CERKAK ( 26 )
KATRESNAN LINGSIR SORE
Betheke Wimbadi bener. Nalika dheweke manyuk
regol, njomblak kaget meruhi latar bank BTPN sing jembar kuwi wis kebak
sepedha motor lan mobil. Wimbadi kangelan arep nyeleh sepedha motore.
Tujune juru parkir enggal mrenahake.
Bubar markir sepedha montore gage-gage ngener loket saperlu antri keplek.
Oleh nomer 467! Edian! Njur iki mengko jam pira tekan gilirane. Arepa teller-e ana papat, yen sing diladeni samono akehe rak panggah mbutuhake wektu suwe!
Wimbadi ndeleng arlojine. Lagi jam 08.45. Isih esuk. Pancen budhale saka ngomah mau lagi jam 07.15. Ning kok antriane wis tekan nomer 400 punjul. Njur wong-wong kuwi mau lho, olehe antri keplek wiwit jam pira?
Wimbadi agahan mlebu. Ruang tunggu BTPN sing jembar kuwi wis kebak para lansia sing arep njupuk dhuwit pensiun. Lanang lan wadon. Sasat ora ana papan sing sela. Karo plingukan golek papan, Wimbadi ndeleng angka panggilan digital ing sandhuwuring meja teller. Lagi tekan nomer 134.
“Nembe rawuh?” pitakone saweneh nom-noman nalika Wimbadi mapan lungguh ing sandhinge.
“Enggih,” wangsulane Wimbadi.
“Nomer pinten?” nom-noman kuwi takon.
“Kawan atus sewidak pitu! Mangka pun kula kaiti bidhal enjing.” Nom-noman kuwi mesem.
“Manawi tanggal setunggal pas dinten Setu, napa malih kepalang dinten Minggu kados ngaten niki, wanci Subuh lokete pun bikak.”
“Hloh? Enggih ta?”
“Kula wau pukul nem pun antri. Angsal nomer kalihatus,“ nom-noman kuwi aweh katrangan.
Wimbadi mlengak.
Wis rong taun Wimbadi pensiun. Maune anggone njupuk pensiunane neng BRI kecamatan. Cedhak karo omahe. Antrine uga dawa ning ya ora nganti atusan. Sing akeh-akeh bojone para TKI sing nampa kiriman saka luwar negeri. Rata-rata isih nom. Pacakane menor-menor, mas-masane nggrembyang. Gunemane dakik-dakik. Wimbadi risi, rumangsa ora sa-level. Mula banjur pindhah menyang BTPN iki, kang manggone ing kutha kabupaten. Adoh ora dadi apa. Ngiras plesir. Wong mandhak sesasi pisan bae.
Sejatine ora mung merga risi karo nasabah liya sing ora sa-level. Dheweke pindhah menyang BTPN merga butuh golek utangan kanggo nukokake sepedha motor ragile sing kuliyah neng Malang. Tumrap pensiunan kaya dheweke, bank sing cocog kanggo golek utangan ya BTPN kuwi. Kejaba anakane cilik, BTPN rak pancen bank-e para pensiunan.
“Nuwun sewu, slirane mundhut arta pensiunanipun keng Bapak napa keng Ibu?” Wimbadi pitakon. Awit cetha ora mungkin nom-noman iku dhewe sing pensiun. Mesthi makili wong tuwane. Wong umur-umurane lagi telung puluhan.
“O, anu … makili Bapak. Bapak pun meh setaun gerah strok,” katrangane nomnoman iku.
“O, ngaten. Wah, mesakaken sanget nggih. Pancen samenika kathah priyantun ketaman strok. Boten mawang tiyang sugih menapa mlarat. Anu … kok boten keng Ibu kemawon ingkang mundhut?” Wimbadi nguber.
“Ibu sampun seda nalika kula nembe minggah semester sekawan. Inggih mergi dipuntilar Ibu seda menika, Bapak lajeng gerah-gerahen. Kepeksa kula mothol kuliyah awit wekdal kula telas kangge ngrimat Bapak.”
“Oh, ngapunten. Pitakenan kula nranyak. Boten sapantese kula ngurus-ngurus kados menika kalawau,” Wimbadi nggetuni anggone wis ngurus-ngurus.
Nom-noman kuwi mesem kecut.
Wimbadi banjur kelingan marang lelakone dhewe. Dirasa-rasa lelakone wong tuwane nom-noman iku memper karo lelakone. Kuntari, sisihane uga wis suwe ndhisiki sowan Gusti, nalika Tri Pangesthi si anake ragil lagi klas loro SMA. Wimbadi uga rumangsa shock lan rumangsa kelangan. Arepa Kuntari iku bojo pilihane wong tuwane, sing ateges dudu pilihane dhewe. Nanging anggone nyisihi uripe meh 30 taun suwene.
Mung bae Wimbadi bisa mupus, jer pati urip mono wis pinesthi. Kanthi kasadharan iku Wimbadi mbacutake nggulawenthah anak-anake, utamane si ragil Tri Pangesthi sing isih mbutuhake wragad. Awit pembarep lan penggulune wis mentas lan mencar. Rahayune maneh, Wimbadi pinaringan bagas kuwarasan. Nganti wis pensiun iki kuwarasane tetep prima.
Tau ing sawijining wektu anake mbarep kandha, “Prayogine Bapak krama malih.
Bapak rak tesih sehat. Kula lan adhik-adhik langkung remen manawi Bapak kersa krama malih. “
Wektu semana Wimbadi mung mesem. Ora selak, kadidene wong lanang sing normal lan sehat, dheweke pancen isih butuh wanita. Nanging arep langsung nyetujoni krenahe anake sajake kok piye… ngono. Ayake kuwatir diarani gaplek pringkilan, tuwek pethakilan ngana kae.
“Keplekipun Bapak kalawau nomer pinten?” nom-noman sandhinge mbuyarake lamunane.
“Kawan atus sewidak pitu,” wangsulane Wimbadi karo ngrogoh sake nuduhake keplek.
“Ngga kula lintoni gadhahan kula ingkang setunggalipun. Nomere langkung awal,” nom-noman kuwi menehake kepleke. Wimbadi uga banjur nampani. Dideleng nomere 306. Kacek satus seket punjul tinimbang duweke.
“Wah, matur nuwun sanget! Kok slirane saged angsal keplek kalih?”
“Kula pancen ajegan mendhet keplek dhobel. Bibar mendhet ingkang kapisan kula ethok-ethok medal. Let sakedhap mendhet malih. Satpam ingkang njagi rak boten titen,” ujare nom-noman iku karo nggleges. Wimbadi katut ngguyu. Ana-ana bae akale. Kapan-kapan kono Wimbadi kepengin niru.
“Pak, nuwun sewu kula taklenggah ngajeng nggih, menika sampun meh dumugi giliran kula!” Ujug-ujug nom-noman kuwi menyat. Wimbadi gage menehi dalan. Karo sepisan maneh kandha matur nuwun dene wis diwenehi keplek kanthi nomer luwih awal.
Pandulu loro tempuk. Banjur padha mesem.
Sapungkure si nom-noman, Wimbadi malih amem. Kanca lungguh ing sacedhake saweneh priyayi kakung wis sepuh banget. Lagi nglengger sare sajak pules. Wimbadi nyoba melu-melu ngeremake mripate. Lagi rayam-rayam dadak krungu swara pitakon.
“Nuwun sewu, papan menika kosong nggih?”
Pitakon kasebut genah ditujokake marang dheweke. Mula Wimbadi ngelekake mripate. Byar. Wusana natap bleger ing sacedhake. Bleger wadon sing agawe kagete.
“J … j … jeng … Rastri?!” panyapane gupuh.
Sing disapa ora kalah kaget. Gage maspadakake luwih premana. Wusana ….
“Mas … Wim …. Wimbadi?!”
“Bener Jeng! Aku Wimbadi-mu!”
Wong loro, lanang wadon padhadene wis lingsir yuswane tumuli sesalaman raket. Kok upama ora neng papan rame mesthine malah rerangkulan.
Wimbadi mingset menehi panggonan. Wanita aran Rastri – sing sanajan yuswane wis nengahi – nanging isih katon ayu lan weweg kuwi gage lungguh njejeri. Trenyeng, dadak jantunge Wimbadi geter. Wis suwe – saploke ditinggal Kuntari – Wimbadi ora cecaketan karo wanita. Ora aneh yen jantunge banjur nitir. Apa maneh wanita iki ana cathetane mligi ing atine.
“Jeng Rastri ya wis pensiun ta?” panlemake Wimbadi kanggo nyabili kumitiring jantung.
“Pensiun? Ah, njenengan ki ngenyek. Wiwit biyen aku ki mung ibu rumah tangga. Ora kira entuk pensiun. Sing bener, tekaku mrene iki njupuk pensiun janda.”
“Lhoh?”
“Mas Wijan seda setaun kepungkur merga kacilakan. Maune olehku njupuk dhuwit pensiunan ya neng Nganjuk kana. Wis telung sasi iki aku boyong mrene ngancani Ibu sing tansah gerah-gerahen. Omah kana dienggoni anakku sing ragil.”
“Aku ndherek bela sungkawa, Jeng.”
“Matur nuwun. Lha Mas Wim dhewe wis suwe pensiun?”
“Wis rong taun. Nasibku sajake ya padha karo sliramu. Ibune Eksi uga wis tinggal donya nalika ragilku isih kelas loro es-em-a.”
“Ha? Yen ngono aku ya ndherek bela sungkawa Mas.” “Tiba padha-padha Jeng.”
Banjur padha meneng. Nanging batine umyung. Mara-mara lelakon puluhan taun kepungkur bali gegawangan ing angen-angen. Utamane angen-engene Wimbadi.
Biyen, puluhan taun kepungkur, antarane Wimbadi lan Rastri padha nandur tresna. Padha prasetya sumedya urip bebarengan. Wektu semana Wimbadi lungguh ing tingkat pungkasan IKIP Malang. Rastri lagi tingkat loro. Eman, gegayuhan urip bareng kepeksa punthes. Jalarane, Dewanto kangmase Wimbadi sing ora suwe maneh omahomah, tinggal donya kanthi ndadak. Kamangka calon bojone wis kebacut ngandheg. Kanthi tetimbangan warna-warna, wusana wong tuwane Wimbadi mrayogakake supaya Wimbadi gelem ngrengkuh calon mbakyune ipe. Abot sejatine. Nanging Wimbadi ora bisa nduwa kersane wong tuwa. Kepeksa nyandikani dhawuh kang wus rinancang. Wimbadi sida ngrengkuh calon mbayune ipe, sing ora liya ya Kuntari kuwi. Wusana anggone sambung katresnan karo Rastri kepeksa pedhot Nanging anggone kekadangan ora luntur. Kalebu nalika Rastri omah-omah entuk Wijanarko, Wimbadi uga njagong. Bubar omah-omah, Rastri pindhah menyang Nganjuk ngetutake sing lanang. Ya wiwit iku banjur arang ketemu. Malah suwe-suwe kepaten obor.
Wong loro isih amem. Mung atine sing tetep umyung. Ing kalodhangan iku Wimbadi nyolong nglirik. Kok kabeneran Rastri uga pas nyawang. Pandulu loro tempuk. Banjur padha mesem. Esem sing ngemu makna!
“Kepleke Jeng Rastri nomer pira?” Wimbadi pitakon.
“Lha iki ta. Sirku mau budhal rada esuk. Dadak gerahe seseg Ibu kumat. Kepeksa rada kawanen. Iki, entuk antrian nomer limangatus nenem! Ngalamat tekan Asar iki mengko.”
“Aja kuwatir, kene dakijolane duwekku. Iki nomere luwih awal,” ujare Wimbadi karo ngulungake keplek anggone menehi nom-noman mau. Dene dheweke trima nganggo kepelek anggone antri dhewe mau esuk. Demi Rastri, mulih Asar ora apa-apa, mangkono batine.
“Lha njenengan?” Rastri takon karo nampani keplek nomer urut 306. “Aku isih duwe siji maneh, anggone maringi kanca,” wangsulane.
Rastri katon bungah. Karo ngenteni giliran panggilan, wong loro mbacutake kangen-kangenan. Ndhudhah crita lawas. ljol-ijolan nomer ponsel. Uga banjur wiwit nggepok senggol bab benang sing wis putus. Kepriye upama disambung maneh. Najan anggone Wimbadi kandha ora mlaha, nanging Rastri bisa nangkep. Lan semune Rastri ora kabotan. Wimbadi banjur janji sajroning ati, sumedya golek kalodhangan sing becik kanggo mblakakake niyate. Yaiku ngrengkuh Rastri minangka gantine Kuntari. Wurung prawane kena randhane!
Sore iku bali saka BTPN ulate Wimbadi sumringah, jangkahe gagah. Atine mekrok amba.

Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat.
http://www.panjebarsemangat.co.id
http://www.panjebarsemangat.co.id
Sania maita sari kls 8e -26 SMPN 2 GROGOL
BalasHapusMatur nuwun Pak Agun ......!