dongengan
“Misteri gunung bromo “
Jaman
biyen nalika Dewa-Dewa esih seneng mudun marang dunia saka kayangan,
nalika kui kerajaan Majapait lagi kena serangan saka daerah-daerah.
Wargane pada bingung golet panggonan kanggo ngungsi, pada wae karo para
Dewa. Wektu kui Dewa mulai lunga marang sawijining panggonan, nang
sekitare Gunung Bromo.
Gunung Bromo esih tenang, ngadek dislimuti kabut putih. Dewa-dewa sing
teka marang panggonan kui ing sekitare Gunung Bromo, semayam ing lereng
Gunung Pananjakan. ing panggona kui bisa weruh Srengenge munggah seka
wetan lan Srengenge sirep seka kulon. Sekitare Gunung Pananjakan,
panggonan Dewa-Dewa semayam, ana uga panggona kanggo pertapa. Pertapa
kui mau saben dina pahalane megur muja lan ngening cipta. Sawijine dina
sing mbahagiakake, bojo kui lairake anak lanang.
Raine ganteng, cahyane terang. Mertandakake
anak sing lair saka titisane jiwa sing suci. Wiwit lair anak kui keton
sehat lan kuat sing luar biasa. Wiwit lair, anak Pertapa kui wis bisa
ngetokake suara seru. Gegeman tangane seret banget, tendangan sikile uga
kuat. Ora kaya anak lia umume, bayi kui diarani Joko Seger, sing artine
sing sehat lan kuat.
Ing panggonan lia sekitare Gunung Pananjakan, wektu kui ana anak
wadon lair saka titisan Dewa. Raine ayu lan elok. Siji-sijine anak sing
paling ayu dewek ing panggonan kui. Wiwit dilairake, udu umume bayi
lair, meneng ora nangis wektu
dilairake seka rahim beyunge. Merga kui, wongtuane ngarani bayi iku Rara Anteng.
dilairake seka rahim beyunge. Merga kui, wongtuane ngarani bayi iku Rara Anteng.
Rara Anteng sengsaya dina sengsaya dadi anak remaja sing ayu.
Garis-garis ayune metu jelas saka raine. Rara Anteng terkenal tekan
daerah-daerah. Akeh putera raja pada nglamar Rara Anteng, nanging
ditolak, amarga Rara Anteng wis kepincut karo Joko seger. Sawijining
dina Rara anteng dilamar Bajak sing sekti lan kuat. bajak kui terkenal
jahat banget. Rara Anteng terkenal alus atine ora wani nolak pelamar
sekti kui. Merga kui Rara anteng njaluk supaya di gawekna segara ing
tengah-tengahing gunung. Dikira penjalukan sing aneh supaya pelamar
sekti mau ora bisa nyanggupi. Segara kui mau kudu di gawe ing sewengi,
yaiku diwiwiti srengenge sirep tekane srengenge munggah. Disanggupi
penjalukan Rara Anteng kui.
Bajak sekti mau mulai gawe segara nganggo batok saka krambil lan meh
rampung. Weruh kenyataan sing kaya kui, atine Rara Anteng gelisah ora
tenang. Kepriwe carane gagalaken lautan sing agi di gawe Bajak kui? Rara
Anteng mikir nasibe, Rara Anteng ora bisa urip karo wong sing ora
disenengi. Banjur Rara Anteng golet cara supaya bisa gagalaken usahane
Bajak mau. Banjur Rara bisa nemu cara yaiku nutu pari ing tengah wengi.
alon-alon suara alu nangekake jago sing pada turu. Kluruk jago
saut-sautan, kaya fajar wis metu, nanging wargane durung nglakoni
kegiatan esuk. Bajak rungu jago kluruk, nanging benang putih saka wetan
urung metu. Berati fajar teka urung wektune. Mikir nasib siale, banjur
batok sing dinggo kanggo gawe lautan mau di buang, gigal tengkurep nang
jejere Gunung Bromo lan malih dadi gunung diarani gunung Batok.
Gagale Bajak gawe laut ing tengah-tengah gunung Bromo, ati Rara
Anteng seneng banget. Rara Anteng nerusake hubungane karo Joko seger.
Banjur Rara Anteng lan Joko Seger dadi pasangan sing bagya,amarga lorone
pada senenge. Pasangan Rara Anteng lan Joko Seger gawe panggonan lan
mimpin ing kawasan Tengger utawa Purbawasesa Mangkurat Ing Tengger, sing
aweh pengerti “Panguasane
Tengger sing Budiman”. Aran Tengger di jimot saka akhire suku kata
aran Rara Anteng lan Joko Seger. Tengger uga nduweni makna Tenggering
Budi Luhur utawa menehi ngerti babagan moral sing duwur, simbul
ketenangan sing abadi. Saka wektu meng wektu warga Tengger urip makmur
lan dame, nanging panguasa ora ngrasa bagya. amarga wis suwe mbina umah
tangga urung nduweni momongan. Banjur nduweni keputusan munggah meng
pusuke gunung Bromo kanggo semedi nggudi percaya karo sing Kuasa supaya
diwei momongan.
Ijig-ijig ana suara gaib sing ngomong semedine arep dikabulaken
nanging kanggo syarat wis olih momongan, anak sing bungsu kudu
dikorbanaken meng kawah gunung Bromo. Pasangan Rara Anteng lan Joko
Seger nyanggupi banjur oleh momongan 25 anak
lanang wadon, nanging naluri wong tua tetep ora tega enggane kelangan anakae. Carane Rara anteng lan Joko Seger ngingkari janjine, Dewa murka lan ngancem arep gawe malapetaka, banjur langit dadi peteng kawah gunung Bromo nyemburake geni.
lanang wadon, nanging naluri wong tua tetep ora tega enggane kelangan anakae. Carane Rara anteng lan Joko Seger ngingkari janjine, Dewa murka lan ngancem arep gawe malapetaka, banjur langit dadi peteng kawah gunung Bromo nyemburake geni.
Kesuma anak bungsune ilang nang geni lan mlebu meng kawah Bromo,
banjur ana suara gaib :”Sedulur-sedulurku sing aku tresnani, aku wis
dikorbanaken meng wong tuane dewek lan Hyang Widi nyelametake koe pada.
Urip sing dame lan tentrem,
sembahen Hyang Widi. Aku elingaken supayane aben wulan Kasada ing dina ke-14 nganakake sesajen kanggo Hyang Widi ing kawah Bromo.
sembahen Hyang Widi. Aku elingaken supayane aben wulan Kasada ing dina ke-14 nganakake sesajen kanggo Hyang Widi ing kawah Bromo.
Upacara rutin kui dilakoni turun temurun marang warga Tengger lan
aben taune dianakake upacara Kasada ing Poten lautan pasir lan kawah
gunung Bromo.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar