Selasa, 31 Januari 2012

CERKAK ( 22 )
SRI PARTINAH, PRAWAN SAKA BANTUL

Swarané sêpédha mótór pak pós såyå suwé såyå cêtha. Dhèwèké mandhêg ånå ngarêp omahku sak pêrlu ngêtêraké layang såkå Dhík Sri ing Bantúl, wís kênå dijagakaké, mèh sêtêngah sasi sêpisan layang såkå Bantúl têkan omahku, sêmono ugå sêtêngah sasi sêpisan layangku têkå ing omahé Dhík Sri.
Antarané aku lan Dhík Sri íng Bantúl wís suwé anggóné sêsambungan kêkancan, malah íng wêktu saiki sêsambungan mau dadi sêsambungané antarané wóng wadón lan wóng lanang síng nêmbé pacaran, ya múng amargå jarak antarané Sålå lan Bantúl mbutúhaké wêktu sêtugêl dinå mênawa arêp kêtêmu, mulå ya múng liwat layang aku lan dhèwèké pådhå ndhudhah råså síh katrêsnan.

Sêpédha onthèl tahún 70 dadi pawitanku, mangkat lan mulíh sêkolah bêbarêngan goncèngan pit èlèk iki.
Ah..., saumpamané zaman biyèn aku wis duwé sêpédha mótór utawa HP mbók mênåwå critané bédå. Lulús såkå pamulangan SMA aku lan Dhík Sri pisah, aku nyambút gawé dadi pêgawai Pêmêrintah, sanajan isíh dadi tênaga hónórèr lan Dhík Sri bali mênyang Bantúl sak prêlu mulíh lan golèk panggawéan. Nalikå ing Sålå dhèwèké ndèrèk Pakdhéné sak prêlu sékolah.
Dhík Sri, mêngkono aku nyêbut jênêngé, asmané kang komplét Sri Partinah, kanggo ukuran zaman sêmånå åpå manèh zaman saiki jênêng mau katóné ndésani lan ora madólké, nangíng såpå ngira yèn síng duwé jênêng mau pawóngané ayu. Pakulitané kuning rêsik, dêdêg piyadêgé sêdhêng, nétrané bundêr irêng katón kåyå ngétókaké sunar, rikmané irêng kêtêl tur dåwå nganti sak ngisoré bókóng. Pókóké ora kalah ayu yèn ditandhíngké karo Inul Daratista pênyanyi ndhangdhut síng wís kawêntar yèn nyanyi gawéné ngobahaké pérangané awak, ya adóh. Dhík Sri sakdhuwuré pênyanyi mau. Mbók mênåwå lagi sêjajar mênåwå ditandhingaké bintang sinêtrón Marisa Haque utawa Soraya Haque, ugå sêjajar mênawa ditandhíngaké Ayu Azahrí utawa Sarah Azhari. Ugå sêjajar mênåwå ditandhíngaké karo Kharisma Kapór utawa Karina Kapór bintang film saka India. Wah,... jan ayu tênan.
Pacaran sasuwéné mèh nêm tahun, nêmbé kapíng loro aku dolan mênyang omahé íng Bantúl, ya amargå sakliyané adóh panggónané ning síng gênah kanggo ragad mrånå aku ora duwé. Yå mêrga såkå iku anggónku ngêrtèni watak lan bêbudèné yå múng saktléraman, ora ngêrti sak tênané, sênajan nalikå isíh sêkolah awór dadi siji, nangíng råså trêsnå mau lagi tuwúh nalikå aku karo dhèwèké wís pêpisahan. Mbúh amargå arang anggónku kêpêthúk, råså síh katrêsnan mau kók ora dadi tuwúh subúr. Sêthithík mbåkå sêthithík ilang kêsilêp wanitå liyå, sêmånå uga Dhík Sri, katóné yo ora béda karo aku, dhèwèké yo têrús nglalèkaké aku.
Kêdadéyan mau wís kêlakón udåkårå têlúng pulúh tahún kêpungkúr. Aku saiki wís duwé kêluwargå dhéwé, sêmono ugå dhèwèké tak kirå wís pêputrå akèh, awít anggoné omah-omah luwíh dhisík tinimbang aku.
Kêdadéyan lindhu gêdhé síng nêmahi tlatah provinsi Jawa Têngah lan Daérah Istiméwa Yógyakarta kang lagi kêpungkúr ndadèkaké aku kèlingan marang dhèwèké. Wêwayangan nalikå pacaran kumlébat wélå-wélå kåyå waé lagi kêlakón dhèk wingi, ugå wêwayangan sakumpamané, aku lan Dhík Sri kêlakón sêsandhingan dadi laki rabi. Kåyå-kåyå aku lan dhèwèké wís rêsmi bêbrayan, ngêdêgaké balé somah kang ayêm têntrêm. Bubar gajian tanggal siji kåyå biayasané kabèh blanjaku bruk pêthuthuk tak pasrahné Dhík Sri.
"Nyoh Dhík, iki turahané blanjaku sasi iki, sak karêpé anggónmu ngatúr lan nyukúpké!" Åjå mênèh jênêngé múng siså blånjå, sanajan blanjaku isíh utúh tanpa pótóngan, tak kirå ora bakal cukúp kanggo nyukupi kêbutuhan sêsasi, amargå aku múng sawijiníng PNS andhahan kang gawéyané múng dipréntah thók, mulå blanjané yå múng sakimit.
"Alhamdulillah, iki wis cukúp kanggo sêsasi Mas, mênåwå ånå kurangané aku bisa duwé asíl såkå opah jaitan síng tak tåmpå," sémaurané Dhík Sri karo nyawisaké sêgå lan jangan kanggo mangan awan.
Dhasar wóngé ayu rupané, bêbudèné ugå ora nguciwani, tansah nêrima ing pandum. Yå kåyå mêngkéné iki sing diarani aku wóng síng kêbênêran anggónku têtak. Balé somahku tansah ayêm têntrêm kêbak råså bagyå múlyå. Sanajan múng dadi bojoné pégawai cêndhèk, nangíng Dhík Sri tansah ngaturaké pênuwún marang Gústi Kang Måhå Wikan, mula rêzêki têkå lumintu tanpå kêndhat-kêndhat. Sanajan múng uríp manggón ånå Pêrumnas jêmbaré múng sak cuplêk, nangíng rasané kaya uríp nèng swarga. Kabèh mau yå amargå Dhík Sri wanodyå kang solèkhah lan gêlêm mbantu èkèr-èkèr golèk pangan.
Bubar mangan awan, kåyå padatan aku lèyèh-lèyèh ånå sênthóng, ora sawêtara suwé Dhík Sri nusúl. Yå amarga aku lan dhèwèké isíh klêbu têmantèn anyar mula najan isíh awan, aku ora nulak nalika dhèwèkné kêpingín nindakaké sarêsmi. Wola-wali ora jêlèh-jêlèh, wah..., jan kaya uríp nèng swargå kaé. Pancèn tak akóni, mênåwå masalah siji iki, aku lan Dhík Sri pådhå karêmé.
Wêwayang kang éndah mau sêthithík mbåkå sêthithík ilang, ganti wêwayangan síng kahanané kósók baliné. Jêbúl Dhík Sri iku múng ayu lahiré thók. Bêbudèné èlèk lan wataké angèl bangêt. Dikirå dadi bójón PNS iku énak lan kêpénak, dikirå síng kakúng bayarané gêdhé túr ajêg åpåmanèh têmbéné mburi éntúk pènsiún. Mulå pêndak byar njalúk barang-barang síng rêgané larang. "Mas, mbók omahé dhéwé iki digawé tingkat, karêbèn mênåwå ånå tamu nginêp biså longgar!" mêngkono pênjaluké Dhík Sri.
Aku ora sêmaúr babar pisan. Atiku wís jèngkèl, kêndharaan sêpéda mótór iki lagi ngancík cicilan kapíng wólu. Kamångkå aku kudu nyicíl kapíng patang pulúh wólu. Yå amargå uripé sing srakah iki aku dadi katut kêcêmplung utang bank, pêndhak sasi ora tau nggåwå mulíh blånjå. Kamångkå satêmêné aku iki kêpingín uríp mulyå sanajan múng kanthi uríp kang prasójó, kósók baliné Dhík Sri wanodyå kang kédanan båndhå. Karêpé pêndhak mêtu rêsèpsi jagóng utåwå acara arisan kampúng waé kudu nganggo sayak anyar.
Bisaku múng ngêlús dhådhå. Nangíng nalikå dhèwèké malah njalúk supåyå sêpéda mótórku diijólké mobíl, nêsuku ora bisa tak ampêt mênèh.
"Dhasar wóng wédók ora duwé utêk, mbók yó ngrumangsani awaké dhéwé iki såpå!" untúng tanganku ora sida nêmpilíng rainé.
Yå wiwit dinå iku aku ora caturan karo Dhík Sri. Dhèwèké tak sêkarép, yèn isíh kêpingín dadi bojoku ya kudu ngêrtèni kahané síng lanang síng kêrjané dadi PNS, ora susah dadi gêgayuan síng mulúk-mulúk síng tundhóné múng nyêngsarakaké dhéwé, níng mênåwå wís ora iså diatúr yå sakarêpmu, arêp lungå yå ora tak gondhèli.
Lamat-lamat aku krungu lapórané tånggå têparo, mênåwå yèn aku lagi lungå nyambút gawé mênyang kantór, dhèwèké ugå lungå, malah jaré wís naté ånå wêrúh dhèwèké goncèngan karo wóng lanang liyå mlêbú sakwènèhíng hotèl. Ah..., dhasar wóng wadón síng ora ngêrti agåmå, mulå tinimbang kêbacút-bacút luwíh bêcík tak jak ngadhêp ning kantór pêngadilan agama sak pêrlu tak wènèhi layang pêgat.
Mak gragap aku élíng såkå anggónku ngalamún, amargå bojoku njiwít tanganku, jêbúl layang síng nêmbé tak tåmpå mau dudu layang såkå Dhík Sri ing Bantúl, nangíng layang såkå Badan Kêpêgawaian Nêgara Kantór Wilayah II Jógja, kang ngabaraké mênåwå aku saiki wis púrnå dadi pènsiún. Aku bisa lulús såkå PNS kanthi slamêt lan dhuwèni hak pènsiún. Wóng wadón síng ånå jèjèrku ora liyå yå bojoku tak rangkúl, sanajan ayuné ora kåyå Dhík Sri, nangíng bêbudèné ora nguciwani. Bisaku múng nyênyuwún marang Gusti Allah, mugå-mugå Dhík Sri lan kêluwargané di diparingi slamêt såkå lindhu gêdhé iki.

Déning: Sumédi
Kapethik saking : Jagad Jawa - Solopos
http://www.solopos.co.id

Tidak ada komentar:

Posting Komentar