Cerkak ( 13 )
Katresnan facebook
Majuning jaman prasasat datan bisa dibendung. Nek
jare wong saiki sinebut globalisasi. Globalisasi dhewe, saumpama
dijarwakake nganggo basa Jawa yaiku tansaya sumpeg lan rupake alam donya
iki merga majune teknologi kang anjrah engga tekan karang padesan.
Nadyan papane adoh nanging krasa cedhak krana teknologi kang wis maju
mau.
Coba dipenggalih, rong puluh taun kepungkur yen wong kepengin omong-omongan karo anake sing manggon ana Jakarta gelem ora gelem kudu mara mrana. Utawa suwalike, si anak kudu bali menyang lemah kelairane. Kamangka, omahe ana Yogya. Ateges jarak antarane Yogya-Jakarta klebu adoh, sak ora-orane butuh ragad sing ora sethithik. Upama kepengin cepet bisa caturan, saranane liwat tilpun ing wartel.
Ning saiki, taun 2011 iki, aja maneh Jakarta, selagine kepengin ngobrol karo kulawarga sing manggon ana Amerika wae wis dudu barang kang angel. Sing jenenge handphone prasasat pating tlecek ing saben papan. Tegese HP wis dudu barang mewah maneh. Jamanku sekolah biyen ajaa kok ngimpi nyekel HP, selagine gambar lan bentuke wae durung weruh. Lha saiki, anakku sing isih kelas 3 SD wae cekel-cekelane HP. Kejaba iku bocah SD jaman saiki adhep-adhepane sarwa komputer.
Sejene kuwi, internet, twitter, engga sing aran Facebook wis anjrah tekan karang padesan. Mbukak facebook, twitter, yahoo massanger utawa YM lan sapanunggalane ora perlu ndadak menyang warung internet maneh sebab bisa diakses liwat HP. Mula ora jeneng aneh yen donya sing jembar ngilak-ilak prasasat dadi cupet tanpa wates.
Emane, kemajuwan ing babagan teknologi iki bisa njalari uwong dadi edan kahanan. Wanita sing sejatine setya tuhu marang bojo, bisa malik grembyang kendho tapihe njur seneng slewengan. Utawa sing luwih edan maneh ngrusuhi bojone liyan mung merga tepungane liwat facebook utawa asring dicekak FB. Ora mung kaum wanita, bapak-bapak sing wis mambu lemah uga padha gendhakan karo prawan lan randha merga kerep chatting ing FB. Facebook, yen kliru anggone nggunaka-ke, bisa dadi sarana tindak slingkuh. Tundhone bebrayane bubar. Nanging ora kabeh teknologi iku negatif. Sisih positife uga akeh, gumantung sing nggunakake. Contone, FB, twitter, YM, mau bisa dadi srana kanggo pasang iklan utawa bisnis. Bisa uga kanggo dakwah agama sarta ngudi ngelmu.
Ya merga ngenut ombyaking jaman iku aku njur reka-reka melu gawe akun facebook. Jebul ora nganti sasen akun FB-ku wis tambah kanca nganti wong ewonan. Senadyan durung nate ketemu, nanging lumantar akun FB mau bisa gegojekan kanthi bebas klawan kanca anyar sing babar blas ora tak ngerteni papan dununge. Malah kanca-kancaku mau ana sing dedunung ing Hongkong, Pakistan, Malaysia lan Eropa. Saliyane kuwi, kancaku sekolah sing wis puluhan taun ora nate ketemu bisa gojegan maneh karo aku nadyan mung liwat dunia maya.
Sore iku aku nuhoni dhawuh seka redhaksi kudu ngirim warta lewat e-mail. Mula senadyan wektune mepet maghrib, aku nyelakke ngirim warta paling anyar saka Gunungkidul menyang redhaksi kalawarti. Sinambi ngenteni emailku kakirim, aku nyelangake mbukak FB. Ora let suwe wis ana sing add ing inbox-ku. “Assalamu’alaikum, sugeng sonten mas….” Tak lirik sing kirim pesen asmane Jiwandari Dewi Wahid utawa Bu Lurah Purwodadi, salah sijine desa ing wewengkon Gunungkidul.
“Wa’alaikumsalam…. Nembe menapa bu?” aku mbalesi.
“Kok dangu mboten pinarak ngidul mas ?” wangsulane Bu Ndari.
”Sawetawis niki taksih repot Bu. Wonten dhawuh ?”
Aku sing wis sawetara wektu tepung karo priyayine banjur ngobrol ngalor ngidul. Sing dakgunem maneka warna. Bu Ndari utawa Bu Lurah Purwodadi iku grapyak semanak. Dasare kagungan rupa ayu, persasat turah rupa kurang candra tur isih nduweni kuwasa senadyan mung dadi lurah ana desa kang mencil. Emane kok wis kagungan garwa lan anak-anak cacah loro lanang wadon. Upama ora, wiiih klakon tak pek bojo tenan.
Lageyane Bu Ndari beda adoh yen aku pinuju wawancara nyang Purwodadi. Aku pancen kerep golek warta bab pembangunan ing desa-desa, klebu tlatah kang dipimpin dening penjenengane. Kesan formal lan kaku langsung krasa yen pinuju adu arep wawancara klawan Bu Ndari. Bu Lurah katon mrebawani ana ngarepe para pamong. Ya merga wonge formal banget mau aku dadi rada aras-arasen yen kudu sambang menyang Purwodadi.
Nanging saploke asring sesambungan liwat FB aku dadi luwih akrab karo penjenengane. Kurang trima liwat FB, Bu Lurah uga njaluk no HP-ku. Sabanjure, mbuh liwat FB utawa HP, piyambake asring takon bab pembangunan utawa program PNPM pamarentah marang aku. Kabeh sing disuwunake pirsa tak jawab cundhuk karo sing tak mangerteni. Ora mung kuwi, Bu Lurah uga njaluk pambiyantuku supaya nulis bab Pesisir Siung sing mlebu ana tlatah Purwodadi. Pangajabe, yen pesisir iku diekspose ing koran tundhone bisa njalari tekane wisatawan.
Merga Bu Ndari duwe kewajiban liya, mula kongkon Untari ngancani aku mlaku-mlaku ana pesisir
Merga asring FB-an lan sms-an, njalari aku kepengin dolan menyang Purwodadi. Apamaneh Bu Lurah janji bakal paring informasi sing apik kanggo ngisi liputan budaya, yaiku festival reyog lan jathilan kang dianakake ngepasi taun anyar. Sidane, mbarengi mlebu tahun baru 2011 wingi kuwi aku sida dolan menyang Pesisir Siung. Sepisan nglegani Bu Lurah, kapindho acara festival iku bisa dadi berita kang narik kawigaten. Ancasku mung teka jlug, motret-motret sethithik, wawancara trus bablas bali mulih menyang Wonosari.
Gandheng acarane diwiwiti tanggal 31 Desember 2010, mula aku diaturi pinarak ana daleme Bu Lurah. Sekawit aku wegah, nanging merga dirimuk dening Bu Ndari pungkasane aku manut.
“Mangga mas, pinarak. Nggih ngaten niki gubug teng karang padesan,” Bu Lurah mbagekake grapyak.
“Ah sami mawon Bu. Niki malah pun sae, benten kalih rompok kula,” aku nanggapi ulas-ulas.
“Milane gek pados ingkang saget ngupakara ta Mas…!” Bu Lurah semu nyemoni statusku sing dhudha.
“Dereng pinanggih kok Bu. Nyuwun tulung dipadosne sing purun…!” semaurku sembrana parikena.
Bu Ndari banjur idin menyang mburi. Aku ditinggal ijen ana ruwang tamu. Ora let suwe ana kenya ayu kang ngladekake wedang. Mripatku kedhep tesmak, kenya kang ngetokake wedang iku banget merak ati.
“Mangga diunjuk mas, sakwontenipun,” swarane alus, pakulitan kuning langsep. Pawakane weweg kaya artis sinetron Manohara Odelia Pinot.
“Ee… enggih Dhik. Walaah kok repot-repot lho,” gragaban anggonku mangsuli.
“Diunjuk lho Mas Wisnu, mboten sah jiguh pekewuh! Eh Tar, iku tulung kamar sisih kiwa resikana, ben mengko diagem nyare Mas Wisnu.” prentahe Bu Ndari nalika metu seka kamare marang kenya sing mentas ngladekake wedang. Kenya sing diundang Tari iku manthuk.
“Tepungna sik Mas, iki adhiku. Jenenge Untari, komplite Untari Puspitaningsih. Lagi wae lulus kuliah Akuntansi ana Solo. Tari, tepungan iki Mas Wisnu, wartawan koran sing tak jaluki tulung ngliput acara festival. Sesuk nyuwuna tulung Mas Wisnu kuwi lho Tar, kon nggolekne gaweyan ana kutha. Wartawan iku relasine akeh.”
Untari gage mlebu kamar, dene aku banjur sapejagong karo Bu Lurah. Ora krasa wektune ngancik wengi. Gandheng ing pesisir dianakake pista kembang api mula aku kepengin nonton kerameyan iku, sisan gawe mahargya tekane taun anyar 2011. Merga Bu Ndari duwe ayahan liya, mula banjur utusan Untari ngancani aku mlaku-mlaku ana pesisir. Sidane wengi kuwi aku lan Untari mlaku bebarengan ana Pesisir Siung.
Sekawit lambeku kaya kinunci. Aku sing biyasane crewet yen pinuju wawancara dadi bungkem. Semono uga Untari, deweke mung ndingkluk nyawang wedhi lan ombake segara kidul. Nanging suwening suwe aku lan dheweke banjur ngobrol biasa. Crita ngalor ngidul ora karuwan bongkot pucuke. Untari malah wis wani njiwiti tanganku nalika dak sembranani bab pacar. Pokoke acara malem taun anyar 2011 nilaske kenangan kang nabet atiku lan atine Untari.
Sawise kedadeyan bengi kuwi aku asring dolan menyang Purwodadi. Ora arep wawancara maneh nanging ndolani si Untari sing nyata merak ati. Senadyan statusku dhudha anak siji, nanging nyatane Untari uga nglanggati panah asmara kang tak tamakake jroning atine. Gedhe cilike aku pacaran karo Untari. Sing nyomblangi mbakyune dhewe, Bu Lurah Purwodadi. Tembung lan tembang katresnan mbanyu mili liwat facebook. Merga facebook aku bali nemokake kembang katresnan sing wis kapunthes rong taun lawase. Amarga facebook aku nemokake jodho sing banget tak antu-antu tekane.
Untari banjur tak tepungake marang rama-ibuku, uga Ananda, anakku wadon. Untari bisa mranani penggalihe wong tuwaku. Sejene kuwi anakku ya seneng merga entuk calon ibu anyar sing alus bebudene. Untari dhewe, senadyan tepung durung suwe, yen tak sawang shalate mempeng, tindak tanduk lan solah bawane alus. Mula aku ora tidha-tidha maneh. Untari kanthi ati manteb dak lamar dadi sisihanku. Tembang katresnan ngumandhang :
“Gegarane wong akrami,
Dudu bandha dudu rupa,
Amung ati pawitane,
Luput pisan, kena pisan.
Yen gampang luwih gampang,
Yen angel, angel kalangkung
Tan kena tinambaks arta…..”
Insya Allah ora nganti ramadhan 2011, aku wis klakon mengku wanita shalihah pinangka sisihan. Muga dadi jodhoku wiwit ndonya nganti akherat. Amin.

Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat.
http://www.panjebarsemangat.co.id
http://www.panjebarsemangat.co.id
Tidak ada komentar:
Posting Komentar