CERKAK (15)
ENTUT
Soléman lunggúh dhêlóg-dhêlóg ånå íng
tritisan omah. Dhèwèké nyawang kahanan íng njåbå kang wís
sansåyå pêtêng. Kabèh punthúk lan gunúng sak kiwå têngêné déså
katón irêng bêbarêngan karo srêngéngé kang wiwít angslúp.
Soléman unjal ambêgan bola-bali.
”Adús dhisík, kang!”
Kêprungu suårå wóng wadón såkå njêro omah. Ora suwé banjúr mêtu wóng wadón mau karo nggåwå bèri kang ndhuwuré ånå sak cangkír tèh panas lan sak piríng pohúng gódhóg. Bèri sak isiné disèlèhaké ånå íng méjå cêdhaké Soléman lunggúh.
”Durúng adús, kók wís digawèkaké tèh?” pitakóné Soléman.
”Aku nyawang sampéyan kåyå ngéné iki wís watårå sêminggu iki, Pak. Såkå soré nganti arêp surúp bêtah bangêt lunggúh ånå tritisan.”
Soléman manthúk-manthúk alón. Pancèn sakwisé kadadéyan kang ngédab-édabi íng désané, kêpala désa kuwi dadi kêrêp ngalamún ånå íng ngarêp omahé. Bab ora lumrah kang kadadéyan ånå íng tlatah kang digulåwêntah Soléman iku, yaiku êntút. Wús sawêtårå wêktu ånå mêmålå êntút kang ngrêmbåkå sak déså.
Séjatiné êntút kuwi bab lumrah sanajan kêrêp dianggêp ngganggu liyan lan nggilani. Nangíng séjé síng dirêmbúg nalikå manungså ngêntút têrús lan ora mandhêg-mandhêg. Wóng kang nglakóni kasêbút bakal ngêntut ésúk, awan, lan wêngi. Sabên dêtík, mênít, lan jam bakal kêprungu lan mambu êntút sak ênggón-nggón kang diêtókaké bocah, wóng tuwa, lanang lan wadón. Kabèh wóng ora biså ngatúr êntuté dhéwé-dhéwé.
Tåndhå-tåndhå sêpisanan mêmålå iki sêjatiné lumrah. Uwóng ora kuwat nahan nalikå kêpéngín ngêntút. Sakbanjúré dhèwèké kråså kêpéngín ngêntút manèh, kamångkå anggóné ngêntút sêpisanan mau durúng suwé. Sak wisé kuwi wóng mau bakal ngêntút ora mandhêg-mandhêg. Êntút ora kêndhat kêprungu ånå omah-omah, ratan-ratan, sêkolahan, kantór-kantór, pasar, têrminal lan uga papan-papan kang dianggêp suci. Êntút wús dadi pérangan íng uríp bêbrayan ånå déså kuwi, kåyå déné angín.
Malah kêrêp ånå kadadéyan suwårå pasugatan gamêlan lan têtabuhan sarånå panglipúr íng pahargyan mantèn kalah bantêr tinimbang suwårå êntút såkå kabèh uwóng kang ånå panggónan kasêbút.
Nganti sakwijiníng dinå ånå kadadéyan anyar. Êntút-êntút kang mêtu såkå sabên uwóng wús ora muni manèh, nangíng múng nyuwara....busss. Nangíng åjå takón ambuné. Luwíh nggilani tinimbang êndhóg bósók. Mulané saiki ånå ambu bósók sumêbar sak déså. Såpå waé pådhå nganggo tutúp irúng sabên dinå. ”Lêbóknå njêro pohúngé, Bu. Ånå êndi tutúp irúngku? Aku arêp mêtu sêdhélå mêthuki dhóktêr såkå kuthå.”
Soléman nyrupút tèh angêté. Dhèwèké nganggo tutúp irúng kang diwènèhaké bojoné lan mlaku mêtu såkå ngomah.
******
Wargå déså pådå kumpúl bêbarêngan íng plataran balédéså. Kabèh pådhå arêp dititi príkså kasarasané déníng tím kêséhatan såkå kuthå. Rómbóngan kuwi diutús pamarintah íng dhuwúr kanggo mrantasi kasangsaran íng déså iki. Sakdurungé ngayahi pagawéyané, dhóktêr kang ngêsuhi tím kêséhatan paríng pangandikan didhèrèkaké Soléman.
”Pamarintah sampún nêtêpakên mênawi mêmålå êntút punikå dadós kasêngsaran nasional. Sêjatinipún mêmålå punikå sampún sumrambah wóntêníng mèh sadåyå tlatah nagari. Nangíng ngantós sakpunikå dèrèng wóntên obat kang manjúr kanggé mêmålå punikå. Awít kita ugå dèrèng sagêd nêmókakên punåpå íngkang njalari mêmålå punikå. Dadós obat íngkang badhé panjênêngan tampi, namúng kagêm ngirangi råså lungkrah lan kêsêl panjênêngan sami amargi ngêntút íngkang mbótên mandhêg-mandhêg. Lan ugi obat kagêm nglêrêmakên pårå sadhèrèk supadós sagêd ngaso sakíng sak kathahíng suwantên êntút íngkang mbrêbêgi kupíng,” pidatóné dhóktêr miwiti adicårå.
*******
Srêngéngé durúng sumunar. Pêdhút isíh gawé pêtêng ésúk kang ugå isíh adhêm iki. Soléman lan bojoné mak jênggirat kagèt. Dhèwèké saknalikå mêncólót såkå ambèn. Suårå pathíng jlêrít lan tangís gêro-gêro kêprungu såkå íng sak kabèhíng wêwêngkón déså. Soléman gagé-gagé klambèn lan mlangkah mêtu såkå omah. Nangíng, dhèwèké mèh waé sêmapút nalika mbukak lawang ngarêpan, ånå gåndå kang badhêgé ora karuwan. Bojoné kang isíh ånå íng ambèn waé nganti mbêngók, ”Uh, ambu bósók åpå iki? Rasané aku arêp muntah!”
Iki ambu bósók kang luwíh tinimbang biasané, sakplóké ånå mêmålå êntút. Soléman nutupi irungé nganggo sléndhang kang diwènèhi bojoné. Dhèwèké pamít bojoné arêp niliki ånå kadadéyan åpå manèh. Soléman nyawang ånå sakiwå têngên ratan kang diliwati akèh kéwan sapi, wêdús utåwå pitík kang gêmléthak ora obah. Soléman mandhêg ånå íng salah sawijiníng omah nalikå dhèwèké krungu suwårå tangís kang ngirís-irís ati. ”Ånå åpå iki?” pitakóné Soléman.
Uwóng lanang kang katóné dadi kêpala kêluwargå mènèhi wangsulan karo nangís. ”Mbótên ngêrtós, Pak. Énjíng punikå kók dumadakan wóntên gåndå bósók íngkang mbótên kantênan. Bèntên kaliyan adat sabênipún. Sémah kula íngkang tangi langkúng rumiyin badhé ngangsu, saknalikå dhawah lan mbótên obah. Sémah kulå pêjah, Pak!”
Soléman durúng nganti mangêrtèni åpå kang lagi kadadéyan, nalikå ora suwé dhèwèké krungu jêrít tangís manèh. Soléman mlayu mênyang papan asalé suwårå mau. Ånå papan kang dituju, Soléman nêmóni wóng wadón lagi ngêkêp anaké lanang. Bocah kuwi wís ora ambêgan. Pêcat nyawané. ”Laré kulå pêjah, pak!” tangisé uwóng wadón iku.
Soléman ngadêg ngêcêcêng. Panyawangé diumbar mênyang sak kabèhíng kiblat. Akèh pitakónan kang ngêbaki ati lan pikiré. Dhèwèké têrús nyobå lêrêm. Ambêgané diunjal alón-alón. Nangíng Soléman watúk-watúk nalikå angín mlêbu irungé. Sirahé mumêt. Panyawangé klêmun-klêmun. Rasané kêpéngín muntah. ”Êntút iki wús marai ånå råjå pati. Wús ora nyêbar ambu, nangíng ugå racún!”
Soléman banjúr kèlingan bojoné kang ånå íng omah. Dhèwèké mak brabat mlayu mulíh. Kanthi adús kringêt lan krênggósan dhèwèké nêndhang lawang omah banjúr tumuju kamar. Nangíng Soléman nêmóni bojoné wís mêrêm lan awaké kaku ora obah.
”Aaaaaaa....!!!!!” Soléman njêrít sak kayangé.
******
”Dadós mêmålå punikå ingkang sampún ndadósakên dhusún punikå tumpês atusan taun kêpêngkêr, Próf?”
”Dudu múng déså iki. Sak wutuhíng nêgårå ugå sírnå. Bångså iki tumpês jalaran såkå êntút.”
”Lan ngantós sak mangké dèrèng kadungkap punåpå íngkang njalari mêmålå êntút punikå?”
Saknalikå ånå pawóngan têkå tumuju papan panggónanku lan profésór kang lagi wawancara. Tangané loro pawóngan mau kabungkús sarúng tangan karèt. Aku rådå kagèt sakwisé pawóngan mau nyópót maskêr lan topi kang diênggo, amargå kasunyatané aku banjur nyawang wanitå kang ayu lan isíh ênóm.
”Profésór, panjênêngan kasuwún ningali punåpå íngkang kitå panggihi íng laboratoriúm,” ujaré kênyå ayu mau.
Aku dikênalaké déníng Profésór marang kênyå iku.
”Aku Max, aku juru wartå såkå Indonésia,” ucapku karo nyalami kênyå iku.
Kitå mlêbu ånå íng téndhå kang kêliré putíh kabèh. Papan iki kang kasêbút laboratoriúm déníng Janê mau. Sabanjuré, aku nyawang barang kang wujudé kaya watu ånå íng sak dhuwuré méjå. Watu mau ånå kang cilík lan ugå gêdhé.
”Iki barang åpå?” pitakóné Profésór.
”Nuwún sèwu, Próf. Punikå fosil bêbucalanipún manungså,” wangsulané Janê sinambi ngêlúngaké kêrtas marang Profésór. ”Dadi iki kang njalari mêmålå êntút?” aku gêmrêmêng dhéwé.
*****
To: pimrêd@kabarindo.com
Subjèct: Pérangan Pungkasan Dungkap Mêmålå Êntút
Hallo Bos, iki pérangan pungkasan tulisanku bab mêmålå êntút. Åpå kang ditêmókaké pungkasan pancèn gawé kagèt. Ånå íng fosil-fosil tilas kotorané manungså jaman sakmånå iku kitå biså måcå tulisan-tulisan kang uniné.... ambêg siyå, rudåpêkså, rampók, panyiyå-nyiyå, panganiåyå, korupsi, pungli, pédofilia, narsís, dhêmênan, golèk rai, råjå pati, hédonís, njarah rayah, . . . . . . . Yå nganggo nalar pancèn isíh angèl kanggo mbúktèkaké åpå bênêr bångså kuwi biså sirnå amargå nglakóni kåyå déné tulisan-tulisan kuwi….Oh yå, dibukak waé filê attachmênt kanggo nóntón tulisanku síng luwíh pêpak.
Mangkono dhisík lan kitå kêtêmu manèh nèng Jakarta, Bós!
Matúr nuwún,
Max.

Dening : YE Marstyanto
Kapethik saking : Jagad Jawa - Solopos,
http://www.solopos.co.id
http://www.solopos.co.id
nama:m.arif budianto
BalasHapuskelas:VIII-B
no.absen:15
MATUR NUWUN PAAAAAK....!!!