Selasa, 31 Januari 2012

CERKAK ( 23 )
KEJIRET ALANG-ALANG

Mas Pramónó, têkaku íng rumah sakít iki, mêsthiné panjênêngan pírså dhéwé, mênåwå iki dudu karêpku, nangíng kahanan síng mêkså aku kudu kêtêmu panjênêngan íng papan iki.
Aku njalúk pangapurå mênåwå têkaku ing rumah sakít iki bakal nggugah critå lawas síng ndadèkaké ati panjênêngan gorèh. Kênå åpå panjênêngan kåyå nduwèni råså isín nalikå sapêngarêp karo aku, kamångkå yèn dak råså panjênêngan saiki kåyå déné kêbak dåyå sêmangat síng makantar-kantar, trêngginas sajroníng makaryå lêladi paríng usådå íng rumah sakít iki.

Mas Pramónó, panjênêngan isíh katón gagah, grapyak sêmanak, humorís lan isíh prasåjå kåyå mbiyèn. Múng bédané, saiki luwih kopèn malah manút panyawangku yèn nganggo sêragam kêrjané tambah mêrbawani. Nangíng sêpisan manèh, ngåpå panjênêngan kåyå duwé råså mindhêr yèn ånå ngarêpku? Coba dêlêngên Mas Pramónó, nganti sêpréné aku isíh lêgan, mbók mênåwå panjênêngan kêbak pitakónan, såpå sêjatiné priyå síng dak êntèni. Ora ånå priyå síng dak êntèni Mas, panjênêngan lupút pangirå mênåwå aku pilíh-pilíh marang priyå.
Mas Pramónó mêsthi wís pírsa dhéwé mênåwå ora múng panjênêngan síng dak tampik katrêsnané. Wiwít aku sêkolah ånå SMA akèh bocah lanang síng golèk kawigatènku, yèn aku gêlêm digoncèngké sêpéda mótóré waé, dhèwèké rumångså móngkóg atiné. Aku biså ngrasakaké kåyå ngåpå abóté panandhang, nalikå katrêsnané ditampik. Wís ånå priyå pirå waé síng dadi korbanku, nangíng sêjatiné aku dhéwé nêlångså mênåwå sabên-sabên aku kudu nampík katrêsnané priyå. Malah nalikå ana kåncå cêdhak mangêrtèni mênåwå katrêsnané Mas Pramónó dak tampík, kåncå mau nganggêp aku wís ora waras, sinthíng, sêbab wóng kåyå Mas Pramónó iku idham-idhamané kêmbang déså, sabên wóng tuwå síng duwé anak prawan rêbutan olèhé arêp ngêpèk mantu. Uríp bêbrayan iku abót sanggané, ora múng babagan kêbutuhan sandhang pangan íng sabên dinané síng kudu olèh kawigatén, nangíng akèh prakårå síng bakal diadhêpi minångkå ujiané uríp bêbrayan.
Jêjodhoan panganggêpku ora watón rupå ayu lan bagus pawitané, nangíng luwíh wigati såkå iku, anané råså ajèn-ingajènan, ugå kudu pådhå bisa njågå martabat kêluwargané. Nangíng, åpå síng dak råså sasuwéné iki, pårå priyå síng kêpéngín ngajak uríp bêbrayan karo aku, múng krånå kêpincút karo rupaku.
Layang-layang katrêsnan såkå pårå priyå síng dak tampa mèh kabèh ngatónaké råså pangalêmbana marang aku, yå mêrga iki aku tambah nêlångså, sêjatiné såpå aku iki, såpå síng biså mènèhi wangsulan marang pitakónku iki? Kålå-kålå aku nyawang potoné kang masku lan mbakyuku, yèn dak sawang kanthi pêrmati ora ana miribé babar pisan karo praupanku, pakulitanku, rambútku uga mripatku.
Mangêrtiå Mas Pramónó, mêrgå aku nduwèni praupan síng séjé karo sêdulúr-sêdulúrku iki, aku dadi kuwatír mênåwå íng batín pênjênêngan mêngko bakal kêbak pitakónan. Aku kuwatír mênåwå pênjênêngan gêlå, mulå aku kudu nampík katrêsnanmu. Yèn dak råså abót Mas, nangíng kudu kanthi cårå iki síng dak tindakné, amríh aku lan pênjênêngan pådhå slamété. Narti unjal ambêgan landhúng, nalikå mungkasi pangréntahé marang lêlakóné. Driji-drijiné síng alús lan mringin síng sêkawít uthak-uthik tanpå iråmå, kanthi aras-arasên kanggo ngêlap luhé, síng ora diråså mili íng pipiné.
Wanitå tuwå síng nglêmprak tanpå dåyå ånå dhipan, síng sêkawít saré anglêr dumadakan ngolèt, såkå mripaté sing cówóng alón-alón diêlèkaké.
"Ndhúk, awakku rasané panas, mårå coba tépasånå... Ndhúk Narti, åpå tå síng mbók pikirké, Ibu wís éklas mênåwå aku dipundhút sawayah-wayah...mênåwå iki wís garisé pêpêsthi, múng síng dadi ganjêlaning atiku sasuwéné iki, kênå ngåpå kowé ora gèk énggal gêlêm omah-omah. Dêlêngên mbakyumu lan masmu, sanajan ora mubra-mubru nangíng têntrêm,...putu-putuku katóné nyênêngké...ugh...ugh...ugh... Narti...ånå åpå tå Ndhúk, kók malah nangís?" swarané wanitå tuwå iku mèh-mèh ora kêprungu. Astané síng buyutén nyobå ngranggèh tangané Narti.
"Ora ånå åpå-åpå kók Bu, åjå mênggalíh wêrna-wêrna tå, karêbèn Ibu énggal mari. Sêdhéla manèh Mas Tónó lan Mbak Tutik têkå, malah jaré arêp pådhå sêkaliyan, mulå digêdhèk-gêdhèkaké pênggalihé Ibu," Narti nyobå nyarèhné pênggalihé Ibuné.
Yèn ndulu ragané ibuné síng wís lêmah tanpå dåyå Narti ora mêntålå arêp blåkå åpå síng dadi pikirané. Pitakónan sing disimpên mataún-taún nganti sêpréné durúng ånå síng biså awèh jawaban. Ånå wêwadi åpå síng mbók simpên rapêt sasuwéné iki ibu, jaré aku, Mas Tónó lan Mbak Tutik iku tunggal båpå ibu, nangíng kênapa kasunyatané, kåyå déné bumi karo langit. Pancèn aku palíng ayu, nanging kahanan iki malah ndadèkaké ora têntrêm urípku. Ibu åpå aku anak olèhé nêmu ånå ndalan, mêrgå diguwang wóng tuwané, yèn mangkono... luhúr têmên bêbudènmu Ibu, åpå malah Ibu síng tau tumindak nalisír såkå anggêr-anggêríng kautaman, sêlingkúh, åpå Ibu síng dadi korban wêngisé suwargi Bapak, Ibu ditêmpilké wóng..., åpå pangiraku iki ånå síng bênêr, åpå malah lupút kabèh?
"Ibu..."
Éwuh åyå Narti anggóné arêp mbukak åpå síng dadi pikirané marang Ibuné. Bingúng anggóné ngrakit têtêmbungan síng pantês ånå têngahíng kahanan kåyå mangkéné. Durúng kêconggah anggóné ómóng, wís kêdhisikan lúh dlèwèran ing pipiné. Saupåmå Ibu dipundhút... ah...kêlakón pêtêng wêwadi iki sêlawasé. Sirah rasané abót síng wiwít mau tansah disèlèhaké ånå pójóking dhipan, tangané kiwå ngêlús-ngêlús sikilé ibuné.
"Ndhúk, kênå ngåpå kók nangís? Åjå nangís cah ayu, sêjatiné åpå síng mbók tangisi kuwi. Åpå mêrgå kêtêmu nak Pramónó, banjúr atimu gorèh?"
"Ora Bu, Ibu åjå ngungkít-ngungkít Mas Pramónó... aku njalúk pangapurå Ibu, mênåwå aku sawéné iki ora bisa nggawé marêmé pênggalihé Ibu. Aku wawang ngadhêpi uríp bêbrayan klawan priyå, yèn priyå mau trêsnå marang aku múng mêrgå ayu rupaku. Ibu, kênåpå aku bédå karo mbakyu lan masku? Ånå wêwadi åpå Ibu? Aku wís dhéwåså...wís kuwat ngadhêpi kasunyataning uríp iki. Ayo Ibu, ngêndikå," tambah sêru Narti anggóné sêsênggukan.
Sakålå ibuné tumlawúng pênggalihé, awak rasané sêmplah, balúng-balúng kaya dilólósi. Ibuné arêp nyoba mbukak pêpêtêng iki, nanging bola-bali dicoba têtêp ora têkan pênggalihé. Kasunyatan síng diadhêpi ibuné, Narti wis dhéwåså, bédå karo Narti sêpulúh taún kêpungkúr, mênthèl lan trêngginas.
"Ndhúk Ti, pitakónmu siji iku simpênên rapêt íng têlêngíng atimu, paít yèn dak bukak lêlakón urípku, ora apík munggúh aku lan kowé. Wís bèn aku dhéwé síng ngêrti sêjatiné såpå kowé. Kêpriyéa waé Ibu ora arêp mbukak wadi iki. Panjalukku Ndhúk, åjå dadi atimu."
Wanitå tuwå iku têtêp pugúh ora kénggúh marang åpå síng dadi gêganjêlaning atiné anaké wadón. "Ibu! Dadi bênêr pangiråku sasuwéné iki? Aku dudu anaké suwargi Bapak? Oh...banjúr såpå síng ngukir jiwå ragaku iki? Såpå?
"Narti kowé ora susah wawang nåmpå priya sing bakal dadi sisihanmu, mênåwå sisihanmu mêntålå nglarah-nglarah såpå sêjatiné awakmu. Têrsêrah anggónmu ngrakit ukårå, ngarang critå."
Narti múng biså ndómblóng mangêrténi åpå síng lagi waé dirungu. Wêwadi iki bakal sinimpên rapêt, pêtêng ndhêdhêt samångså Ibu kapundhút déning Gústi ingkang Måhå Kawåså. Gênêp-gênêping isi donyå, manungså ora ånå síng sêmpurnå.

Déning: Kunto Hartono
Kapethik saking : Jagad Jawa - Solopos
http://www.solopos.co.id

1 komentar: