Rabu, 01 Februari 2012

CERKAK ( 38 )
GEDHANG GEPOK...GEDHANG IJO

Tamat saka isi, Sudarmi bali menyang dhaerah asale sing wis wolung taunan ditinggalake. Awit sasuwene kuliyah ing kutha, Sudarmi sasat ora tau midak desane. Desa cilik, kepencil ing wewengkon pegunungan Kendheng. Mula nadyan dhe­weke asli desa kono rada gumun bareng meruhi bu guru kang mondhok ing omahe wong tuwane, kang prucat­prucut sajak ora nglegewa nalika kudu adus ing belik kang tanpa aling-aling. Kamangka Sudarmi dhewe saploke suwe neng paran malih dadi risi adus blak-blakan ngono iku.
gedhang-kepok-gedhang-ijo-1“Bu, njenengan niku dos pundi ta, wong enten Pak Yatno kok sajak penak ae namung ngagem ondherok,” panyaruwene Sudarmi.
“Wis biyasa Mbak, maune ya isin. Nek adus ndadak ngenteni sepi. Ning suwe-suwe dadi pakulinan,” tumanggape Ami­nah.

“Disawang ya ben, kadar ra kelong ae kok. Tur maneh, ora disawang kancane dhewe ya disawang wong liya,” Kolipah, sing isih legan iku ngimbuhi.
Belik Cumprit, siji-sijine belik kang ana kono. Mapane ing lengkehan gumuk, kinu­peng wit-witan rungkut. Sumbere gedhe. Najan ketiga dawa ora tau asat. Ya belik iku sing dimanfaatake warga kono kanggo ngangsu, adus, umbah-umbah, apadene ngguyang sapi. Wiwit biyen mula padusane mung blak-blakan. Sapa wae bisa meruhi kanthi cetha sapa sing lagi adus.
Adat lawas kang ing desa liya wis di­tinggalake, ing kene isih diugemi. Upamane pakulinan kudu pangur tumrap prawan kang wiwit remaja putri. Pangur iku kudu ditindakake sadurunge si prawan nggarap­sari sing sepisanan. Yen nganti kedhisikan nggarapsari mangka durung pangur, wah… ora becik akibate. Kuwi kepercayaan warga kene. Yen wis nggarapsari, adate lan manut kodrate, rak banjur kasusul tandha-tandha kadiwasaning si prawan. Upamane dhadhane malih mentheg. Nek wis ngene iki mesthi enggal payu rabi.
Ya jalaran iku angka putus sekolah ing desa kene klebu dhuwur. Bocah wadon bisa tutug nganti tamat SD klebu hebat. Sebab rata-rata isih kelas enem, waton dhadhane wis mentheg, njur dimantu. Rumangsa isin kanggone warga kene yen nganti duwe anak prawan gedhe kok durung payu omah-omah. Nanging Sudarmi, sing nate ngrasakake urip ana kutha, ora ambil pusing. Gegayuhane, gelem rabi yen wis entuk jodho kang nyocogi atine. Sudarmi pancen klebu nyebal. Sadesane kono sing tutug sekolahe nganti tamat kuliah ya mung dheweke. Iku wae upama ora nyambi nyindhen, tangeh bisa sekolah dhuwur!
Dinane Minggu. Kebeneran srenge­ngene gelem melek. Wis seminggu wutuh udane ngrecih terus. Regedane Sudarmi nganti nglumbruk akeh. Mulane isih esuk dheweke wis budhal menyang belik saperlu umbah-umbah.
Sorene nalika arep ngentasi memeyan rada kaget merga BH-ne sing diumbah mau esuk ora ana. Mulane dheweke age-age njranthal mlebu ngomah nemoni bu guru, saperlu takon.
“Bu, njenengan napa katutan BH kula? Wau enjing kula kumbah lan kula pepe kok saniki mboten enten.”
“Lho, ora ki! Iki lho, memeyanku isih nglumbruk neng kene. Coba pirsanana!”
“Lha lajeng sinten nggih Bu, kinten-kinten sing ngentasi?”
Aminah lan Kolipah meneng. Wusana, “Aja-aja dijarahi wong lanang sing pena­saran meruhi suprane Mbak Dar sing gedhe kuwi,” cluluke Kolipah karo ngempet guyu.
“Suprane sinten! Sepedhah onthel mon ra gableg kok supra! Bu Kolip ki aneh-aneh.”
“Dudu supra sepedhah motor Mbak, ning supra …. susu prawan!”
“Idhih! Bu Kolip ki ana-ana ae!” ujare Sudarmi karo njiwit lengene Kolipah banjur sentheyot ngalih.
Sorene, ngarepake surub, Sudarmi adus ing belik. Kapinujon belike sepi. Tum­rap Sudarmi malah kebeneran, awit ora ana sing nyawang. Mulane anggone adus ya kepenak wae. Dhadhane diumbar ngliga. Anggone kosokan dikatogake. Eh, ndadak grumbulan ing sangarepe obah-obah, mangka ora ana angin. Kanthi reflek Sudarmi ngunjukake ondheroke kanggo nutupi dhadhane sing ngliga. Durung ilang kagete ndadak ana watu gumlundhung sa­klapa gedhene sing meh wae nibani. Jebul gumlundhunge watu kuwi kasusul gum­lundhunge sawenehe pawongan sing banjur kejegur banyu belik. Mesthi wae klebus.
Sudarmi mendelik karo maspadakake. Jebul pawongan kuwi si Wakimin, nom­ noman sing omahe cedhak sekolahan.
“Heh! Kowe mau nginceng lehku adus ya? Cah ra aturan! Nek ngono sing nyolong BH-ku mesthi kowe! Ayo ngakua ae!” wuwuse Sudarmi nyrandu.
“Sumpah Yu, dudu aku sing nyolong” wangsulane Wakimin keweden.
“Njur sapa nek dudu kowe? Nyatane kowe nginceng lehku adus!”
“Tenan Yu, dudu aku! Dakkandhani ya, sing nyolong BH-mu mono Kang Ato!”
“Ato?”
“Bener, Yu!”
“Apa karepe kok dheke nyolong BH-ku?”

gedhang-kepok-gedhang-ijo-2“Kang Ato mangkel merga panglamare koktampik. Rencanane BH-mu kuwi di­guna­gunani ben kowe gelem.”
Pancen kira-kira sesasi kepungkur Ato teka neng omahe wong tuwane Sudarmi.
Tekane saperlu nglamar. Ning Sudarmi kipa-kipa. Awit, kejaba wis bojo lan duwe anak loro, Ato kuwi gaweyane mung nga­pusi uwong. Tur maneh, Sudarmi kadhung prasetya, ora pati­pati rabi yen durung entuk jodho kang nyocogi atine. Sidane bapake Sudarmi ora bisa meksa. Kanthi alus Ato dikandhani yen Sudarmi durung dhemen rabi. E, jebul Ato-ne mrengguk. Reka-reka nyolong BH barang. Huh!
Wektune terus lumaku. Prastawa Ato nyolong BH-ne Sudarmi wis ilang saka pocapan. Apa biyen kae Ato sida ngguna-nggunani Sudarmi lumantar BH-ne? Su­darmi ora perduli. Sing genah tekan se­prene Sudarmi ora duwe rasa dhemen. Ato dhewe sidane rabi entuk Gonah, randha anak loro. Dene Sudarmi tinimbang ngang­gur yen dhong ora ana tanggapan banjur mbantu mulang basa Jawa lan nembang ana sekolahan.
Saiki sawise telung taun punjul rong sasi anggone dadi GTT (Guru Tidak Tetap)  ing desane, Sudarmi panggah durung gelem omah-omah. Mula saka kuwi ing sawijining dina banjur dikandhani si­-mboke. “Dar, nek lehmu gelem rabi dadak ngenteni jodho sing nyocogi atimu rak ya selak tuwek. Saiki durung ana sing cocog, njur apa taun ngarep mesthi ana sing cocog. Kuwi nek isih eneng wong lanang sing gelem ngrabi kowe! Lha, nek wis ora eneng? Pa kelakon kowe ra rabi?” panya­ruwene simboke nalika iku.
“Mbok, Simbok ra sah bingung. Dadi prawan tuwek aku ya ra isin kok. Jodho, pati, rejeki iku rak Gusti Allah sing ngatur. Arepa dadi prawan tuwek nek wis dikepa­rengake ya panggah ketemu jodhone,” kandhane Sudarmi semengit. Simboke mung bisa ngelus dhadha.
Sekolahan papane mulang Sudarmi gurune pancen kurang. Kelase ana enem ning gurune kelas mung papat, lima karo Sudarmi. Mula bareng ana kabar yen arep entuk tambahan guru saka asile rekrutmen PNS, Selan minangka kepala sekolahe nicil bungah. Kabar kasebut sidane dadi ka­nyatan. SD kono bener-bener entuk tam­bahan guru. Cacahe loro. Kakung kabeh. Sijine wis kagungan garwa putra, dene sijine, sing asmane Winarno, isih legan.
Kayadene guru liyane sing wis suwe dhines neng kono, guru anyar iki ya ke­peksa kudu mondhok. Awit pancen rekasa yen kudu nglajo. Tarah dalan tumuju SD mung wujud dalan makadam sing watune saendhas-endhas maling. Lan, sing paling kepenak mondhok iku ya neng nggone wong tuwane Sudarmi. Sejene cedhak sekolahan, omahe jembar, lan duwe ga­mel­an. Pendhapane isih suwung. Sidane Winarno lan kancane manggon neng pen­dhapa sawise digawekake singgetan.
Nah, ya iki! Jalaran saben ndina sra­wung, witing tresna jalaran saka kulina, Sudarmi, najan ora diguna-gunani lan ora susah ndadak dicolong BH-ne, mara-mara wis dhemen marang Winarno, guru anyar sing mondhok ing omahe wong tuwane.
“Mbak Dar, jarene ora arep krama nek rung entuk jodho sing nyocogi ati?” pang­go­dhane Kolipah nalika wis ana rembug mateng yen Sudarmi sida karo Winarno.
“Bu, janji kula riyin nek kula pun cocog ta? Saniki, senaosa dereg cocog tenan ning rak saged dicocogne,” wangsulane Sudarmi karo ngguyu.
“Iya. Iya, pancen kudu ngono. Ning luwih cetha, Mbak Dar ki rak gedhang kepok gedhang ijo!”
“Lho, napa niku, Bu?” Sudarmi ketara kaget.
“Wong mondhok dipek bojo!” Kolipah karo ngempet guyu.
“Wow, sami Bu! Njenengan rak nggih gedhang kepok gedhang ijo. Bareng mon­dhok ketemu jodho!”
Kolipah, sing sedhela maneh krama entuk Yatno, ketara mbrabak tomat. Ning wusanane ya banjur ngguyu.

Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat.
http://www.panjebarsemangat.co.id

Tidak ada komentar:

Posting Komentar