nama Rama Parasu . . . . ?
Rama Parasu amung manthuk, tan ana aba swara.
“Apa kang dadi sedyamu dene sira ngadhang ing dedalan?
“Lilanana putramu ngadhep ing ngarepku kene!” Rama Parasu jejawab tanpa darbe greget.
“Mangertiya lamun ing pabarisan iki,
putraku Rama ya Ragawa nembe ana sakjroning swasana palakraman. Amarga
nembe antuk nugrahaning jawata awujud Putri Mantili, Dewi Sinta.” Sang Prabu nyoba angalangi kekarepane Resi Rama Parasu.
“Ora peduli. Kuwi dudu perkaraku. Larapana putramu marang ngarepanku!”
“Apa kang jengandika karepake saka Rama Regawa putraku?”
“Rama iku sawijining satriya kang
kasusra sekti mandraguna punjul ing apapak-mrojol ing akerep. Mula Rama
kudu lulus ing pendadaran!”
Dheg swaraning jejantung Prabu Dasarata
kaya swaraning tetalu. Sapa baya kang bisa asung pambyantu marang Rama?
Kasektene Rama Bargawa lan kurban kang bebasan tanpa wilangan saka
tingkahing Rama Parasu kaya ngguncake dhadhaning Sang Prabu. Mula
puteging manah Prabu Dasarata ngrerepa minta panuwun marang Rama Parasu,
“Dhuh Sang Resi, mugi paduka Sang Rasi kersa paring palimarma. Rama
iku bebasan kembang ingkang nembe kuncup. Ora tandhing lan kasekten
jengandika Sang Resi.”
“Dasarata! Ucapmu kaya dudu jejering
nalendra. Ucapmu kang amung ngecomang-andaleming iku ora nudhuhake lamun
sira wus tuwuk marang sarawung lan para brahmana ajar resi kang mesthi
sira tuladha! Pawuruking para dwija resi ora katon jroning ucapmu. Kowe
kudu mangerti lamun jalma manungsa iku tinitahake amung saderma
nglakoni. Kabeh ana kang nitahake. Tindak sapecak omong sakecap kuwi ora
liya ana kang nglakokake saka panguwasaning kang maha agung. Kabeh kuwi
kedaden ing kene. Aku tumeka ing papan kene iki padha kaya dene sira
tumeka ing papan kene uga! Sapa satemene kang ngatur saka panganggepmu?
Kuwi marga saka panguwasane kang kawasa ing panguripan lan sejatining
ngaurip!”
“Nanging Sang Resi . . .”
“Aja suwala. Larapana anakmu lanang marang pangarepanku. Saiki uga!!”
Mangkana, Prabu Dasarata gya dhawuh
marang paranpara ngaturi Raden Rama marang ngarsaning Sang Rasi Rama
Parasu. Sawusnya lenggah satata, mangkana Raden Rama ngendika, “Jengandika nimbali aku, Sang Resi?”
Rama Parasu amung manthuk lan tan pantara lama tetanya “Sira kang aran Rama ya Regawa, bener?!”
“Kepara bener pangandikamu Sang Resi,
aku kang aran Raden Rama ya Regawa. Putra Nata Ayudyapala kang pembayun
saka Rama Dasarata lan Ibu Ragu. Balik aku tumambuh marang sira Sang
Resi, apa sira kang nama Resi Rama Parasu?”
“Mangertiya aku kang aran Rama Parasu, ya Rama Bargawa, ya Rama Wadung utawa Yamadagni Putra.”
“Nama jengandika Sang Resi wus
kasusra anggegilani tumrap sakabehing para satriya. Paran kang dadi
sedyane jengandika Sang Rama Parasu, dene jengandika ngendhegake lakuku.
Apa barisaning wadya Ayudya gawe wisuna apadene osiking ati jengandika,
Resi Rama Parasu?”
“Babar pisan ora! Nanging wruhana,
lamun ing dina saiki aku arep njaluk pitulungmu. Amarga wus wahyaning
mangsakala ingsun kudu mulih marang kasidan jati, mula sira tak jaluk
pitulungane kinen nguntapake patiku” ngandika Sang Parasu.
“Sang Resi, aja Sang Resi darbe atur
kang cengkah lawan kang sira ucapake? Yen jengandika nyuwun tulung
supaya merjaya jenengsira, ingsun bakal suwala”. Mangkana pangandikane Rama Ragawa.
“Geneya? Apa ingsun kudu angruda paripaksa sira nyendikani apa kang tak ucapake?”
“Sang Resi, ucapmu kang njaluk tulung
marang aku kuwi tetela amung wujuding rasa lelamisan. Pungkasaning
aturmu kang bakal ngruda paripaksa iku sejatine kang tuwuh saka
krenteging atimu nggone bakal merjaya kalawan aku. Iya apa ora Sang
Resi?”
“Babar pisan ora! Crita kang wus
katuturake marang para satriya wis makaping kaping kang darbe karep
supaya mengerti, lamun ingsun sejatine kepengin kandheg uripku saka
astane Bathara Wisnu, ora bakal tak ambali maneh marang sira. Wenganing
bathara kang nudhuhake lamun sira kang asarira Bathara Wisnu wus cetha
wela-wela. Mula ingsun wus ngupadi sira marang Ayudyapala, marang Negara
Mantili nganti tekan ing alas Dhandhaka kene, ora liya amung ngajap
lamun sira bakal nguntapake patiku”. Sang Parasu angandharke
“Aku ora bisa mateni jalma kang tanpa darbe luput marang jenengingsun”. Rama Ragawa suwala nanging jroning batin anggung, tetanya apa bener lamun Bathara Wisnu wus anyarira jroning ragane.
“Aja kakehan wuwus! Saiki sira amung kari milih salah sawiji, Aku mateni sira apa sira kang mateni aku!”
Sangsaya puteg rasaning galih Prabu
Dasarata mireng pirembugan antarane Sang Resi lawan putranira, Raden
Rama Ragawa. Puntoning pikir, ngandika Prabu Dasarata, “Oh Sang Resi, welasana marang putraku Rama Regawa. Rama, sira manuta marang kersane Resi Rama Parasu ngger!”
Nalika samana Sang Rama Regawa judheg
sajroning nala. Rangu-rangu, mangu-mangu amung anjegreg kaya tugu
sinukarta. Wekasan nalika Sang Rama Parasu angulungake ponang gendewa
lan panah Kyai Bargawastra, sakala astane kumlawe nyandhak kekalihe.
Gambira tyase Sang Rama Parasu, gya mundur palarasan sawatara. “Ayo satriya kang luhur ing budi, tamakna pusaka Kyai Bargawastra marang jajaku!!!”.
Nanging sawusnya pusaka kacepeng ing
asta, ical kang rasa rangu. Kanthi rasa pangati-ati Raden Rama nyenyuwun
marang dewa kang akarya jagad, muga kinalisa ing sakehing dedosan.
Pusaka ingembat tumuju marang jajaning kang Sang Maharesi. Sanadyan
aboting langkap kagila-gila, nanging tumraping Sang Rama Ragawa amung
abot kapuk saumpamane. Jumepret swaraning kekendheng bareng kang
pesating warastra. Tumancep Bargawastra marang jajaning Sang Parasu,
rebah ragane, kuthah ludirane bareng kang pesating nyawa Sang Parasu.
Tan pantara lama musna wujuding Rama Parasu. Mukswa, dadi Dewa!!
Tancep Kayon, kairing ing gangsa Sampak Manyura.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar