CRITA WAYANG ( 3 )
RAMA PARASU
“ Kang LALI PURWA DUKSINA ”
“Kakang Patih Surata, rumangsa ribet
rasaning atiku lan sepet paningalku yenta nyawang wujude Bambang
Sumantri kang kaduk piangkuh. Yenta nyata kesaguhane bisa ngentasi gawe
kaya kang ingsun kersaake, bakal gedhe ganjarane. Nanging yenta luput
kaya kang disaguhake, bumi Maespati aja nganti kaambah dening wujude
manungsa kang aran Bambang Sumantri. Sadurunge mangkat marang Negara
Magada, busanane Sumantri kang ngenek eneki kuwi, salinana cara
kaprajurtian. Ujubing atiku ora arep ambebagus marang wujude Bambang
Sumantri, nanging kanggo rumeksa kuluhuraning jenengingsun. Negara
Maespati aja nganti asor darajate, darbe caraka kang busanane ora
mingsra”. Mangkana dhawuhku marang Patih Surata mungkasi anggonku
anggelar pasewakan.
Atur sembah Bambang Sumantri mundur saka
paseban sadurunge ingsun jengkar. Sinusulan dening Patih Surata.
Sawusnya Bambang Sumantri wus sangkep salin busana kaprajuritan, sakala
katon tejaning Bambang Samantri saya anggenguwung. Sarira kang wus
binusanan cara kaprajuritan, sangsaya mencorong, cinandra kaya dene dewa
ndharat. Cingak kang pada nguntapake budhaling caraka kang tetela
anggung akarya sengseming para kang aningali ing sadalan-dalan. Para
kenya kang wani anyaketi unggyaning Bambang Sumantri pada anjejawat,
nanging ana saweneh kang amung wani angawe-awe ngujiwat.
Gancaring cerita, Bambang Sumantri wus
keduga mboyong sekaring kedhaton Magada, Sang Dyah Citrawati. Nanging
bawane satriya kang maksih kagawa ing rasa kamudhan lan durung kuwawa
anyingkirake rasa adigang, adigung, adiguna, sakala kadadak salin solah
bawa. Melik anggendhong lali! Nalika samana Bambang Sumantri kang wus
masanggrah ing tapel watesing Negara Maespati, sinususulan dening Patih
Surata. Ature Bambang Sumantri marang Sang Rekyan Apatih Surata, menawa
Dewi Citrawati arep kaaturake, nanging papane ing sajroning payudan.
Rumangsa wus bisa ngregem jagad, sawusnya
bali marang praja, Sumantri kedadak nanting kasudibyaningsun srana
pasemon alus. Kaya pineksa ingsun nglanggat pamundhute Bambang Sumantri
tandhing tysa. Supaya ora asor drajate dene mungsuh kang amung wujuding
caraka, mula ingsun ngloropake busanaku keprabon, murih ka anggo busana
dening Bambang Sumantri.
Nalika tandhing ingsun kekaron, para
jawata padha tumurun nyekseni paprangan, kang yen kadulu saka ing
kadohan kaya dene tetandingan yuda antarane para ratu kang kembar
wewujudane. Mangkana tandhing ingsun lumawan Bambang Sumantri dedreg
silih ungkih rebut unggul. Nalika samana Bambang Sumantri ganti
kalindhih, Bambang Sumantri musthi sanjata Cakrabaswara. Sanjata dibya
kang ampuhe kagila-gila. Mulat Bambang Sumantri kang wus siyaga menthang
gendewa nglarapake senjata dibya, nuli jenengingsun matak aji
Triwikrama. Cinandhak wani sarirane Bambang Sumantri, tan mangga puliha
Bambang Sumantri nuli kapikut. Nanging jroning batin ingsun kang wus
kaduk ngungun marang kasektene Bambang Sumantri, mula nulya ingsun
paringi aksama. Nanging paukuman kudu anut marang jejeging adil. Bambang
Sumantri kang wus pasrah dhiri, dak patrapi paukuman. Paukumane kang
kaya-kaya ora salumrahe, nanging ingsun percaya lamun Bambang Sumantri
saguh minangkani.
Bambang Sumantri kudu keduga mindhah
Taman Sriwedari kang dumunung ing imbanging gunung Untarayana, kudu
kaboyong marang taman sari Negara Maespati, kinarya lipuring manah Dewi
Citrawati kang katemben pisah lan wong atuwane.
Sungkawaning ati Bambang Sumantri nalika
samana sakala kedadak ganti ing bebungah, nalika kelingan marang sedulur
mudha, Bambang Sukasarana. Sedulur mudha kang duk inguni kasimpe sabab
kinira amung ngrubeda-angreridhu lan anjejereng wirang amarga darbe
wewujudan kang anggelinani. Paminta srayane Sumantri mindhah Taman
Sriwedari tumuju ing Praja Maespati marang Sukasarana sinaguhan, amung
kudu liniru lilane kadang werdha tansah cinaket. Sakala pamintane keng
rayi Bambang Sukasarana kaya dene amung bab kang sinangga entheng.
Nanging welinge Bambang Sumantri kalawan Sukasarana, yen mengko wus
keduga mboyongi taman, aja nganti kawuningan luwih disik wewujudane
dening sanggyaning para kawula ing Maespati
****
“Sang Rama Parasu, jengandika meksih
kersa midhangetake dedongenganku?” Kapedhot dedongengan sawatara,
nanthing marang Sang Rama Bargawa apa isih kersa midhangetake. Senajan
ing rasa batin, ingsun mulat jineming guwaya Sang Rama Bargawa kena
kajajagan, menawa Rama Bargawa banget kepranan.
“Mara gage terusana! Senajanta dawa
caritamu ngungkuli dawaning lurung, aku saguh ngematake candhaking
critamu” Mangkana jajawab Sang Rama Bhargawa kanthi ulat kang sumeh.
Nuli ingsun kalawan sumendhe ing gunging kekayon ambacutake critaku kang
wus kawuri.
****
Gelise kang munggel kawi, kaleksanan
Sukasarana mboyongi Taman Sriwedari marang Negara Maespati. Nalika
samana garwaningsun Dewi Citrawati kang kepareng nitipriksa gelaring
taman Sriwedari kang nembe kaputer-puja, ingayap sakehing para emban
cethi. Sakala mekar sakehing kusuma, manglung kang panging kekayon
kasilir ing samirana mandra. Keh peksi-peksi kang miber ing gegantang
padha pating caruwet manembrama kang kersa tindak cangkrama. Kombang
kombang mbrengengeng kaya asung kekidung, saka kepranan marang liringing
netrane sang pramensywari. Senajanta sesekaran pada mekrok rebut warna
ngujiwat minta sang dewi kersaa methik kinarya sesumping. Rena
panggalihe garwaningsun Citrawati kang tindake saya manengah kepranan
marang edi endahe kang taman Sriwedari, kang tetela kaya dene endahing
taman ing swargaloka.
Nanging kacarita, sakala kejot panggalihe
garwaningsun, nalika mulat ana pawongan bajang ceko kang pasuryane
anggegirisi dumunung ing jroning taman. Tetela iku wujuding Bambang
Sukasarana kang tan kuwawa angampah hardaning karep, marepeki wanita
kang banget sulistyaning warna. Gya Bambang Sukasarana miyak kang
grumbul sangandhaping wit nagasari, nyaketi ungyaning Sang Dyah
Pramesywari. Girap girap sarwa anjelih-jelih Sang Prameswari keplayu
kamigilan, matur marang ingsun. Nuli ingsun matah marang Patih Suwanda
kinen ngrampungi gawe, nyirna’ake dhemit kang dumunung ana ing sajroning
taman sari
Nalika samana duka yayah sinipi Bambang
Sumantri marepeki papan padunungane Bambang Sukasarana. Jroning batin
wus tan samar lamun Bambang Sukasarana kang gawe gendra, suwala marang
dhawuhe yen ta ora kena metu saka sesingidan. Wus prapta ing papan
dununge Bambang Sukasrana kang sigra mulet unggyane kang raka sarwi
matur “Ayo kakang Sumantri, apa aku wus kalilan seba marang ngarsane
Prabu Harjuna Sasrabahu. Yen kowe bisa suwita marang Gusti Prabu Harjuna
Sasrabahu, aku kudune ya bisa kaya kang kok tindak’ake, kakang!”
Nanging rerepane Bambang Sukasarana tan
rinewes dening kang raka, Bambang Sumantri, kang wus kalimputing deduka,
sugal wuwuse Bambang Sumantri , “Kowe wis nate tak weling apa?!”
“Aku kudu ndelik ana ing petamanan”. Kanti ulat kang kaya tanpa dosa, ngucap Bambang Sukasrana.
“Mangertiya yayi, yen ta kusuma ratu
kamigilan nyawang wujudmu. Mula yayi, ayo tak terke mulih dhisik marang
Pertapan Jatisrana. Mengko yen wus ana kalodhangan kang prayoga, kowe
bakal tak parani, suwita bareng marang ngarsane Prabu Harjuna
Sasrabahu”. Bambang Sumantri ngandika njlentrehake perkara, sarwa
ngampah gempunging rasa.
“Emoh kakang, yen aku bali, kowe ya kudu
bali.Nalika samana kakang nyimpe aku tanpa pamit, kaya pecat-pecata
sukmaku. Mangertiya kakang, mbiyen kuwi aku nangis meh sepasar suwene.
Tak goleki seprana-seprene nanging saiki sikakang bakal mbalekake aku
maneh marang Pertapan. Oooh kakang, kaya ngapa rasa sepining ati, yenta
aku pisah kalawan kowe kakang” Sukasrana panggah anduwa-suwala.
“Kowe aja gawe nesu, Sukasrana!!”
Jumangkah Bambang Sumantri, akeh wuwusnya Bambang Sumantri sarwi
anjempalani sarirane Bambang Sukasarana. Bambang Sukasarana amung pasrah
dhiri senajan sarirane wus babak-bunyak, nanging tan ana pangresula
senajan amung sakecap, kawetu saka lathine Sukasarana. Bambang Sumantri
kang wus tan enget marang pamintane kang angarih-arih inguni, minta
pambiyantu mindhah Taman Sriwedari, panggah ngrudapeksa Bambang
Sukasrana nundhung kang rayi, amarga jrih marang gusti natane, aja
nganti anjejereng sasra wirang . Nalika samana wus keprungu umyung
bendhe tengara lamun ingsun nedya tindak sesarengan lawan garwaku
angambali tedhak cangkrama.
Saya sigug-kidhung goreh rasane Bambang
Sumantri kang sigra angagar agari jemparing marang Bambang Sukasrana,
pepethane karya ngurak Bambang Sukasarana supaya age-age lunga saka
patamanan. Sedhela-sedhela Bambang Sumantri tumoleh wuntat sekedhap
sekedhap nyawang unggyane Bambang Sukasarana kang amung mandeng kang
raka kanthi netra kang panggah kumedhep. Jroning nala Bambang Sumantri
kaya rinujit, nanging bawane wus saguh ngayahi dhawuhing nalendra lan
krasa luput yen bakal nampa bebendu, sakala dres wijiling riwe kaya
dineres.
Sangsaya lunyu cepenging warastra,
nanging lenging rasa kaya wus ilang musna. Ponang warastra kang wus
mapan ana ing kekendheng sakala mrucut saka astane. Tumama jajaning
Bambang Sukasarana butul ing walikat. Raga gumuling ing siti, ngalumpruk
tanpa daya. Dres kang ludira muncrat saka ing jaja. Nanging ana
kaelokaning jagad, raga kang sadina-dina angganda bebanger, parandene
ludiraning Bambang Sukasrana tetela arum mangambar ngrabasa sakehing
durgandana. Kedhep tesmak Bambang Sumantri mulat sesawangan kang ana
telenging netrane, sabab dene kaya kacabut sukmane.
Angles kekes rasane Bambang Sumantri kaya
wungu saka nendra sigra rinangkulan jasade Bambang Sukasrana kang
nandhang katriwandhan. Tetela nalika samana wus sirna marga layu Bambang
Sukasarana. Bundhu bundhelaning manah Bambang Sumantri kang kaocap
amung rerepa jroning panalangsa.
“Sukasrana apuranen aku, ora ngira lamun kowe tekaning sirna. Sukasrana, apuranen aku!!”
Kagyat gora wekasan Bambang Sumantri kedadak ana swara kang cetha wela wela dumeling ing karna, “Heh Bambang Sumantri! “
Menyat Bambang Sumantri sarwa tumoleh
kanan ngering, nanging kang den upadi tan ana katingal. Tumuli Bambang
Sumantri muwus “Kowe sapa ?!”
Swara kang dumeling iku keprungu mawantu
wantu “Aku Bambang Sukasrana!! Sagluguting kolang kaling sarambut pinara
sasra aku ora nduwe rasa serik-murina lawan kowe kakang. Nanging kaya
kang wus tak aturake marang kowe, yen ta aku ora kena ginggang sarambut
kalawan kowe. Aku ora bakal tumuli sowan ing pangayunaning para Dewa,
yen ora bareng kalawan kowe, kakang Sumantri. Tak enteni ana bokur
pangarip-arip. Nanging elinga, menawa ing tembe kowe prang tandhing lan
Raja Ngalengka Diraja, ing kana wahyane kowe tak susul sowan marang ing
tepet suci. Wis kaya mung semene anggonku matur marang kowe kakang,
tumuli si kakang ngadhepa marang Sang Prabu Harjuna Sasrabahu”. Sawusnya
matur marang Bambang Sumantri, lon lonan jasad kang gumlethak ing siti
katiyuping samirana, sirna ilang saka telenging netrane Bambang Sumantri
kang amung anjegreg mangu-mangu kaya tugu sinukarta.
Mangkana wus caket praptaku ing papan
kadaden kang kaya dene ora ana sawiji wiji, nuli Bambang Sumantri matur
menawa drubiksa kang angganggu gawe ing jroning Taman Sriwedari wus
keduga kasirnaake. Saka renaning atiku, nalika samana Bambang Sumantri
ingsun wisuda dadi Mahapatih ing Negara Maespati, kanthi jejuluk Patih
Suwanda. Saya rumaket kekadanganku kalawan Patih Suwanda, presasat kaya
dene kadang tunggal yayah rina.
Gilir gumantining kalamangsa, nalika
samana garwaku Citrawati kersa leledhang ing balumbang pasiraman, anut
ilining bengawan kang mbelah madyaning petamanan. Ketiga ngerak kang tan
kena kasaranan, meksa jenengingsun triwikrama mbendung bengawan.
Samantara Patih Suwanda kajibah ngreksa yuwananing praja.
Nanging tindak culika thukulaning mungsuh
telik sandi upaya kang ambebidhung api rowang, uninga menawa
jenengingsun oncat saka praja. Kinira lamun Praja Maespati ringkih, gya
kerig lampit nglurug mungsuh saka Negara Ngalengka kang sangkep ing
gegaman angrabasa tanpa layang panantang. Praptane prajurit sagelar
sepapan katon nroncong tumbake nganti kaya landak sayuta, megar payunge
kaya jamur barat, barisan kang pinandegan dening Prabu Dasamuka.
Sang Prabu Dasamuka kang kayungyun
kadereng sengsem marang Dewi Citrawati kang kawentar panjalmaning Dewi
Widawati ora kena sinayudan kersa mboyong peksa marang Negara Ngalengka
Diraja. Sadalan dalan patrape kang pabarisaning mungsuh pada
sawiyah-wiyah anjejarah rayah.
Patih Suwanda kang tansah prayitna ing
gati siyaga ing dhiri, greget gumregut anrenggalangi mungsuh umadeg
angembani wajib. Mangkana kekarone wus ayun ayunan, Patih Suwanda
kalawan Prabu Dasamuka.
“Inspirasi” dongengan menika lumintu
saking kitab Ramayana anggitanipun Herman Pratikto, kaolah mawi
sawernaning bumbu sarwa Jawi.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar