Rabu, 01 Februari 2012

CERKAK ( 33 )
SEPURE WIS MANGKAT

Aku nyawang arloji, jam 10 kurang limang menit. Saka speakere stasiun Tawang, Semarang keprungu lamat-lamat lagune Sony Jozh.  Ora rinasa eluhku tumetes. Tembang kang mentas tak rungu mau  malah njejuwing rasa pangrasaku. Kaya lagi nyemoni apa kang tak lakoni saksuwene iki. Gawang-gawang  ing mripatku lelakon seminggu kepungkur  ing stasiun iki ya ing kursi kang saiki tak lungguhi. Lelakon kang  njalari ati kang sasuwene aku bebojowan mati dadi urip maneh.

sepure-wis-mangkat-1Anggonku bebojowan cukup suwe nanging durung kaparingan momongan. Sepining batinku saya ngambar-ambra awit saploke ningkahan arang kadhing kumpul bojo merga dipisahake dening jarak. Aku nyambutgawe ing pamulangan luhur negri ing Semarang dene bojoku ngasta ana perguruan tinggi ing Bandung.  Satemene ora kurang-kurang anggonku mbudidaya amrih bisa nyawiji karo bojoku nanging engga seprene durung bisa kaleksanan.


Rasa tresnaku marang mas Bas, bojoku, dadi luntur mbaka sethithik engga wusana ilang kasaput angin. Wis ora ana rasa apa-apa marang mas Bas sanajan yen pinuju ketemu ngana kae ya nindakake kaya satataning wong bebojowan. Rumangsaku rasane anyep tur ampang. Nanging ndilalah ana kedadeyan  ora kanyana kang ndadekake atiku murub maneh. Yakuwi nalika ana tamu saka Jakarta sakperlu ngoreksi utawa monitoring marang penggaweyan kan dadi tanggung jawabku. Gawang-gawang kadadeyan seminggu kepungkur bali cumithak ana angen-angenku.

“Saya besok naik Kereta Gumarang dari Jakarta, sampai Semarang jam 13.00”, ngono unine sms kang mlebu Hpku nalika iku.
“Baik Pak, kami usahakan untuk menjemput bapak ke stasiun”,  aku mbalesi.
Aku banjur ngajak pak Pur, sopir lembaga lan Bu Ati, staf kantor,  supaya ngancani aku  mapag rawuhe tamu saka Jakarta mau. Nanging najan wis meh sakjam anggonku ngenteni sepure meksa durung teka. Kamangka kudune sepur wis mlebu stasiun Tawang  jam 13.00 nanging iki nganti jam 14.00 kok ya durung teka.
Nalika atiku goreh, saka speaker keprungu pengumuman menawa sepur sing dak antu-antu wis nyedhaki stasiun. “Perhatian untuk para penumpang, Kereta Api Gumarang jurusan Jakarta – Semarang sebentar lagi akan memasuki stasiun.”
Ora let suwe penumpang wis pating brubul metu saka gerbong. Nanging aku  durung weruh  Pak Pramujo, ya tamu saka Jakarta kuwi.
“Selamat siang Bu, selamat bertemu kembali.”
Aku kaget, lha wong kene lagi menthelengi penumpang sing ndlidir metu saka stasiun  kok mara-mara piyantune malah wis ana jejerku. Pak Pram ngathungake tangan ngajak salaman.
“Selamat siang Pak, selamat datang di Semarang. Semoga perjalanan Bapak tidak ada halangan apapun,” aku mangsuli karo nampani astane.
“Langsung ke hotel saja Pak,sudah kami pesankan.”
“Ya Bu, saya ngikut saja.”
***
Wis rong dina papriksan berkas lan bukti lapangan katindakake dening Pak Pram. Maneka warna sing ditakokake, ewadene ya isih akeh sing dianggep kurang sampurna. Aku rada kaget karo sikepe Pak Pram. Dek semana nalika aku ngaturake proposal menyang Bogor sikepe cuek. Mesem wae ora. Nanging bareng saiki ketemu ana lapangan jebul akeh guyone lan nyumadulur. Kanca-kancaku sakantor melu seneng marang sikepe Pak Pram kang ora galak kaya pengawas sing uwis-uwis. Rong dina dudu wektu sing suwe tumrapku, nanging keconggah ngurupake genining atiku sing wis kebacut mati. Tuwuh  rasa senengku marang Pak Pram sing kebapakan lan simpatik mau.
“Besok pulang ke Jakarta jam berapa Pak?” pitakone Bu Ati  nalika Pak Pram wis rampung niti priksa berkas lapuran.
“Jam 10 siang Bu.”
“Baik Pak, besok saya siapkan mobil untuk mengantar Bapak,” aku nyaut sebab minangka ketua proyek aku rumangsa duwe tanggung jawab marang panjenengane.
***
“Maaf Pak, tidak ada mobil kantor dan sopir yang nganggur. Terpaksa saya sendiri yang ngantar Bapak dengan sepedhah motor,” kandhaku nalika Pak Pram wis samapta ing lobby hotel.
“Tidak apa-apa Bu, yang penting saya bisa sampai stasiun. Naik taksipun boleh jika terpaksa,” wangsulane Pak Pram andhap asor.
Alon-alon motor tak lakokake tumuju stasiun. Sakdawane mlaku menyang stasiun ora akeh kang bisa dianggo bahan obrolan, luwih akeh meneng-menengane sinambi ngenam pikirane dhewe-dhewe. Nanging ya sakdawane mboncengke Pak Pram mau atiku saya ora karu-karuwan. Rumangsaku kaya lagi boncengan karo pacar.  Tekan stasiun karepku arep ngeterake mlebu nanging dicandhet dening Pak Pram.

sepure-wis-mangkat-2“Tidak perlu diantar sampai dalam Bu, cukup sampai disini saja.”
“Tidak apa-apa Pak, wong saya juga sedang tidak ada kegiatan”, kandhaku karo nyangking oleh-oleh kang arep digawa Pak Pram. Oleh-oleh pitukone kanca-kanca, makanan khas Semarang-an, kalebu bandeng dhuri lunak. Pak Pram mesem lan ngetogake aku melu mlebu peron.
Aku melu lungguh ngancani Pak Pram, nunggu sepur kang arep nggawa panjenengane kundur Jakarta. Ya ing ruwang tunggu iki  akeh obrolan kang kawetu saka lambeku lan lesane Pak Pram. Sejatine mung ngobrol wajar, nanging cilakane malah dadi ora wajar tumrapku. Aku bola-bali nyawang pasuryane Pak Pram kanthi premati. Ya lagi ing stasiun iki aku bisa taneg ngematake pasuryane sing bagus jalaran sasuwene rong ndina ngancani panjenengane ora kober nggatekake. Tak sawang-sawang kok tambah nengsemake. Atiku kaya urip lan rasa pangrasaku mumbul maneh. Ati lan pangrasa kang wis lawas mati marga ora tau diopeni bojo.
Durung tutug anggonku ngobrol sinambi ngematake pasuryane Pak Pram dadak keprungu aba-aba yen sepur jurusan Jakarta arep mlebu stasiun. Pak Pram menyat siap-siap ana pinggir ril.
“Saya bawakan salah satu tasnya Pak,”  kandhaku karo nyangkingke tas oleh-oleh.
“Nggak usah Bu, saya sendiri bisa kok,”  wangsulane pak Pram karo mesem.
“Tapi kan repot,” kandhaku.
Bareng sepure wis mlebu, aku lan Pak Pram munggah gerbong 2 nggoleki kursi 10 C.  Sawise kursine ketemu lan barang wis diunggahke nduwur bagasi, aku nyawang penumpang kenya  merak ati  kang bakal dadi kancane Pak Pram lenggah. Ana rasa ewa ing atiku, yagene dudu aku sing njejeri penjenengane tumuju Jakarta?
“Hati-hati Pak, selamat jalan,” kandhaku karo ngajak salaman.
“Ya Bu terima kasih atas semuanya dalam melayani saya selama disini,” wangsulane Pak Pram karo nggegem tanganku  kenceng.
“Sama-sama Pak, saya turun dulu,”  aku banjur mlaku metu saka gerbong.
Ing ruwang peron aku kepikiran marang wanodya kang ana jejere Pak Pram. Aku cemburu marang wanita kuwi nadyan ya ngrumangsani apa hak-ku nyujanani dheweke. Uthag-utheg aku nggrayahi HP ing njero tas, banjur ngetik sms. “Hati-hati di jalan Pak, jangan sampai dekat-dekat dengan cewek disamping Bapak lho.”
Sms banjur tak kirim marang Pak Pram. Tak tunggu nganti suwe durung ana wangsulan. Nganti sepure mangkat aku isih ngarep-arep wangsulane sms saka Pak Pram. Uga ngarep-arep mbukake lawang ati, lawang ati kang durung tak ngerteni apa isine. Sepure wis mangkat nggawa atiku kang sakdurunge kaku  kaya watu kang saiki wis lumer. Lumer dening sikepe Pak Pram semanak lan simpatik. Kang terus tak eling-eling mung ngendikane Pak Pram nalika pamitan marang kanca-kanca, “Ke Semarang lewat Pati. Semoga diwaktu mendatang bisa sampai kesini lagi”.
Kula tengga rawuhipun, Pak!.

Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat.
http://www.panjebarsemangat.co.id

Tidak ada komentar:

Posting Komentar