CERKAK ( 34 )
BOTOL PLASTIK
Wis seger ya, ngono sapaku marang prawan
setengah tuwa, bintang sinetron, sawise dheweke adus. Aku pancen
nunggoni aneng kono. Nyawang olehe reresik awak. Wiwit sikatan, kramas,
sabunan, nggebyur lan babar pisan umbah-umbah panganggo jerone. Prawan
iku ora nggape, malah rengeng-rengeng lagune Didi Kempot. Awake katon
weweg. Bubar adus krasa bingar, seger. Pancen sedina kuwi hawane krasa
panas, sumuk. Dheweke ora wangsulan. Pancen sajake ora krungu panyapaku.
Sedina iki mau dheweke lagi prei, ora ana jadwal syuting. Wingi-wingi meh saben dina lunga, kadhang tekan bengi. Dadi bintang sinetron seri lan disiarake ana televisi saben dina. Istilahe kejar tayang. Pancen ya kesel temenan. Nanging asile lumayan. Sebab nadyan durung rong taun dikontrak dadi peran pembantu, saiki dheweke wis duwe sepedha-motor anyar. Sandhangane uga tambah akeh lan apik-apik modhele. Senadyan umure wis ngancik telungpuluh telu, nanging katon isih luwih enom. Awit awake kerumat.
Rumangsaku dheweke ya prawan lumrah. Praene ya manis, ora angkuh, ya ngerti unggah-ungguh. Ora gampang nesu, kepara sok ngalah. Apa maneh karo Rawi, siji-sijine adhine lanang, sing dadi bos pulsa tilpun seluler lan duwe kios cacah rolas. Nadyan wis bisa golek dhuwit dhewe, malah wis duwe sisihan lan anak lanang siji, Rawi kadhang isih sok mbeda mbakyune.
“Ndi mbak, tukon rokoke!”
“Jare dadi bos pulsa, dhuwit rokok bae sambat!” Mbakyune ganti melehake, nanging ya sambi tangane ngulungake rongpuluhan ewu rong lembar.
“Kesuwun, kesuwun. Dhuh, cen mbakyuku temenan.”
“Ki daktambahi, tukokna mobil-mobilan kanggo anakmu!”
“Kesuwun. Alhamdulillah.”
Wis ana patang pasaran aku manggon ing kamar-mandhi pribadhine, kang cedhak karo kamar paturone. Kadadeyan apa wae ing kono, sithik-akeh aku krungu lan ngerti. Kaya rong dina kepungkur, prawan kuwi – o, iya jenenge Wuri — dilamar wong saka Semarang. Jarene dhudha anak loro, sudagar barang rongsokan nanging sugih. Dhudha mau asring nonton lakon sinetrone, suwe-suwe kasengsem. Ning ya mbuh, kaya-kaya Wuri durung gelem.
Kuwi kabeh satemene kadadeyan biyen. Watara setengah taunan sing wis kliwat. Saiki aku wis ora manggon aneng kamare Wuri maneh. Aku wis pindhah. Dheweke ya wis lali marang aku. Lali temenan. Anggepe aku wis dadi titah tanpa aji. Aku uga babar blas wis ora nate ngerti kepriye nasibe, wis sida oleh jodho apa durung. Elingku, ing sawijining sore, Wuri adus kramas. Aku luntak-luntak. Sakabeh sisa sing ana ing gembungku kasuntak entek. Awakku pegel kabeh, sirahku krasa puyeng. Nanging isih lamat-lamat krungu swarane Wuri. Ing kamar mandhi rengeng-rengeng lagu lawas, Bujangan, anggitane band Koes Plus. “……Begini nasib jadi bujangan, ke mana-mana, asalkan suka, tiada orang yang melarang …..” Apa iku ateges Wuri pancen isih seneng dhewekan, aku ora ngerti.
Saka dayane cahya mau, aku kaya-kay kasedhot. Kaya-kaya dijunjung mabur sandhuwuring tlaga.
Sawise kuwi aku ora eling. Aku semaput. Aku ora krasa yen esuke disingkirake Wuri. Ora krasa yen banjur dilarung aneng kali Bogowonto. Ora krasa uga yen telung dina aku kenyut ilining banyu. Nanging sajroning semaput aku malah ngimpi. Kaya-kaya aku nglangi aneng tlaga lendhut. Kuwi tlaga lendhute Bledhug Kuwu utawa tlaga lendhute Sidoarjo, ora pati cetha. Mung rumangsaku, aneng kono anggonku nglangi krasa abot. Napasku ngos-ngosan, krasa panas. Kaya-kaya arep ora kuwat. Nanging ndilalah kersaning Allah, dumadakan saka langit sisih wetan, sacedhaking lintang Panjer Esuk, kaya ana cahya nyemburat warna jingga. Saka dayane cahya mau, aku kaya-kaya kasedhot. Kaya-kaya dijunjung mabur sanduwuring tlaga. Mubeng-mubeng sawetara, ngliwati gunung Merapi, ngliwati Gunung Kelud dan Semeru. Sarwa cepet. Ngerti-ngerti mudhun aneng pucuking Gunung Agung ing pulo Bali. Rumangsaku, ing kono awakku dadi wangi. Dirubung kupu lan tawon madu. Nalika aku kepingin njegur aneng tlaga Kintamani, tan kanyana aku nglilir. Aku sadhar saka semaputku.
Ujare wong akeh, jare impen kuwi mung kembanging turu. Sawetara pangandikane para pujangga ana uga impen sing ngemu pralambang. Aku ora ngerti lan ora nate neges-neges apa impenku biyen. Mbuh pralambang, mbuh kembang turu. Nanging kabeh kang kadadeyan dumunung sanjabane pangiraku. Saiki aku lungguh aneng kursi empuk. Sakiwa tengenku kebak kembang paesan. Ngganda wangi, amarga kala-kala disemprot parfum. Ya saiki iki aku dadi pajangan aneng kothak kaca sajroning mall kutha Surabaya. Pancen nasibku kadidene cakra manggilingan. Tau kepenak kaya ing omahe Wuri. Tau ora rekasa nalika dilarung ing kali, campur rereged warna-warna. Ning begjaku, saka pinggir kali, aku diopeni dening tukang-batu sing bojone makarya dadi pengrajin boneka saka barang bekas. Awakku sing langsing diupakara, didandani, diklambeni, dibengesi lan liya-liyane. Pungkasane dadi boneka cantik, sing disenengi anake wong-wong sugih. Wah, rasane seneng tenan.
Urip aneng kono kanyata ora suwe. Aku dipundhut dening mbak Tery kanggo hadhiah tanggap-warsa putrine, sing ngancik patang taun. Mbak Tery kuwi bojone Om Trialdo, yaiku pemain bal saka Brasil sing dikontrak kumpulan bal-balan Bratasena FC. Wiwit kuwi aku meh saben dina ngancani Mirdha, prawan cilik sing tregil, yen melek meh ora tau leren anggone dolanan. Kadhang aku dijak nyanyi, njoged, utawa nyandiwara. Mirdha dadi ibu, aku dadi anake. Mangkono sadina-dinane.
Klakon setaun Om Trialdo ganti dikontrak kumpulan bal-balan Barito FC ing Kalimantan. Mirdha lan ibune melu pindhah mrana. Jalaran keburu-buru, ora kabeh barang-barang darbeke digawa. Sabageyan sengaja ditinggal, sabageyan ketriwal. Klebu aku dhewe, boneka cantik sing dumadi saka botol plastik, melu sing kesingsal. Esuk mau wis kesampar saka dhapur tekan luwangan uwuh. Awan mau kena panase sang surya tanpa bisa suwala.
Sore iki si Kacung, nom-noman tangga sing sok dikongkon resik-resik, klakon ngobong uwuh. Ateges ya babar pisan ngobong awakku. Awakku nglinthing kepanasen. Ora nganti seprapat jam wis dadi areng, dadi awu. Awakku sirna, musna. Kari sukmaku mbaleni impen lawas. Mabur. Sandhuwure gunung Merbabu, ngliwati gunung Kelud lan Semeru. Nanging ora tekan pulo Bali. Malah mengalor nyebrang segara, tumuju menyang Banjarmasin. Ngetutake sedulur sinarawedi, Mirdha, anake mbak Tery. Nanging ora suwe. Aku nglayang maneh, ngidul-ngulon. Ngliwati bengawan Solo lan kali Bogowonto. Sedhela mampir ana omahe tukang-batu sing nate nulungi awakku. Terus mangulon. Pungkasane tekan sawijining perumahan ing tlatah kutha Bogor. Tekan omahe Wuri sing anyar. Aneng petamanan mburi omah, dheweke lagi lungguhan karo sawijining priya bagus. Kekarone katon kaya Pranacitra lan Rara Mendut lagi padha pacelathon. Mbuh apa sing lagi pada dirembug. Mbuh!

Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat.
http://www.panjebarsemangat.co.id
http://www.panjebarsemangat.co.id
Tidak ada komentar:
Posting Komentar