Rabu, 01 Februari 2012

CERKAK ( 37 )
GUMLINDHING BANYUNE KALI

Ganti bengi arep mapan turu, atiku isih ngresula nggagas nasibku dina Pon wingi. Nyopir angkot sedina muput kelangan bensin satangki, ora entuk dhuwit, malah dhuwit selawe ewu ing dhompet dhadhal kanggo tombok. Bareng turu jebul aku ngimpi diwejang swargi bapak : Ngger, ing atase uripmu mung pas­pasan isih kober bebantu wong liya, iku kudu kok syukuri. Yen syukur bakale mujur, yen ngresula bakale cilaka. gumlindhing-banyune-kali-1Lakonana urip iku satitahe anut kodrate, aja digelak mundhak rusak, aja disengka mundhak rekasa, kareben gumlindhing kaya iline banyu kali, wekasane mesthi bakal tekan segara.
Mak gragap, aku nglilir. Dak delok wis jam telu bangun. Enggal wae aku shalat Tahajud, nyuwun ngapura marang Allah dene wingi aku ngresula ora oleh dhuwit, mangka kudune malah syukur bisa mbantu bu Sulastri sing lagi mulih haji. Dak terus­ake shalat Subuh, nuli ndonga.

Ana sing dak rasa aneh subuh iki mau. Aku kok ndonga nyuwun enggal dipethu­kake karo calon bojoku. Mangka sajege urip ora tau ndonga kaya ngono kuwi. Nanging aku banjur eling impen wejangane almar­hum bapak : lakonana urip anut kodrate, gumlindhing kaya iline banyu kali. Nyata­ne, tanpa dak gagas sadurunge, dumada­kan wae aku nyuwun dipethukake calon bojoku. Bisa uga pancen wis wancine aku duwe bojo, kanggo ngancani uripku.
Isih repet-repet aku wis ngetokake mobil angkotku menyang jalurku : Klaten- Pedan. Iki dina Wage, sing uwis-uwis jalur­ku rame akeh penumpang wong arep menyang pasar wagen. Jebul tenan. Lagi metu saka desaku, wis katon ngrangap wong ngenteni angkot ing pratelon kidul desa. Sak unggahan wae mobilku wis kebak penumpang.
Baline ngulon ya rame maneh, para ibu sing arep menyang pasar gedhe Klaten. Lagi sak puteran aku wis oleh dhuwit pitung puluh loro ewu. Wah, iki ijole dina wingi sing jan kopong mlompong.
Bareng aku bali ngetan arep puteran kang kaping pindho, ing prapatan kidul Pager diendheg penumpangku wingi : mbak Sumirah. Batinku : Wah, arep ngapa maneh wong iki. Mengko gek akon nge­ter­ke maneh tur tanpa nggawa dhuwit kaya wingi kae. Nek ngono tenan, arep dak tulak mentah-mentah.
Nalika aku wis mandheg, kaya dhek wingi maneh dheweke ora enggal mung­gah mobil, malah ngecipris kojah karo anguk-anguk menyang sopiran.
“Bu kaji ki kepengin ketemu kowe dhik. Jare arep rembugan penting.
Mula ayo mrana maneh.”
“Rembugan apa? Aku ki ora duwe urus­an apa-apa karo bu kaji. Lha wong kenal wae ya lagi dhek wingi kuwi.”
“Ya merga kenal dhek wingi kuwi, kowe njur duwe urusan karo dheweke.”
“Urusan apa? Wingi aku dikongkon njupukake gawane, wis dak jupukake lan wis ditampa, barange ya wis cocog kabeh. Njur urusan penting apa?”
“Aku ora ngerti Dhik. Sing genah, kowe rak durung diwenehi ongkos angkutane ta.”
“Wah, nek bab kuwi aku wis iklas ora piye-piye, Mbak. Wis dak niyati mbantu bu haji sing lagi mulih saka tanah suci.”
“Ya sokurlah Alhamdulillah, Dhik,” ucape mbak Sumirah. “Nek ngono ya wis aku terna mrana wae saiki, perlune aku arep lapuran olehku diwelingi ngundang kowe.”
“Wah, mbok ora saiki ta, Mbak,” ucap­ku semaya. “Mbok sesuk wae. Saiki iki dina Wage, penumpang langgananku ki akeh, mundhak padha kecelik.”
Dheweke katon njegadul. Wuwuse semu ngancam :
“Ya wis, ra pa-pa. Nek ngono kowe dak dongakake angkotmu bubruk ora tau ana wong numpak, kowe nadyan bagus ning ora payu rabi nganti tuwek elek, awakmu sing cakrak iku dadiya kuru nyekingkring, rupamu sing bagus iku dadiya elek perot kempot. Nek kowe lunga nyang endi-endi muga saenggon-enggon diremehake uwong, nek lagi turu dikroyoka lemut sak kinjeng-kinjeng, besuk nek wis tuwek elek ora duwe bojo muga ….“
“Uwis, uwis,” wuwusku medhot gune­me sing ndermimil kaya menco.
“Wong ndongakake elek kok nganti dhedhel dhuwel entek-entekan kaya ngono. Padha sing ndongakake mbok ya sing apik-apik.”
Dheweke ngguyu nganti katon leki­king pipine.
“Iya, dak dongakake sing apik-apik, wong bagus. Ning aku terna nyang nggone bu kaji.”
“Iya, wis gek munggah,” akonku.
Dheweke munggah mobil, mapan lungguh ing sisih kiwaku. Sengaja dak beda ora mangkat-mangkat.
“Wis gek mangkat, ayo,” prentahe kaya komandan.
“Dongakake dhisik sing apik-apik,” jawabku.
Dheweke wiwit omong kanthi ciri khase : lambene sing mblingir iku umad-umed apik:
“Dak dongakake, muga kowe dina iki entuk dhuwit akeh banget, dina iki kowe kepethuk calon bojomu, muga kowe besuk awet enom awet bagus, uripmu tentrem bagya mulya, anakmu apik-apik pinter-pinter, ditresnani masyarakat, urip­mu kesait ora tau kekurangan, adoh saka penyakit lan rubeda. Wis gek mangkat.”
“Kosik, arep dak urus. Dina iki aku entuk dhuwit akeh? Lha wong malah kok jak nyebal saka jalur angkotku ngene kok, entuk dhuwit saka ngendi? Terus, dina iki aku kepethuk calon bojoku? Ya mokal ta, kok terus ujug-ujug kepethuk ki ana ngendi. Iki mengko aku mung kepethuk bu kaji karo kowe dhewe.”
Dheweke mencereng ngulatake aku, karo omong gemes :
“Gusti Allah ki maha kuwasa, bisa gawe lelakon apa wae. Kowe percaya kuwasane Gusti Allah apa ora?”
“Percaya, yakin Mbak.”
“Ya wis aja maido, ayo mangkat.”
Aku manut wae kaya kena gendam.
Tekan omahe bu haji, lagi mudhun saka mobil wis dipapag guyu sumringah.
“Alhamdulillah, kowe teka kene,” ucape bu haji ing ngarep lawang. “Ayo, mlebu ngomah.”
Sawise mapan lungguh lan disuguh unjukan sak pacitane, bu haji wiwit rem­bugan:
“Mas, aja kurang pamengku ya, wingi aku durung kober menehi tukon bensin, awit lagi ribut nemoni tamu-tamuku akeh banget.”
“Inggih, boten dados punapa,” saurku.
“Terus pira tukon bensin olehmu wira-wiri njupukake gawanku wingi?” takone.
Sakala aku kelingan impenku. Langsung wae dak wangsuli :
“Bu, kula wingi namung kepengin mbantu Ibu, boten nyuwun ongkos. Nyuwun donganipun mawon, mugi kula benjing ugi ketularan saged bidhal haji.”
“O, ngono ta,” ucape bu haji. “Nek ngono ora mung rupamu sing bagus, nanging tekan atimu. Insya Allah, yen setiti kowe besuk uga diparengake sowan ing daleme Gusti Allah ing tanah suci.”
“Amiin,” ucapku dibarengi mbak Sumirah.
“Ya wis, aku matur nuwun banget,” tembunge bu haji maneh. “Nanging dina iki kowe mrene maneh ngeterake Sumirah, mangka iki dina Wage, jalur angkotmu mesthi rame akeh penumpang. Mula kowe dak wenehi ganti rugi telung atus ewu.”
Aku kaget, kok akeh banget. Enggal wae aku nulak :
“Boten, bu. Kula eklas kok, ngeteraken mbak Mirah.”
“Ora kena nulak, mas, sebab sing ngun­dang mrene ki aku, dudu karepe Su­mirah. Saliyane kuwi, aku uga syukuran, awit wis kelakon ngleksanani welinge almarhum bojoku, mangkat haji sadu­runge awakku ringkih. Kabeh sepuluh yuta, sing sangang yuta wis dak weneh­ake anak yatim, fakir miskin, lan panitya pembangunan masjid. Sing sak yuta iki sengaja dak wenehake wong sing wis rila mbantu aku nalika mulih haji, yaiku Su­mirah lan kowe. Mula iki tampanen limang atus ewu edhing.”

gumlindhing-banyune-kali-2Bubar ngulungake dhuwit, bu haji rembugan maneh :
“Kajaba kuwi, aku ki kaget nalika wingi dikandhani Sumirah nek jare kowe ki durung duwe bojo. Umurmu pira ta?”
“Tigang dasa kalih taun, bu.”
“O, barakan karo Sumirah. Wis umur semono kok kowe durung rabi? Sababe apa?” takone bu haji.
“Kula punika yatim piyatu wiwit nembe lulus es-em-a, gadhah adhik kalih estri sadaya. Kala semanten kula prasetya, boten badhe rabi yen adhi kula dereng ram­pung sekolah lan dereng omah-omah.”
“O, ngono ta. Pancen cah bagus tenan kowe. Lha saiki adhimu wis omah­omah durung?”
“Sampun sedaya. Malah sampun gadhah anak.”
“Nek ngono kowe kudu enggal rabi. Iku sunah Rasul,” tuture bu haji tumemen. “Saiki upama, kowe dak gathukake karo bocah sing laden wedang iki mau, gelem ora? Kae lho, bocahe saiki lungguh ing kursi tengah latar karo kancane. Sing klambi biru, madhep ngulon.”
Aku noleh. Bocah sing dikandhakake bu haji iku katon cetha. Ayu. Sengoh. Nanging kok ora ana geteran ing atiku nalika nyawang bocah iku. Sauntara iku bu kaji nerangake :
“Bocah kae anake tangga kidul omah kuwi, dadi aku ngerti banget lambe atine wiwit cilik. Yen kowe cocog, aku saguh ngri­genake amrih kelakone. Ning nek ora cocog ya ora dadi apa. Sing penting, aku mrayogakake supaya kowe enggal rabi, netepi sunah Nabi.”
“Matur nuwun bu,” jawabku. “Nanging wiwit kala wingi kula sumerep lare punika, kok boten wonten getering raos babar pisan.”
“O, ya wis ora dadi apa. Lha apa saja­ke wis ana bocah wadon liya sing nuwuh­ake getere rasamu?”
“Sampun,” saurku. “Nanging dereng kula cobi sambung rembag. Dados kula inggih dereng ngertos, saged gathuk pu­napa boten.”
“Alhamdulillah, aku melu seneng. Dak pepuji muga bisa dadi.”
“Matur nuwun, Bu,” aturku.
“Ya, wis,” ucape bu haji. “Ya mung kuwi wigatine kowe dak kon mrene. Saiki, gan­dheng dina pasaran Wage, enggal baliya nglakokake angkotmu, akeh penumpang sing padha nunggu. Aja lali, nek dadi nganten aku kabarana.”
“Matur nuwun bu, nyuwun pamit. Mbak Sumirah, ayo dak terake mulih.” Aku ngungkurake omahe bu kaji bebarengan karo mbak Sumirah. Sengaja dak terake tekan omahe. Malah aku melu mlebu ngomah.
“Ora bali ider angkot?” takone.
“Ora,” saurku. “Wis entuk dhuwit akeh banget. Lan maneh, aku pancen kepengin jagongan karo kowe. Oleh ta?”
“Oleh banget,” jawabe sumeh.
“Nganti mengko sore?” takonku.
“Oleh. Nganti sesuk ya oleh,” saure kenes.
Sawise padha lungguh, dheweke ndhe­dhes aku :
“Dhik, ditawani prawan ayu kaya ngana kok ora gelem. Sing kok mathuki ki cah ngendi?”
“Cah Sawahan kene kok Mbak,” saur­ku.
“Tenan piye? Kebeneran, suk cedhak aku. Jenenge sapa. Nek perlu aku gelem mbantu supaya lancar.”
“Tenan? Mbak gelem mbantu?”
“Iya. Sebutna, sapa sing kok sir kuwi.”
Aku mandeng dheweke sauntara. Lan dheweke alok :
“Kok malah mandeng aku ra uwis-uwis. Aku ki risi nek dipandeng wong bagus kaya kowe kuwi. Wis gek omonga, sapa sing kok sir?”
Karo tetep mandeng, aku nyauri :
“Kowe mbak.”
“Ha?” ucape nyentak. “Aku? Ora. Kowe mesthi goroh. Jujur wae Dhik, sapa sing kok senengi?”
“Kowe dhewe kok, Mbak,” jawabku manteb.
Tangane diobat-abitake ing ngarep pipine, karo muni kipa-kipa :
“Ora. Ora wae, aku wis randha. Suk mun­dhak gela mburi. Goleka sing isih prawan wae, cah kene ya akeh ayu-ayu.”
“Dadi Mbak ora gelem dadi bojoku?”
“Ora!” jawabe manteb.
“Ya wis, ra pa-pa. Nek ngono kowe dak dongakake daganganmu sandhangan bubruk ora ana wong tuku, kowe nadyan ayu ning ora ana sing ngepek nganti tuwek elek untune entek, rambute putih njem­bemblek, awake kuru nyekingkring, susu­ne kempes kewer-kewer kaya dhompet koklok, sikile ….. “
Dheweke nubruk aku, ngruket dhadha­ku lan pipine dipepetake lambeku kanggo mbungkem, karo muni getem-getem :
“Uwiis! Iya, iya aku gelem aku gelem aku geleeem.”
Dak umbar wae olehe ngruket nganti sauntara. Nganti diuculake dhewe. Ke­prungu grundelane :
“Wong ndongakake elek kok nganti dhedhel dhuwel kewer-kewer dadi dhom­pet koklok.”
Karo muni ngono iku tanpa sadhar tangane nyangga payudarane sing weweg.
“Salahe ora gelem dipek,” sautku.
“Iya, aku gelem,” saure karo njedhir lambene.
Dheweke menyat, lumaku mlebu ruwang mburi. Nganti sauntara. Baline nggawa susu soklat sagelas disuguhake aku.
“Nya diunjuk dhisik. Gek diterusake rembuge.”
Sawise dak ombe sawatara, dheweke rembugan, kanthi swara alus manuhara:
“Dhik, apa wis kok pikir jero? Nadyan durung duwe anak, aku ki wis randha. Apa ora gela yen kowe ngepek aku?”
Dak wangsuli jujur:
“Mbak, aku lan adhi-adhiku ki yatim-piyatu wiwit bocah. Aku kepengin duwe bojo sing bisa dadi kekasihku, dadi kanca uripku, dadi mbakyuku, pisan gawe dadi gantine ibu tumrap adhi-adhiku. Lan aku yakin, Mbak bisa mujudi pepenginanku sing mengkono iku.”
Mbak Sumirah ora mangsuli. Mung mripate sumunar tajem nyawang aku, katon bening mencorot kaya murub mbro­ngot atiku. Dumadakan ana banyu mrentul saka pojoking mripate, mili ing pipine kang alus. Dheweke nyaketi aku, ngrangkul aku karo guneman ngemu rasa asih :
“Dhik, matur nuwun banget kowe gelem ngalap aku. Muga-muga aku bisa mujudi pepenginanmu iku. Aku dhewe uga wis ora duwe wong tuwa, Dhik. Nanging aku duwe kakang minangka ganti­ne bapakku. Dheweke ana Yogya nunggu tokone. Mula sesuk kowe dak ajak sowan mrana, matur perkara iki.”
“Matur nuwun, Mbak. Sesuk dak ampiri.”
Aku enggal njaluk pamit. Let sedhela mobilku wis nggleser mulih, krasa enthing playune, ngingsring kaya ora ngambah lemah.

Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat.
http://www.panjebarsemangat.co.id

Tidak ada komentar:

Posting Komentar