CERKAK ( 30 )
DHUWIT
DHENGKULKU
Saploke kedadeyan sawetara sasi kepungkur,
gemerah karo sing lanang perkara sms njaluk kiriman pulsa kanthi nyeluk
“papa – mama” kae, Marpuah jian ngati-ati tenan anggone nyikapi
kahanan. Witekna ora piye, esuk, awan, sore malah bar Magrib barang
hapene sing lanang klebon sms saka “mamae” sing tundhone mung njaluk
pulsa. Perkara regane pulsa ora apa-apa, bareng lek nyeluk kanthi
sebutan mesra “papa” wadon sapa ora kobong ondheroke? Meh selawe taun
mbangun bebrayan nganti duwe anak telu, putu loro, durung tau nyeluk
mama-papa. Paling banter tekan “mas” ngono wae yen dhong neng ngarepe
wong akeh.
Biyasane ya cukup “pakmu-mbokmu”. Malah, Diman, wong lanang setengah abad kuwi luwih kerep ngundang “ninek” marang Marpuah sing sejatine lagi umur ngancik 45-an kuwi.
Biyasane ya cukup “pakmu-mbokmu”. Malah, Diman, wong lanang setengah abad kuwi luwih kerep ngundang “ninek” marang Marpuah sing sejatine lagi umur ngancik 45-an kuwi.
Selawase urip
jejodhowan meh seprapat abad, ora tau gemerah sing nganti kedawa-dawa
kaya dhek abene. Iya lek mung salah paham anggone nggulawenthah
bocah-bocah utawa nata njero ngomah wae kuwi biyasa. Crita anggone
bubar tandang gae neng jaitan utawa sing wadon kesel nandangi pawon
terus kebablasen padudon kuwi lumrah. Bubar gemerah ngono kuwi banjur
sorene metu runtang-runtung menyang warung maem tahu lonthong, ngombe
sodha gembira, wuaah… adhem kabeh! Rukun maneh.
Lha
yen rasa jubriya lan cemburu berat kuwi ya klebu lumrah tumrap wong
bebojowan. Katresnan kuwi pancen apike dibumboni rasa cemburu supaya
ana gregel-gregele samangsa ngematke olah katresnan. Ning yen cemburune
kebablasen bisa gawe kahanan dadi amburadhul. Gara-gara SMS papa-mama
dadi dredah. Wegah kalah. Purik! Kurbane iya anak-putune dhewe.
Keluwargane dhewe! Lha bareng sing wadon ya nampa SMS isine padha,
banjur padha klejingane?
“Mosok aku diceluk papa?” grenenge sing wadon karo nggleges. “Iki rak genah ngawur!”
“Halah,
jajal lek sing nampa SMS kuwi aku? Kobong janggutmu!” Diman nyaut wegah
kalah ngglegese. Karo isih ngempet guyu lanang sing kondhang humorise
kuwi neruske, “Gek apa ya tumon, wong kena urusan pulisi jik kobere
njaluk pulsa? Kok ra njaluk dhuwit?”
Lanang
wadon kuwi banjur ngguyu kepingkel-pingkel. Cablek-cablekan pupu. Lek
wis ngono kuwi kaya-kaya bali mudha maneh. Lali gaweyan. Lali ngenget
jangan barang!
“Sing lucu meneh kuwi iki ta Pakmu, jajal ta penjenangan waos. Nak
iki bapak kenek masalah, urusan ambek polisi tulong tukokna pulsa 20
ribu neng nomore bapak seng anyar 081234303789. Aja telpon, ngko bapak
ae seng telpon,” kandhane Marpuah karo
macakake sms sing tulisan basa Jawane akeh salahe kuwi saka nomer hape
081998261277 banjur diulungke bojone.
“Yen
nitik unine sms kuwi jian akeh mokale, Nek. Sepisan, wong sms nganggo
kartu M3 kok ngakon ngirim pulsa neng nomer kartu AS. Kapindho, yen
pancen kena urusan pulisi nyangapa ora gelem ditilpun? Katelune, wong
jelas jik kena perkara dadi urusan pulisi kok kober-kobere njaluk pulsa
kuwi dienggo apa? Kaping pate,…”
“Kaping
pate, bapakku wis mati entek slametane kok jare kenek urusan pulisi.
Lha kuwi bapak sing endi maneh?” pamunggele Marpuah kari ngguyu kekel
nganti dhekik pipine. “Yen bener bapak butuh pulsa, ya tak kirimane,
menawa ae neng akhirat kana enek sinyal. Es-em-esan karo anak mantune
sing bagus iki. Iya ra, Pakmu?” wadon manis kuwi nduleg pundhake sing
lanang sambi ngguyu maneh disambung guyune sing lanang.
Lanang-wadon
sapasang iki yen wis kadhung guyon jian gawe merine pasangan liyane.
Anggone guyub rukun dadi rerasane liyan. Yen kadhung meneng, sing
lanang nggethu tandang gawe njahit. Yen senggang samulihe saka kantor
kecamatan sing wadon ngewangi masang benik utawa ngesum itikan. Marpuah
minangka staf kantor kecamatan wis klebu nduweni jabatan. Wong ya
nduweni ijasah sarjana, saiki wis kepala seksi. Kanthi pangkat Penata
Muda golongan ruwang III/a. Gajine wis lumayan mula kena kanggo nambah
kayane sing lanang ngragadi kuliyah anak-anake.
Anak
wadone sing mbarep, Winarti, wis nyambut gawe neng Polindes minangka
bidhan desa. Sing nomer loro uga wadon, Minarsih, jik kuliah neng
Salatiga. Embuh, ngapa tekan Jawa Tengah barang wong neng Jawa Wetan wae
ya enek kampus akademi perawat. Biyen jare daftare golek sing akeh
peluang ketampane.Wis semester loro iki. Seminggu kepungkur bocahe
tilik ngomah. Mesthine saiki sengkud melu kuliyah. Winginane tilpun
jare wis wiwit akeh tugas praktikum.
“Ibu
aja kaget, saiki putrane wis ditangani dokter neng rumah sakit
Salatiga.” Kuwi antara liya ukara sing banget gawe kejote Marpuah.
Tilpun suwara lanang saka sabrang ngabarake yen anak wadone, si Minar,
kacilakan nalika tumuju ing Puskesmas. Mesthi wae sanalika Marpuah
kaget banget.
“Terus saiki aku kudu
piye, Mas?” pitakone nalika rada mendha saka anggone nangis. Suwarane
isih kamisesegen. Kanca-kancane sakantor padha ndomblong. Ora wani
nakoni larah-larahe yagene Marpuah ujug-ujug nangis, njerit histeris
sawise nampa telpon saka sabrang kana. Embuh, saka sapa.
“Tenang
wae Bu, tenang. Putrane wis wiwit eling kok, kajaba sikile ana sing
tatu. Sajake mung patah tulang biyasa,” kandhane wong lanang ing
telepon mau.
“Biyasa piye ta, Mas!
Patah tulang kok biyasa? Sing genah ta? Huuuu… huuu.. Pakmu!
Pakmuuu…gendhuk iki piye Pakmuuu?? Huuu…!” Marpuah jempling-jempling
nangis. Tangane isih nyekel hapene. Telpon saka sabrang kana durung
dipateni. Genah tangise Marpuah dirungu saka seberang kana.
“Ibu?” pitakone wong lanang kuwi alus, wiwit nganggo basa krama “Asmane Ibu sinten?”
“Mar…Marpuah
Mas….” Rada groyok wangsulane. “Piye Mas, huuu… huuu… anakku ketabrak
apa? Sing nabrak wong endi? Huuu…uuu,” Marpuah nangis maneh.
Nggero-nggero, kepara sora. Kanca-kanca padha ngarih-arih. Ngakon sabar.
Tawakal. Nyebut asmane Gusti Allah.
“Ngaten, bu. Hallo,…ibu Marpuah? Hallo…hallo…? Ibu taksih mireng suwanten kula? Asmane bapak sinten?”
“Nggih, hallo..tesih. Diman, Mas, bojo kula namine Diman.”
“Nggih,
kula Biyanto. Perawat griya sakit. Saniki ibu wonten pundi? Caket kalih
bapak? Napa pingin tilpon putrane? Kalih dokter sing nangani?” pitakone
Biyanto kuwi mrutug ae.
“Mboten, eh, ten kantor Mas. Nggih. Nggih, Mas. Nggiiih…huuu….”
“Tenang mawon nggih, mpun nangis nek ngomong kalih niki,.. Pak Dhokter Sujono, mangga.”
Marpuah
klakon sambung omong-omongan karo dhokter Sujono. Ora bisa ngomong karo
Minarsih, anake. Jare mentas turu krana obat biuse wiwit rumasuk.
Marpuah oleh katrangan rena-rena saka dhokter Sujono. Wiwit kedadeyan
tabrakan, papane, nganti sapa sing nggawa mara menyang rumah sakit lan
saiki dirawat ing kamar Bogenvile nomer 2. Rada suwe Marpuah anggone
omong-omongan karo dhokter kuwi.
“Sampun
digips kok, Bu. Bapake kapurih tenang mawon. Mangga enggal tindak
mriki mawon mbeta kabetahan sing cekap,” pamrayogane dhokter Sujono.
Marpuah
isih nlesihke anake. Sajake wiwit arep negosiasi. Marpuah goncang
jiwane. Nanging, sawise Mbak Tutik nyedhaki lan nuduhke SMS saka Mas
Diman, sakala praupane Marpuah mencorong. Abang. Bingar! Njomblak
mbengok sora!
“Lho piye ta?” takone Marpuah tanpa sadhar, kamangka isih omong-omongan karo dokter Sujono ing kana.
“Pripun
ta Bu? Wonten napa? Cobi sampeyan ngomong kalih perawat kula niki
wau!” kandhane dhokter Sujono kuwi masrahake hape marang Biyanto.
“Halloo…halloo..ibu
Marpuah? Kula Biyanto wau bu, pripun? Yen Ibu mriki kula rantos.
Nanging putrane betah obat-obatan bu. Secepatnya. Pripun, napa mboten
mesakne?”
“Sampeyan betah arta pinten
Mas Yanto?” suwarane Marpuah wis ora groyok maneh. Marpuah oleh
kekuwatan, ketoke wis tatag. “Kula transfer mawon. Pinten nomer
rekeninge?”
Krungu pitakone Marpuah.
Biyanto sing ana seberang kana krasa uga wiwit oleh angin. Ancang-ancang
nyebutake jumlah dhuwit sing pantes kangge perawatan lan tukon
obat-obatan wong kacilakan. Marpuah sing isih dadi rubungan
kanca-kancane ing kantor wiwit gelem ngombe banyu putih gelasan sing mau
dicepakne Mbak Anif. Kahanan kantor kuwi wiwit tentrem. Marpuah ora
mbengok-mbengok histeris maneh.
“Pinten
Mas, sayuta cekap?” takone Marpuah. Krungu penawaran saka Marpuah
kuwi, kanca-kancana padha mlengak. Kok kendele Mbak Puah iki dolanan
dhuwit?
“Wadhuh, lek semanten namung
obat tigang resep Bu. Kangge peralatan lintune lan cadhangan nebus resep
malih sakderenge Ibu dugi mriki pripun? Tigang yuta, Bu. Mpun kula
jamin cekap,” wangsulane Yanto makantar-kantar. Yanto pancen kepengin
Marpuah percaya marang dheweke sing wis ngupakara Minar. Suwarane Yanto
kuwi dirungu kanca-kancane Marpuah sakantor, uga Pak Sekcam. Awit
sengaja dibanterke spekere.
“Mbak Puah apa wis kagungan dhuwit samono akehe kuwi?” pitakone Pak Sekretaris kecamatan kuwi ragu-ragu.
“Sampun Pak. Yen kirang mangke ngampil Bapak, nggih?” Marpuah mesem. Ampang wae wangsulane.
Pak
Sekcam tambah ora mudheng karepe andhahane iki. Mula banjur meneng,
ora neruske takon sanajan isih akeh sing kudu ditakokne. Minangka atasan
Pak Sekcam jelas ora kepengin anak-buwahe kliru ing petung, sing
tundhone malah dadi rekasane! Mesthine ora mung pak Sekcam wae.
Kanca-kancane uga ora kepengin kedadeyan ala tumiba lan disandhang Mbak
Marpuah sing wektu iki lagi ketiban kasusahan.
“Tigang yuta, Bu. Niki kula sebutne nomer rekeninge. Sampeyan cathet bu.” Yanto menehi nomer rekening lan jenenge bank pisan.
“Nggih,
Mas. Saniki kula transfer telung yuta. Ning napa dhuwit dhengkulmu
cepot?!” Mak-klek! Marpuah nutup telpon. Mesthi wae gawe kagete Yanto.
Uga kanca-kanca kantore. Kajaba Mbak Tutik. Hapene disaki. Mapan
lungguh. Lenger-lenger. Banjur mesem. Ampang!
“Apa
rumangsane aku kenek diapusi? Bajingan modhel ngono kuwi saiki wis
usum. Lek ora diakali ganti bajingan ngono kuwi ora kapok!” Marpuah
ngundhamana, dhadhane sing weweg ketok munggah-mudhun. Katon yen tas
ngempet masalah.
“Kok Mbak Puah wani mutuske ngono, piye yen dhik Minar kacilakan tenan?” takone Mbak Nia nyedhaki.
Marpuah
mesem, ora aweh wangsulan. SMS saka Diman, bojone sing ditampa mbak
Tutik wis dadi kunci jawabane. Nalika Marpuah histeris mau mbak Tutik
tilpun Pak Diman, crita apa anane. Pak Diman kasil omong-omongan dhewe
karo Minarsih sing kahanane slamet, seger kuwarasan tanpa sawiji
apa.Warta kacilakan mau mung apus-apuse wong candhala.
Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat.
http://www.panjebarsemangat.co.id
http://www.panjebarsemangat.co.id
Tidak ada komentar:
Posting Komentar