Sabtu, 11 Februari 2012

Pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW 1433 H
Paguyuban PKK Dusun Selotopeng Desa Banyakan Kecamatan Banyakan Februari 2012




Assalamu alaikum wr.wb.
Dhumateng Ibu Nyai saha Ibu-ibu tamu undangan ingkang dhahat kinormatan...
Dhumateng Ibu-ibu sesamining pendherek PKK Dusun Selotopeng ingkang dipun tresnani Gusti Allah...

Mangga, kanthi ikhlasing penggalih, kita tansah nelakaken agengipun raos syukur, konjuk ngarsa dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala, ingkang kanthi sifat Rohman saha Rohim-ipun, maringi pinten-pinten nikmat, rahmat, taufik saha hidayah, utaminipun nikmat ingkang arupi kasarasan, iman saha islam. Pramila mangga, raos syukur kalawau kita lesanaken kanthi waosan, “ Alhamdulillahi robbil alamin...”. Mugi-mugi kita linebetaken dados titah ingkang tansah remen syukur wonten Ngarsanipun, amin ya robbal alamin.

Ugi, donga panyuwunan kawilujengan, mugi kaaturaken dhumateng Kanjeng Bagindha Rosulullah Muhammad Sholallahu ‘alaihi wassalam, kanthi waosan sholawat, “Allahuma sholli ‘ala syaiyidina Muhammad wa ‘ala alihi syaiyidina Muhammad...”. Kanthi pangajab, mugi-mugi kita dipun paringi hidayahipun Gusti Allah, saget nglampahi sedaya perkawis ingkang sampun kaserat wonten hadist-hadist-ipun, saengga ing dinten kiamat kaparingan safaat, Allahumma amin.

Para rawuh ingkang kinormatan..
Kados ing pengetan wiyosanipun Njeng Nabi ingkang sampun kawuri, niat saha tujuan kula panjenengan sedaya inggih punika;
1.   mangsulaken saha ngrembuyungaken raos tresna asih kula panjenengan sedaya dhumateng Njeng Nabi Muhammad.
2.   Ngiyataken greget saha semangat syiar islam supados lampah jiwa raga kula panjengan sedaya ing gesang, tansah hanuladha tindak lampahipun Njeng Nabi Muhammad, Allohuma amin.

Adhedhasar raos kalawau, alhamdulillah ing wekdal punika, kita saget nyawiji hamengeti wiyosinipun Njeng Nabi. Yen umpami pusaka, kita badhe ngungkal raos, supados langkung landhep malih. Ngangsu kaweruh saha pitedah agami kanthi mirengaken patuladhan akhlakipun Njeng Nabi. Kados pundi awratipun Njeng Nabi nampi jejibahan nyebaraken risalahipun Gusti, arupi agami islam. Ingkang pungkasanipun dados cahya pepajar gesangipun manungsa, wonten madyanipun bebrayan agung punika.

Mekaten ingkang saget kawula aturaken wonten ngarsa panjenengan, menawi wonten kirang-langkungipun nyuwun agungipun sih samodra pangaksami. Billahi taufiq wal hidayah..wassalamu alaikum wr.wb.



Ibu Sa’diyah

Tidak ada komentar:

Posting Komentar