Rabu, 01 Februari 2012

CERKAK ( 29 )
LEGAN GOLEK MOMONGAN

Byuh-byuh, nek ngene carane njur kapan deadline-ku rampung? Tugas kantor sing kudune  dina iki beres malah ambyar kabeh,” panggrundele Andi jroing batin. “Yen ora nganggo nganalisis mono bisa rada cepet. Lha iki garapan sing nganggo petungan njlimet je.”

legan-golek-momongan-1Kawit esuk ana wae golongan 45 sing nyelani dheweke. Golongan 45 iku pa­raban kanggo sawatara pegawe ing kan­tore. Yakuwi karyawan kang wis ora duwe wektu maneh kanggo nyinaoni teknologi sing saya maju. Yuswane golongan 45 iki watara 47 munggah, nanging umume bingung nggunakake komputer.
Bisane mung nganggo mesin ketik kang suwara­ne bisa keprungu ing ruwang liyane. Kamangka kabeh gaweyan ing kantore kudu ditandangi mawa komputer, meng­kono aturan anyar kang dicakake ing kantore Andi wiwit telung wulan iki. Lan sasuwene aturan kuwi dicakake dheweke  asring nandangi pegaweyane kanca kantore sing durung bisa ngoprasekake komputer.

Jan-jane mono para pegawe golongan 45 mau wis padha nyekel laptop, sebab pancen mengkono aturan sing ditrapake ing kantore. Sadurunge dicekeli laptop, kabeh wis digladhi nggunakake sawerna­ning program kang magepokan karo pakaryane. Ning ya kuwi, ana wae alesan kanggo mbolos gladhen. Sing methuk anake lah, sambatan ing tangga,  mang­sak, lan maneka warna alesan liyane. Ya mung alesan supaya ora nekani gladhi. Wong jane jaduale gladhen wis diumum­ake sewulan kepungkur amrih kabeh siyaga melu. Ee jebul ya padha wae.

Lha saiki, tekan wayahe akeh gawe­yan ana wae kancane sing nyela-nyela njaluk tulung. Kaya esuk kuwi nalika Andi lagi ngalisis lapuran ujug-ujug Bu Darmi, sing klebu golongan 45, njaluk tulung kon ngeprint-ke.

“Mung ngeprint sepuluh lembar ae kok Pak. Rak ya mung nyela wektu nje­nengan sedhela ta?” ngono ngendikane Bu Darmi.

Andi kang rumangsa luwih nom mung mesem karo menyat ngetutake Bu Darmi tumuju ruwang foto copy. Batine, “Ya nek mung sepuluh menit  ora dadi ngapa.”

Tekane ruwang penggandaan jebul Pak Yatno lagi ngedit lapuran, banjur ngeprint rong puluh lembar. Kamangka printer sing bisa digunakake ya mung siji sing arep dienggo ngeprint lapurane Bu Darmi kuwi. Kepeksa Andi kudu ngenteni saram­punge Pak Yatno. Gek mangka nganggo ngedit sing  butuh wektu rada suwe pisan.

Sepuluh menit lumaku Pak Yatno wis rampung. Paling ora butuh wektu udakara sepuluh menit maneh kanggo ngedit lan ngeprint kagungane Bu Darmi. Nanging, ”Pak, aku dak ngedit lan ngeprint dhewe. Dadi aku bisa sinambi sinau. Piye carane ngeprint, kene dak cathete. Timbang aku njaluk tulung terus rak malah ngrepoti. Mula ing kalodhangan iki dak sisan me­nyelam minum air.”

”Huh,…njaluk tulung kok malah ngre­poti.  Mbok ya le menyelam minum air ki ora saiki. Njenengan ngombe banyu, lha aku? Klelep!” panggrundele Andi ing batin.

legan-golek-momongan-2Njenengan kendel ana kono wae, yen caraku luput nembe dikritik

Sok mengkonowa kanthi alon-alon Andi ndhikte Bu Darmi. Saka ngedit, ngeprint, banjur ngedit lan ngeprint maneh. Mbolan-mbaleni ngarahake lan nuduhake tandha apa wae kang kudu di klik. Mouse kang diklik tengen utawa kiwa. Klik kiwa, tandha print preview, mbukak margins, banjur paper, diklik ukur­an kertas jumbuh karo kang dikarepake, jinising kertas, lan liya-liyane. Mlebu carane ngeprint: ngeprint kabeh, sakaca, utawa kaca tartamtu. Proses ngedit lan ngeprintwis kacathet kabeh. Sabanjure saben arep ngedit utawa ngeprint Bu Darmi sinambi maca cathetan. Sidane kang wiwitane mung ngeprint sepuluh lembar dadi pirang-pirang lembar.

Ngerti Bu Darmi ngeprint kanthi cathet­an pedoman kang wis diandharake, dheweke pamitan bali saperlu nerusake ayahane kang kandheg. Nanging Bu Darmi puguh kon ngancani, “Lha aku du­rung wani yen ngedit lan ngeprint tanpa ana sing ngancani. Gek-gek salah klik mengko, Pak”

Janewiskawit mau atine Andi getem-getem. Kok ya ndadak nganggo ora wani  barang.

“Njenengan kendel neng kono wae, yen caraku luput nembe dikritik. Dadi amrih bisa mbiji lehku ngedit lan ngeprint njenengan jumeneng ana kono wae sinambi mirsani,” panyambunge maneh.

Kepeksa Andi ora sida bali menyang mejane. Kanthi usus kang didawakake Andi semaur, “Nggih Bu, mangga kula kancani.” Batine ngedumel, “Ngene iki nek dadi wong Jawa, ewuh pakewuh  kudu ditrepake ing endi papan lan urusan. Ke­para urusan lan tugasing liyan.  Kamangka deadline-ku dhewe durung dak garap blas.”

Sidane sepuluh menit kang dadi pangirane Andi kudu dipingake sepuluh menit uga. Piye maneh, ngadhepi kanca kantor kang saumuran bapak lan ibune pancen kudu akeh ngalahe. Senadyan gawe­yane dhewe durung beres.

Kadhangkala sing wis sepuh lan kalebu golongan 45 yen njaluk tulung sakepe­nake dhewe. Ngedit utawa ngeprint kang jare mung sepuluh menit sidane sejam luwih. Ana maneh sing njaluk tulunge kon ngetikake lapuran wujud tulisan tangan. Gek ya nganggo tambahan ukara: “Nje­nengan rak isih legan, neng ndalem ora ana gaweyan lan tanggungan apa-apa. Lha yen kaya aku sakanca, gaweyan omah ngembrah nganti ora bisa nyenggol ga­we­yan kantor babar blas.”

We lha, gawe pawadan kok angger wae. Ya pancen ana benere, isih legan, gaweyan ora kaya kangwisduwe tang­gung­an. Nanging ya ora ateges mung kluyuran utawa thenguk-thenguk ngang­gur. Wong kegiyatan lan gaweyan ing njaban kantor ki ora mung siji je. Nglatih teater, ngurusi taman baca masarakat bareng karo kanca kuliyahe biyen, kepara mulang basa Inggris uga kanggo bocah-bocah ing sakiwa tengene.

“Ah muga-muga aku isih ikhlas dijaluki tulung kaya ngene. Angger ora kebangeten banget ora dadi apa. Dak anggep amal,” ngono batine Andi.

Nembe wae nemplekake bokong ing kursi kerjane ndadak ana sing celathu, ”Pak, mau Bu Darmi njenengan ajari wiwit ngedit tekan ngeprint ya? Mbok aku nyu­wun tulung diprintke wae. Mung sedhela kok. Gaweyane jenengan rak ya mung butuh wektu limang menit wis beres ta. Iki  flashdisk lan kertase. Aku dak methuk anakku sik sedhela,” ngendikane Pak Edi tanpa menehi kalodhangan marang Andi kangwis megap-megap arep protes.

Rasane kepengin misuh sasorane lan saakehe. Nanging bisane mung nggebrag meja. Mesthi wae nggebrage alon, sebab ora kepenak yen nganti keprungu ing liyan. Mbok menawa sawijining dina mengko yen anyele wis muntub-muntub lan ora bisa kabendung, dheweke bakal mbengok sora lan protes marang wong-wong kang sok ngongkon sageleme udele dhewe kuwi. Sasuwene iki dheweke isih bisa ngendhaleni emosi. Nanging sapa ngerti ing sawijining dina mengko ben­dungan kesabarane jebol? Ah, ning kok ya kurang tata yen kaya mengkono. Anggep wae kabeh mau gemblengan kesabaran kanggo dhiri pribadhi. Ajar ngulur usus kang dawa.


Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat.
http://www.panjebarsemangat.co.id

Tidak ada komentar:

Posting Komentar