Rabu, 01 Februari 2012

CERKAK ( 32 )
TOBONG  KOBONG

Ya senajan awake dhewe iku mung pelaku seni lan dudu ahli sejarah, nanging ora ana alane yen melu oncek-oncek crita rakyat utawa legendha lokal marang para penonton, luwih-luwih marang para generasi mudha. Pamrihe supaya bangsa iki ora kelangan lacak ngenani piwulang luhur kang sumimpen ana lumakuning sejarah bangsane,” Kasman sing esuk kuwi lungguh sila dikupeng dening anak buwahe ana sandhuwure klasa ing tengah panggung, mbukak gunem.

tobong-kobong-1“Wah, yen ngoten niku sok-sok lakune crita saged nyimpang saking sing empun umum dipentaske grup sanes no Dhe,” Parto Gecul sing kerep kedhapuk dadi prajurit dhupakan cluluk semu maido karo nylonjorake sikil. Warsini Emban sing lungguh ana sandhinge mingset rada ngadoh, merga apal karo klageyane kancane kuwi yen dhong omongan. Ora cukup mung lambene wae sing obah nanging uga tangane melu-melu sraweyan kanggo nguwatake ekspresi utawa emosine.



“Isa ora, isa iya. Gumantung carane anggone nggawa. Neng ngarep mau aku rak wis kandha, awake dhewe iki dudu ahli sejarah. Mula yen ngandharake bab sing ngono-ngono kuwi ora kudu kaya wong pidhato utawa dhiskusi ana ruwangan seminar, ning cukup dilebokake ana sanjerone lakon. Dislempit-slempitake liwat dhialog. Guman­tung pinter-pintere awake dhewe wae. Sing baku penonton bisa nyurasa apa kang kinandhut jroning crita mau,” wangsulane Kasman sareh.

“Lha kangge mengke dalu napa siyos mentaske Damar­wulan ngarit Kang Man?”  Yadi sing bageyan jaga karcis mite­rang.
“ Iya. Mula iki mumpung isih isuk karepku paragane takdum pisan.”
“Menawi Lik Kasman dhapuk Menakjingga kula dados Dayun mawon Lik. Sisan ben saged ajar dhialog saking njenengan,” Warsono sing kulinane entuk pa­raga ora beda Parto Gecul usul saka sisih tengen panggung.
“Gampang No,” tanpa ngulati sing usul, Kasman semaur cekak.
“Awakmu kurang kuru No. Sing pas ya Kang Karno kuwi. Awak-awakane trep tur baut ndhagel. Kowe isih kenomen !!” Ranto penabuh kendhang nram­bul gunem.
“Lha yen sing nom ra tau di­bagehi peran sing rada sentral terus kapan pintere Lik,” War­sono  maido.
“Ya kabeh kuwi nganggo wektu No. Aja nggege mangsa. Ndak dadine mung kaya gedhang karbitan. Katone saka njaba mateng ning rasane cemplang. Takona Rasmidi kuwi. Pirang taun dheweke gabung ana grup kethoprak iki, rak lagi akhir-akhir iki wae ta oleh peran dadi rol?”
“Wah ya ora kudu ngono Lik To. Najan isih bocaha kae yen wis mumpuni kudune ya diwenehi enggon,” semantane War­sono karo ndengegek nyawang Ranto sing lagi mbenakake taline kendhang. Ranto nyelehake kendhange. Arep wangsulan nanging didhisiki dening Kasman.
“ Wis-wis sigeg. Kok malah dha regejegan ki piye? Aja padha seneng rebut balung tanpa isi. Kabeh peran ki penting. Ra ana peran sentral utawa peran pinggiran. Suksese pagelaran ki gu­mantung ana kekompakan. Iki kerja tim. Ora perlu ngunggul-unggulake diri pribadine,” Kasman munggel anggone padha eyel-eyelan. Pranyata najan umure ora kacek adoh karo para anggota liyane nanging prebawane minangka pimpinan grup ngiras sutradara isih dikurmati dening paraga liyane.
“Iki takdum ya paragane kanggo mengko bengi,” Kasman mbacutake gunem.
“Nggih…” sing padha semaur sajak koor.
“Tumijan, Supar, Tro Kendhil, Gecul, maraga prajurit Blam­bangan ya.”
“Siyaaap..!!”
“ Oke Boss..!!”
Sing diceluki jenenge semaut saur manuk.
“ Lastri maraga Wahita, Suminem maraga Puyengan.”
Lastri lan Suminem sing lungguh ana mburine Warsini manthuk sumanggem.
“ Warsono, Lukman, Heru karo …. Jayadi. Dhapuk prajurit Majapait.”
“ Siap-siap…”
“ Lha rak tenan ta, aku isih tetep ke­bageyan bala dhupakan…!!” Warsono gem­remeng. Kasman sing sejatine krungu gumremenge Warsono ora ngrewes lan terus mbacutake olehe ngedum paraga.
“Kang Wirya endi ya …?” pitakone Kas­man karo mripate clilang-clileng ngulati anak buwahe sing padha lungguh ngu­pengi dheweke.
“Ya Boss, hadirr…!!” semaure Wirya karo njenggirat tangi saka anggone turon ana pojokan panggung ngarep geber.
“Sampeyan dhapuk Adipati Rang­ga­lawe ya?”

tobong-kobong-2Ana ndhuwur panggung swasanane ora kalah gayeng
“Lah, aku dadi apa wae manut…!” se­maure Wirya kebak semangat. Kasman mesem kelegan lan nutugake anggone ngedhum peran siji mbaka siji. Wiwit Patih Logender, Dayun, Layang Seta, Layang Kumitir, Dewi Anjasmara lan liya-liyane wis oleh paraga, semono uga dhapukan emban lan dhagelane wis komplit.
“Lha sing dhapuk Menakjingga, Damar­wulan karo Ratu Kencanawungu sapa Kang?”  Karno sing mentas oleh paraga dadi Dayun cluluk.
“Menakjinggone aku dhewe. Damar­wulane ben Rasmidi, dene Kencana­wungune mboke bocah-bocah wae. Wis ya saiki bubar, terus sarapan dhisik. Mengko awan bar jam rolas ketemu maneh matengake dhialog,” Kasman mungkasi sing padha sapatemon. Ang­gota grup Kethoprak Tobong Marsudi Budaya pimpinane Kasman Hadi Mulyono padha menyat, bubar ninggalake ndhuwur panggung.
***
Grup Kethoprak pimpinane Kasman iki pancen manjila. Ing tengahe kahanan  kesenian tobong siji mbaka siji cures, pra­nyata Kethoprak Marsudi Budaya isih bisa jejeg nyangga genderane grup. Kabeh kuwi ora liya saka  pintere Kasman sing dadi pimpinan ngiras sutradhara. Kala-kala dheweke isih gelem mudhun ing tengahe panggung rikala ana peran sing mbutuhake karakter kang kuwat. Kasman seniman gamben kang lair saka alam. Ditatar dening pait getiring jaman sarta wareg ngrasakake asin legine jagad olah kesenian. Wiwit jaman para pelaku seni bisa urip mubra-mubru kajen keringan nganti tumekaning saiki nalika profesi seniman di sawang mata sesisih.
Ana uripe Kasman ora ana liya kang di­pikirake kejaba kethoprak. Nganti umure Kasman nyedhaki setengah abad tekade isih kuwat nggondheli niyat kang diantebi, ora beda karo nalika biyen dhe­weke nibakake pilihan marang jagading seni kanggo dalan uripe. Tekad kang ora tau owah gingsir, wiwit dheweke ketampa dadi tukang pengerek geber nganti tume­kaning saiki nalika nasib nglungguhake Kasman dadi bos kethoprak lan sutradara sing peng-pengan.
Pikirane kang dilatih wiwit nom kanggo nyurasa lakon-lakon, ndadekake garapan crita ana panggunge beda karo grup-grup tobong liyane sing akeh-akehe mung ngedol lucune para dhagelan kang sok-sok malah semu saru. Trobosan-tro­bosane kang wani mbedhah crita kanthi tetep nyekel lakon ndadekake pagelarane nduweni ciri khas kang bisa nambah pangerten tumraping para penontone.
Kasman lan kethoprak kaya-kaya wis nyawiji. Ora ana Kasman yen ora ana ke­thoprak lan kethoprak dadi kurang jang­kep yen ora ngojahake Kasman. Ora mung wektu lan tenaga kang wis disumbang­ake, kepara uga bandha kanggo nguripi tobonge. Jeneng tombok wis barang lum­rah, warisan lemah sailat ana desane wis kadol kanggo nambal butuhe grupe.  Nganti urusan rabi wae dheweke klebu telat awit lagi omah-omah nalika umure nyandhak patang puluh lima taun. Oleh Hartini, kenya umur selawe  kang wis sa­wetara taun dadi kembang panggunge.
***
Kaya padatan, wengi kuwi penonton kang ndeleng pagelaran kethoprak Mar­sudi Budaya mbludag. Dhasar langite padhang njingglang. Sing nonton trima lungguh ana sesuketan dilambari klasa sing wis dicawisake lan digawa saka ngo­mah. Ana ndhuwur panggung swasanane ora kalah gayeng. Apamaneh nalika Da­marwulan kang diparagani Rasmidi ke­temu karo Hartini bojone Kasman sing kedhapuk dadi Ratu Kencanawungu. Malah-malah sawetara penontone ana kang keplok-keplok sajake kepranan karo adegan kang digawa Rasmidi lan Hartini sing pancene isih padha mudhane kanthi umur-umuran kang ora kacek adoh.
Adegan mbaka adegan gilir gumanti, sing nonton padha jenak ngenteni nganti titi pungkasane lakon. Kasman sing ma­ragani Adipati Menakjingga ora kalah wasis anggone nggawa crita. Apa maneh nalika dheweke ngandharake babagan gugure Adipati Tuban kanthi dialog kang nrenyuhake .
“Pamananku  Adipati Lawe kuwi Yun, wis gugur sadurunge perang Majapait mungsuh Blambangan. Nemahi pralaya netepi ujaring bebener. Jer saktenane pan­jenenengane pirsa yen aku iki sejatine mung njaluk ganjaran kaya sing dijanje­kake Ratu Ayu Kencanawungu duk ing nguni jroning sayembara merjaya Kebo Marcuwet,” kandhane Kasman sing dadi Minakjingga kanthi suwara bantas marang Karno kang meranake  Dayun.
Kasman anggone maragakake Adipati Menakjingga uga beda karo kethoprak liya. Menakjinggane Kasman ora kencig, uga ora mawa clonehan rai. Marga kang­go­ne Kasman, kepriyea wae Menakjingga kuwi Adipati kang ora bisa disawiyah sa­karepe dhewe apamaneh kanggo gego­jegan jroning pementasan. Kuwi salah sijine bab kang disenengi penonton. Sak­liyane nyuguhake tontonan kanthi drama­tikal kang becik uga menehi gegambaran obyektif ngenani tokoh lan lakune crita jroning legendha utawa crita rakyat.
“Thut, oleh-olehane ka karcis mung semene? Ketoke sing nonton rak ya mblu­dag akeh ta?” pitakone Kasman marang Puthut sing jaga lawang mlebu, sabubare pagelaran rampung.
“Weleh njih niku Dhe. Lah ambaka kathah penonton wong nika wau dha digandhengi kalihan Bayan lan Kamituwa ngoten kok. Napa njih ajeng ditariki karcis?”
Kasman mung bisa unjal ambegan karo tangane iwut nglempiti jarik. Wang­sulan saka Puthut kuwi yen dietungi wis kliwat saka ping rong puluh. Kasman nggresah, tetela penikmat seni dhewe uga durung kabeh gelem ngregani ketho­prak. Senengane gratisan.
Kasman saiki wis beda karo Kasman rong puluh taun kepungkur. Umure wis   nyandhak setengah abad. Senajan ing dhadhane murub semanagat makantar – kantar nanging saiki dheweke uga kudu mikirake tanggung jawabe dadi kepala kulawarga. Lan saben-saben sabubare pagelaran kethoprak, Kasman mung bisa nglangut ana sakmburine panggung, nga­burake angen-angene bebarengan mu­lege keluk rokok kang genti-genten ngo­yak lakune napas sing saya tuwa.
***
Ocehing manuk esuk iki ora bisa nju­garake lamunane Kasman kang lungguh mbisu ana sandhuwure kursi penjalin tuwa, ing omah cilik ngisor wit blimbing pinggir ndalan. Omah kanthi aling-aling triplek iki dikontrak Kasman saka dhuwit asil do­dolan sepedha motor. Lan wiwit di­pang­goni limang taun kepungkur sa­wise grup kethoprake bubar. Isen-isene sarwa pra­saja. Yen ana barang pengaji mbok­me­nawa  mung sawatara piala lan piagam nalika grup kethoprake menangake kaju­waran puluhan taun kawuri.
Sejatine ana rasa bombong saben-saben mripate Kasman nyawang sawer­na­ne piala kang dijejer-jejer ana sandhu­wure bupet cilik wadhah sandhangan iku. Nanging uga sumlempit rasa cuwa saben kelingan Hartini bojone sing pilih ning­galake dheweke merga ngetutake Ras­midi tilas role Marsudi Budaya let se­tengah taun sawise dheweke  mbubarake kethoprak kuwi.
Ana rasa gela yen nyipati grup ketho­prak kang wis nggedhekake jenenge iku pungkasane kudu kinubur jaman, nututi  kesenian-kesenian tobong liyane. Nanging Kasman ora bisa bangga. Utang kang numpuk kanggo nutup beya produksi njaluk enggal dilunasi. Sejatine yen rikala semana Kasman gelem ngencengi me­nejemene, dheweke ora prelu mbubarake  kethoprake. Nanging merga kendhone pengawasan kang mung dilandhesi rasa kapercayan ndadekake anak buwahe ru­mangsa bebas nilep dhuwit asil dodolane karcis.
Kasman unjal ambegan dawa. Nglong­garake dhadhane saka rasa seseg  saben-saben dheweke ngeling-eling lelakon kang wis kepungkur. Apamaneh yen  kepikiran entek-entekan sasi iki dheweke kudu wis njangkepi dhuwit sewan omah, utawa yen ora Kasman kudu cepet-cepet golek kon­trakan liya sing luwih murah. Sawise ngu­cel-ucel rambute sing wis dikebaki uwan Kasman menyat. Ngadeg ninggalake ru­wangan tengah. Ngener senthong lan ngglethakake awake sing kedadak ru­mangsa lungkrah ana ndhuwure dhipan. Sadurunge mripate merem dhipet Kas­man isih kober ndedonga muga-muga dhe­weke  jroning turu  ngimpi maraga dadi Arya Penangsang. Nyengklak Gagak Rimang kanggo nglumpati jembare bengawan.

Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat.
http://www.panjebarsemangat.co.id

2 komentar:

  1. nama:triananta yoga s
    no.ab:32
    kelas:VIIIb

    MATUR NUWUN PAAAAK...!!!

    BalasHapus
  2. nama:triananta yoga s
    kelas:VIIIb
    no.ab:32

    MATUR SUWUN PAAAK !!!!!

    BalasHapus