Senin, 30 Januari 2012

CERKAK ( 16 )
GRONTOL JAGUNG

Wiwitane mung sepele. Mung perkara grontol. Nanging gawe kagetku dene grontol mlebu lestoran mewah ing Jakarta. Pangiraku ing sakawit, grontol ing lestoran mewah iku mesthi kanthi dimasak luwih istimewa dening kokine. Bareng tak jajal, jebul ora beda  kaya grontol-grontol ing desa. Malah isih gurih grontole mbah Yem, tanggaku cedhak.
grontol"Iki disediyakake kanggo turis, Mas. Turis umume rak seneng ngicipi sing sarwa tradhisonal," ngono kandhane Hartono tilas kanca guru SD sing dadi wartawan ing Jakarta.
"Layak regane larang. Saporsi rong ewu, nganggep turis kandel dhuwite. Mangka yen ing ndesa, saporsi ngene iki padha karo telung tum, mung satus seket repis," tembungku kelingan grontole mbah Yem sing saktume Rp 50,-
"Ing ndesa rak mung dibuntel godhong. Ing Jakarta diwadhahi porsi porselin."
"Ya. Mung seje bungkuse."
"Ning bungkus iku penting, Mas. Iki kelemahane bangsane dhewe, bab enggone durung bisa gawe bungkus sing apik. Sing ana ing ndesa, bungkuse trima godhong. Sing ana ing kutha gedhe, yen gawe bungkus ya ngene iki, grontol wae diwadhahi porsi porselin, ora sembada karo isine. Uga yen gawe bungkus liya-liyane. Bungkus pentas seni, bungkus program   budhaya, politik, organisasi utawa acara-acara liyane. Bungkuse diapik-apik nganti gemerlap, terlalu mewah, glamour, ning isine ora," semambunge Hartono ngandhakake akeh prakara sing mung gumebyar ing tata laire.
Senajan nalika aku dolan menyang Jakarta akeh sing tak weruhi, menyang Taman Impian Jaya Ancol, nonton pameran lukisan, nonton pementasan drama ing TIM, nanging prakara grontol iku isih temangsang ing pikiranku nganti aku mulih menyang desa.
Nalika tak kandhakake marang mbah Yem yen grontol ing Jakarta saporsi  Rp 2.000,- mbah Yem meneng wae. Nanging bareng tak kandhakake yen grontol sing tak pangan ing Jakarta rasane isih kurang empuk, mbah Yem nanggapi yen nggodhog grontol iku kudu taneg temenan.
"Nggodhog grontol iku suwe, Ru," tembunge mbah Yem sing kulina ngundang Ru marang aku. Ora beda kaya wong-wong umume ing dhaerahku, kulina ngundang mengkono marang wong sing dadi guru." Nggodhoge nganggo dicampuri enjet ben gampang medhuk, gampang mbegrok. Terus dikumbah merga isih ndadak diedang maneh ben keset. Cekake, wis ta, jan ngentekake kayu tenan. Klapane ya milih sing sedhengan, sing semanten. Nek klapane ketuwan, rasane ya presak. Klapa kenomen ya gak mathuk, diparut ya gembel."
"O, ngaten nggih?"
"Nek aku sing dodol, kulite cikal ya tak kerok sik, ben dadi parutan sing putih, resik, sing tuku seneng."
Tak takoni, sedinane yen dodol entek pirang kilo, wragade pirang ewu, bathine pira? Wangsulane, sedinane entek telung kilo, wragade Rp 2.500,- Bathine Rp 1.250,-
"Godhonge ra tak etung, Ru, wong mek saka kebone dhewe. Uyahe ya gak tak reken, wong uyah ming saimit ae," semambunge mbah Yem sing wis 15 taun dodolan grontol ing bango cedhak kantor kecamatan.
Bangone kanthi cagak pring, payone saka kepang digapit, ana meja cilik kanggo dhasar. Saka wis lawase, bangone katon dhoyong lan payone nggegregi. Dening Camat anyar, bangone mbah Yem disingkirake jalaran dianggep ngrusuhi sesawangan.
"Aku dikon ngalih ra pa-pa, Ru.  Gela ya ora wong pancen dudu lemahku. Malah olehku manggon ing kono ya saka karepe Kaji Mansur, sing duwe lemah, nalika kantor  camatan durung dielih mrono."
"Lajeng, sadeyan teng pundi?"
"Ya dodol maneh nyang pasar kaya biyen, Ru. Mlaku satitahe karo ider turut ratan."
Dodolan menyang pasar kudu mlaku watara telung kilometer lan ditarik sapon Rp 100,-  Mangka bathi Rp 1.250,- iku isih dielong kanggo nggawakake jajan putune. Ora ana wong lanang sing rerewang golek butuh jalaran mbah Yem sing wis umur 60 taun iku kari urip ijen karo ngrumat putune siji.
"Kaji Mansur methuki aku ing panggonanku dodol. Jane batinku ra mentala, mBah. Ning piye, aku dadi ewuh bareng aku dijawil Camat anyar supaya ngakon ngalih kowe. Ya aja dadi atimu, mBah. Ngono guneme  Kaji Mansur nyang aku. Ah, ya ora ta, Ji. Kok keki nggon ing kene nganti limolas taun, ya aku sing matur nuwun, Ji.  Ngono wangsulanku."
Tangga-tangga padha ngrasani Camat sing dianggep kurang wicaksana iku. Kudune, Camat mernahake menyang endi enggone kudu ngalih dodolan. Ora mung waton nundhung. Utawa aweh pisumbang kanggo ngapiki bangone supaya resep disawang. Yen ora mengkono, patut-patutte, cucul dhuwit kanggo nyangoni.  Pemerintah wae gawe program Inpres Desa Tertinggal kanggo ngentas wong miskin. Ana wong tuwa miskin isih bisa ceceker nyambut gawe malah digurak tanpa pamrayoga, ngono swarane tangga kiwa-tengen. Sing gelem cucul dhuwit malah Kaji Mansur, nyangoni mbah Yem  Rp 10.000,-
Aku dadi kelingan rembuge Hartono ngenani bungkus, akeh prakara sing mung gumebyar tata laire. Camat anyar sing sarjana penuh iku, kira-kiraku ya mung apik bungkusing awake. Klambi seragam apik, nganggo lencana bunder gambar garudha ing sak klambine kiwa, tumpakane sedhan. Nanging aku banjur ragu marang enggonku kesusu nacat Camat anyar iku, jalaran kanggo nyimpulake budine uwong ora bisa mung saka saweneh kedadeyan. Apa maneh mung kedadeyan sepele.
Pancen mung sepele, wiwitane.
Mung perkara grontol, kedawa-dawa dadine.   

mBah Yem tak impekake dodolan grontol ing Jakarta,  mentas dirubung kuli-kuli bangunan. Enggone dodolan cedhak lestoran mewah sing nate taktukoni grontole karo Hartono.

"Laris, mBah?"

"Ya, Ru."

"Trima sarapan grontol, Mas. Ngirit,"  tembunge saweneh kuli sing isih nongkrong mangan grontol ing ngarepe bakule.

"O, nggih, mangga."

"Pripun nek mboten ngirit, wong yatrane dientosi anak-bojo  sing teng nggriya, " semambunge kuli iku.

Ana bocah wadon mara, tuku grontole mbah Yem. Akeh olehe tuku, diwadhahi tas kreseg. Sapungkure bocah wadon iku, mbah Yem kandha yen bocah iku saben dina ijlig nukoni grontole. Sedinane, sethithike, rambah kaping lima enggone tuku. Satukonan nganti nem tum, wolung tum.

"Lho, lho...!" Aku njomblak jalaran aku weruh yen bocah wadon iku pembantune lestoran mewah kuwi.
"Nek ngoten, grontol  king sampeyan terus disade malih teng lestoran mriku, mBah."

"mBuh diedol maneh, mbuh dipangan  sakancane, aku ra ruh, Ru," wangsulane karo senthak-senthuk marut klapa. Uyah lembut kanggo asin-asin isih tetep diwadahi cangkir puthul.
"Ing Jakarta kene saktum kepeksa takdol pitung puluh lima, Ru. Lha piye, ing kene  kayu larang. Seje karo ing ndesa, bisa iprik-iprik dhewe. Godhong barang ya tuku. Nek uyahe isih  ora takreken, wong uyah saimit ae."

"Sampeyan dipinteri lestoran niku, mBah. Cetha niku. Nek lare estri niku wau tumbas grontol malih, regine mang-undhakke. Satum satus seket napa kalih atus ngoten, wong grontol king sampeyan disade awis."

Bocah wadon sing  tak rasani, muncul maneh. Tuku grontole mbah Yem maneh karo nggawa tas kresek.

Langsung tak dumuk, "Diedol maneh ya, mBak?"

"Nggih. Timbang repot-repot ndamel. Kalih mbantu mBah niki, cepet telas grontole."

"mBantu sing apik maneh, ngene mBak, carane..." semambungku isih panggah ngoko jalaran umur-umurane bocah wadon iku padha karo umure anankku mbarep, 20 taun.
"Sampeyan matur, Bosse, yen saktum saiki regane rong atus. Kareben mbah Yem iki mundhak pengasilane."

"mBoten ah. Mengke kula sing dikinten nyathut. Nek  kula dipecat, napa mBah niki saged mbantu kula?"

"Ckk, ora sah ngono, Ru," semaute mbah Yem karo kruwas-kruwes ngetumi grontol.

"Utawa ngene, padha untunge. Sampeyan matur saktum rong atus, ning mbayare nyang mbah Yem iki mung satus seket," tembungku isih mbacut.

"mBoten ah, kula ajrih."

"Ora Ning, ora. Mung guyon iku. Saktum isih tetep pitung puluh lima, Ning," semaute bakule karo nglebok-nglebokake tum tuman grontol  menyang tas kresek.

Aku gedheg-gedheg. Nalika ditundhung Camat, tangga-tangga dadi umyeg ngrasani Camat, mBah Yem malah ayem wae, kaya ora butuh ngrasani ala marang wong sing nundhung dheweke. Saiki, tak rewangi mikir supaya pengasilane mundhak, emoh-emoh. Genah yen mbah Yem ora nduweni jiwa bisnis. Uyah karuwan tuku, ora direken, jare mung uyah saimit wae.

"Sampeyan dipinteri kok ora krasa."

"Ah, ya ora, Ru. Wong ya tuku-tuku tenan. Ora mblithuki aku. Saktum pitung puluh lima wis regane. Aku wis oleh bathi."

"Ning bathi sampeyan namung pinten?  Mriku sing ora rekasa nggawe, mung ngliyerake thok, bathine sathapruk."

"Ben, Ru. Pancen wis rejekine kono. Kabeh wong nduwe pandum dhewe-dhewe."

Atiku kejawil, malah aku sing kaya dituturi. Jare mbah Yem, urip ora perlu ngangsa, mundhak kemrungsung.


Sateruse, aku tangi gragapan, sikilku digeret sisihanku merga njaba wis padhang.  Lawang ngarepan malah wis dibukak dening anakku Ninong sing sekolah ing SMP. Aku terus metu menyang latar, ngongkak-ngongkek bangkekan ing hawa esuk kang seger. mBah Yem sing mentas tak impekake tharik-tharik, liwat ngarep omahku karo nyunggi tampah lan nggendhong rinjing.

"Bidhal, mBah?"
" Ya, Ru. Golek sega sakpulukan."

(
Kepacak ing majalah  Jaya Baya,  No. 48, tanggal 28 Juli 1996 )

Kapethik saking :
Cerkak Djajus Pete

1 komentar: