Jumat, 27 Januari 2012

CERKAK ( 9 )

BUDHE PAINI



Kenalku wiwit ana omah kontrakan ndhisik. Omahe ing sisih burine omah kontrakanku. Yen esuk dodol blanja, yen awan dodolan rujak. Aku kadhang blanja ing kono. Kala-kala aku uga merlokake tuku rujake, yen pinuju ora masak. Olehe ana kono luwih dhisik tinimbang aku. Aku melu-melu ngundang Budhe Paini, kaya wong wong blanja liyane.
Sanajan mburi omahku, nanging seje RT. Dadi srawungku mung winates dol tinuku blanja lan rujake. Ora luwih. Mula aku kaget nalika sawijining awan sisihanku kepengin rujak, lha kok omahe kothong.
budhe-paini-1“Pindhah, Bu Guru,” jarene Lik Nah, tanggane.
“Pindhah dhateng pundi?” pitakonku.
“Dhateng sabin. Ndamel griya teng mrika”.

Budhe Paini pindhah menyang sawah, tegese pindhah menyang pemukiman anyar sing sebageyan isih arupa sawah. Embuh sawah sing endi, sebab akeh banget sawah-sawah sing dikapling. Salah sijine, kaplingan kang dakcicil, wis oleh rong taun. Saka sekolahanku kira-kira rong kilo adohe. Isih sawah amba, malah isih ana kebone nalika iku. Terus, nalika wis lunas, sisihan­ku nanting.
“Wani omah sawah?”
“Wani!” aku nyaut manteb. “Aku kan suwe dhines nyang desa?”
“Iya dhing, lali. Nek aku rak wong kutha…”
“Iya, kutha. Kuthaaa, banget”
Kupingku dijewer, jewer sayang. Iku pakulinane sisihan­ku. Wusana banjur wiwit mon­dhasi, ngurug, nembok, kuda-kuda, akhire sawise nem sasi aku bisa manggon omahku dhewe. Isih sepi nalika iku. Nga­repku sawah, isih ana parine. Kiwa tengenku alang-alang sa­dedeg. Tujune mburi omahku wis ana omah sawetara. Rada adoh sakulone sawah, ana omah petak jejer sapengidul. Swara jangkrik lan kodhok ngebaki wengi-wengi kang sepi, saliyane gemrubuging angin.
Aku yen budhal sekolah rada rekasa. Yen wanci giliran mlebu esuk budhale bisa nunut sisihan­ku. Mulihe numpak becak disam­bung mlaku, awit dalane isih memper galengan. Yen giliran awan, budhal mulih mbecak lan mlaku. Daklakoni kanthi seneng awit wis manggon omah dhewe.
Sawijing awan mulih saka mulang, karo payungan awit grimis, aku kaget ana swara kem­rosak saka tengahing alang-alang. Kesusul swara wadon:
“Bu Guru!”
Dakwaspadhakake swara iku. Lho!
“Budhe Paini!”
“Bu Guru! Njenengan ta sing pindhah kala emben?” swarane seneng, ora maelu grimis kang tumiba.
“Inggih, Budhe. Mriki, Budhe, payungan!”
“Sampun, mboten napa-napa. Kula mpun setaun langkung. Nika gubug kula,” dheweke nudingi omah cilik saelore alang-alang. “Mangga pinarak.”
“Matur nuwun, mbenjang mawon. Taksih sadeyan blanja?”
“Taksih, nglija, mubeng kampung mriki mawon.”
“Mbenjang enjing kula diampiri nggih, kalih dolan.”
“Inggih, Bu Guru.”
Wiwit iku aku raket maneh karo Budhe Paini. Mung saiki ora nganggo dodol rujak, wis kesel mubeng jarene. Sebab anak lanang loro wis padha nyambut gawe, mulihe sore, ora bisa mbiyantu reresik omah. Aku seneng karo wong wadon setengah tuwa iku. Sanajan wis tuwa isih “golek upa” dhewe tanpa ngre­sula. Uga isih bisa melu kegiyatan PKK lan pengajian sing ana. Saka kegiyatan simpan pinjam ing PKK, Budhe Paini oleh silihan modhal kanggo nambah pawitane dodolan. Bungane sethithik. Aku seneng weruh tlatene olehe nyicil. Aku seneng weruh ke­baresane wong tuwa iku.
Limang taun lumaku, siji mbaka siji aku duwe tangga. Dalane didandani, sawahe saya cupet. Omahku uga luwih temata. Ana pagere, ana tan­durane pelem, ana kembang warna-warni. Dalan ngarepku amba, awit ka­plingan saurute omahku klebu kaplingan amba. Beda karo panggonane Budhe Paini, kaplingan rada ciyut, dalane telung meter ambane. Budhe Paini isih dodolan, aku uga isih asring blanja marang dhewe­ke. Ning dak deleng dagangane saya susut. Nganti sawijining dina leren olehe dodolan. Jarene, modhale entek awit wong-wong kang blanja, kang uga sing uripe pas-pasan, akeh kang padha ngutang. Mbayare pendhak Setu. Siji loro ana sing mbleset, malah mlayu. Bathi kang mung sethithik ilang. Dhuwit kang ana ora cukup kanggo kulakan maneh. Aku ngrungo­ka­ke tanpa bisa  biyantu apa-apa.
Dalan ngarep omahku amba lan resik. Sisihanku nandur wit sana, njalari swa­sana edhum. Yen awan ana bakul cao dodol ana ngarepku rada mojok cedhak gang, awit omahku ana pojokan. Njaluk palilah sisihanku, diolehi, angger uwuhe diwadhahi. Dadi ngarep omahku tetep resik. Yen sore ana bakul buwah lang­ga­nanku ing pasar senggol. Padha karo bakul cao, uwuhe diwadhahi. Olehe dodol nganti jam sanga bengi. Kekarone ketok yen laris. Pak Asma sing daleme ngarep omahku, nggodha sisihanku nalika padha kerja bakti dina Minggu.
“Pak Guru, plasane laris, lho.”
“Inggih, Pak Ma, ngrejekeni. Pokoke dijaga karesikane.”
“Lha ora ngrejekeni dos pundi. Resik, eyub.”
“Lha piye, sing nyaponi esuk sore jare.”
Wong loro ngguyu. Pancen, saliyane bakul cao lan bakul buwah, isih ana bakul-bakul liyane kang njaluk palilah dodo ling sisihe bakul loro iku. Aku lan sisihanku ora ngidini, cukup bakul loro iku bae. Aku ora kepingin ngarep omahku dadi “kumuh”. Aku ora kepingin tamu-tamuku utawa tamune sisihanku keganggu swarane wong tetuku ing kono. Sebab wong-wong iku yeng ngomong kala-kala dipadhakake kaya ana pasar. Banter-banteran.
Ana arisan PKK wingi bu RT mbisiki aku yen Budhe Paini kepingin dodol sega pecel ing pojok ngarep omahku yen wayah esuk. Aku setuju banget, sithik akeh bisa mbiyantu wong tuwa iku. Dheweke wong perlu ditulung. Nalika dakkandhakake sisihanku, dheweke uga setuju. Muga-muga dodolane laris.

budhe-paini-2Lan bener, sega pecele Budhe Paini laris. Salah siji pelanggane Pak Asma. Wong sugih agen lenga tanah iku ora wigah-wigih dhahar ing lincake Budhe Paini. Dene aku sabrayatku, krana esuk wis kudu budhal mulang lan sekolah, arang ngrasakake sega pecele Budhe Paini. Esuk wis mateng kabeh. Malah kala-kala bengi aku wis masak. Aku ora ke­pengin brayatku budhal kanthi weteng kothong.
Usahane Budhe Paini lancar. Yen wayah pasa, dheweke dodol wayah bengi, nyedhiyani wong saur. Metu jam siji bengi, dhewekan ing pojok ngarep omahku. Aku ngungun marang kesabarane. Dak wenehi Koran kanggo bungkus, nalika aku weruh dheweke tuku Koran. Yen pinuju oleh kiriman beras saka desa nalika wayah panen, dheweke dakwenehi. Sabenere ora Budhe Paini bae sing dakwenehi Koran lan beras. Bu Sudin bakul goring-gorengan uga sering. Nanging amarga randha lan wis tuwa, Budhe Paini luwih daktengen­ake.
Amarga tanggabku mau, Budhe Paini kala-kala menehi bumbu pecel lan peyek. Lan suwe-suwe ora mung kala-kala, ning meh saben wulan. Kadhang langsung diseleh ing meja makan yen pawon pinuju bukakan. Bumbune meh setengah kilo, peyeke sak kaleng Khong Gwan. Cukup akeh. Sisihanku nganti ngelingake aku. Aja ditampa. Mesakne.
“Lha kepriye? Apa ora natoni ati yen dakbalekke?”
“Ya dicoba bae. Dikandhani sing apik.”
Pancen bener, mesakake. Bathine ora sepiraa. Gek kadhang, amarga batihku ora akeh, sibuk karo butuhe dhewe- dhewe, bumbu pecel mau klalen ora kober nggawe, sumimpen ana kulkas. Malah siji durung entek, diwenehi maneh, diwenehi maneh, numpuk. Sisihanku ngelingake maneh.
Wusanane wingi, dina Minggu, aku masak ana pawon karo bocah-bocah, ana wong uluk salam.
“Sugeng enjang, Bu Guru.”
“Sugeng enjang, Budhe. Mangga, Budhe”
Budhe ngadeg karo nggawa bumbu pecel lan peyek sak kresek.
“Kangge putra-putra, Bu Guru.”
Aku mesem marang wong wadon tuwa iku. Aku kelingan, ing kulkas bumbu pecel sing wingi isih utuh. Daktampani pa­we­wehe wong tuwa iku karo ngomong alus:
“Budhe, matur nuwun sanget paringani­pun. Nanging peyekipun kemawon nggih, Budhe?”
“Mboten remen bumbu pecel, ta?” pita­kone rada kaget.
“Mboten, mboten, kula remen”, aku nyaut cepet. “Nanging sing maem mriki na­mung tiyang sekedhik. Bumbu sing wingi taksih kathah,” aku nuduhake bumbu ana kul­kas. Banjur peyek dak­dekek meja. Bumbu pecel sing anyar dak­cekel.
“Sapunika peyekipun kemawon nggih, Budhe ingkang kula tampi. Bumbunipun nje­nengan asta malih mawon,” aku ngo­mong ngati-ati aja nganti dheweke salah tampa.
Saiki dheweke ngguyu, praupane bali ajer.
“Nggih sampun, Bu Guru, matur nuwun, nggih.”
“Matur nuwun, Budhe,”
Sabaline Budhe Paini, aku ambegan lan­dhung. Dhuh, Gusti, kula mboten ke­pengin natoni manahipun tiyang sepuh punika. Mugi kedadosan kala wau mboten muruga­ken piyambakipun kemba. Mugi Panjeneng­an tansah maringi rejeki ing­kang langkung dhumateng tiyang sepuh punika.
Nalika aku bali menyang meja makan, sisihanku wis lungguh ana kono.
“Bumbune pecel dakbalekake”, kan­dhaku. Sisihanku manthuk.

Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat.
http://www.panjebarsemangat.co.id.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar