Jumat, 27 Januari 2012

  CERKAK ( 7 )

Nasibe tini


agéyané isíh kåyå bocah cilík, tindak-tanduké isíh kåyå bocah umúr pitúng taún.
Nganggo sayak abang, rambuté dikucír, karo ndhêkêp bonéka.
Mlayu jênthat-jênthít ngêtútaké cah-cah cilík dolanan.
Såpå waé síng nyawang dadi mèsêm lan gèdhèg-gèdhèg.
Åpå tumón cah gêdhé amór dolanan karo cah cilík?

Nangíng kanggoné wóng síng wís ngêrti, ora gumún.
Bocah wadón kang wís ngancík umúr róngpulúh taún iku ora liyå Si Tini, anaké råndhå Tukiyêm síng manggón ånå pójók kampúng.
Sakjané Tukiyêm durúng biså diarani råndhå amargå durúng pêgat rêsmi karo bojoné.
Paijan, bojoné Tukiyêm, minggat wís pirang-pirang taún lawasé lan ora tau bali. Ora gênah ånå ngêndi papan dunungé.
Polahé Tini sing kåyå bocah cilík uga kêrêp dadi póyókan lan gojègan wóng-wóng.
Tini kêrêp dinggo dolanan bocah-bocah mbêlíng.
Kålå-kålå atiné Tukiyêm kråså sênêp lan nêlångså anaké dinyèk lan dinggo dolanan.
Nangíng dhèwèké ngupåyå sarèh lan sabar. Kabèh dibalèkaké marang Sing Kuwåså. Turmanèh síng tumindak kåyå ngono ora akèh. Isíh akèh wóng kang nduwé råså wêlas lan pangêrtèn marang kahanané Tini.
Salah sijiné tånggå kang apík marang Tini yaiku kulawargané Pak Darnó, tånggå sisíh omah.
Pak Darnó lan sisihané nyambút gawé dadi guru.
Pak Darnó duwé anak wadón ontang-antíng kang isíh umúr ênêm taún síng jênêngé Shanti.
Dhèwèké kêrêp dolanan pasaran lan omah-omahan karo Tini.
Tukiyêm bungah ånå wóng kang gêlêm nåmpå Tini lan nganggêp kåyå kadang dhéwé.
Ora ngira yèn Pak Darnó priyagúng kang duwé jabatan guru gêlêm nganggêp Tini sêdulúr.
Mulå, sabên arêp lungå nyambút gawé Tukiyêm ora pakéwúh manèh yèn kóngkón anaké dolan níng omahé Shanti.
"Ndhúk, kowé dolanå karo Shanti, yå. Simbók arêp réwang tandúr ånå sawahé Lík Kasmi," ujaré Tukiyêm pamitan.
"Simbók mulihé kapan? Åpå nganti soré?" cêlathuné Tini.
"Iyå, nèk wis rampúng gèk mulíh. Síng pêntíng kowé åjå nakal, yå? Dolanan síng apík karo Dhík Shanti."
"Inggíh, Mbók."
Tukiyêm mulíh såkå tandúr nalikå srêngéngé wís lingsír ånå langít sisíh kulón. Rainé katón nglangês sêdinå pépé íng sawah.
Kringêté isíh katón dlèwèran íng bathúk. Nalikå mlêbu omah, dhèwèké mêruhi Tini njingkrúng íng ambèn.
"Ngåpå kowé njingkrúng ånå kono, Ndhúk?" pitakóné Tukiyêm.
Tini ora sêmaúr.
"Ånå åpå, Ndhúk? Kók mênêng waé? Kowé lårå?"
Tini isíh mênêng.
"Kowé tukaran karo Dhík Shanti?"
Tini múng mênêng. Tukiyêm njêngkêrutaké alís.
Ora kåyå padatan Tini tumindak kåyå mangkono.
Biyasané yèn dhèwèké mulíh, Tini wís mapag ånå ngarêp omah karo lunjak-lunjak sênêng.
Nangíng saiki, kåyå bocah kêwêdèn lan clingus.
Tukiyêm karêp ndhêdhês, nangíng awaké isíh kråså kêsêl.
Dhèwèké banjúr ngajak Tini adús ånå sumúr.
"Ånå åpå tó, Ndhúk? Kók praupanmu awít mau mbêsêngut waé?" pitakóné Tukiyêm alús.
"Åpå kowé tukaran karo Dhík Shanti?" Tukiyêm nêrusaké pitakóné, amargå kåyå umumé bocah yèn lagi jothakan karo kancané gawanané múng njêgadhúl.
"Ora, Mbók," sêmauré Tini cêkak.
"Lha têrús kêpriyé? Åpå síng gawé kowé nêsu?"
"Bapaké Dhík Shanti nakal!"
"Nakal kêpiyé?"
"Mósók Tini dijak dolanan íng kasúr. Tini diwudani lan dijak turu barêng," kandhané Tini lugu.
Tukiyêm njumbúl. Jantúngé kåyå disambêr gludhúk.
Kupingé kåyå ora ngandêl krungu pangakóné Tini.
Dhèwèké mbalèni takón manèh, Tini banjúr critå åpå anané.
Dhasar bocah ola-olo lan lugu, Tini critå åpå kang nêmahi awaké.
Tukiyêm dhêlêg-dhêlêg! Rainé pucêt.
Dhúh, Gústi! Kêpriyé iki? Dhèwèké bingúng, åpå kang kudu ditindakaké? Nglabrak mênyang Pak Darnó?
Nangíng kêpriyé mêngko yèn wóng kang klêbu sêsêpúh masyarakat iku sélak lan gênti nutúh dhèwèké gawé pitênah? Ómóngan bocah pêngúng ora kênå diprêcåyå!
Åpå manèh kêdadéyané iku ora disêksèni wóng liya! Sawêngi Tukiyêm ora bisa turu.
Mripaté kêmbêng-kêmbêng, nangís ora êntèk-êntèk. Íng sandhingé Tini wis turu anglêr.
Tukiyêm ngrintíh lan nggrêsah marang Gústi Allah! Kênåpå awaké diwènèhi pacoban kåyå ngéné.
Bêjat tênan moralé Pak Darnó, têgêl nyidrani Tini, bocah pêngúng kang ora duwé salah åpå-åpå! Dhúh, Gústi! Paringånå wêlas.
Jêrité Tukiyêm ånå njêro ati.
Ésuké, nalikå tangi turu Tukiyêm ngrasakaké awak lan batiné lungkrah. Pikirané budrêk ora karuwan. Êmbúh, kêpriyé anggóné arêp tumindak. Dhèwèké múng biså ngêdhêm råså anyêl, gêthíng, mangkêl, gêtêm-gêtêm lan cuwå.
Dhèwèké dadi sêrík lan gêthíng ora jamak marang Pak Darnó.
Tini ora éntúk manèh dolan karo Shanti, åpå manèh mårå mênyang omahé Shanti.
Tukiyêm ugå ora bisa ninggal Tini dhèwèkan ånå omah. Yèn arêp tumandang nyambút gawé, Tukiyêm kapêkså ngajak Tini. Bocah wadón iku múng manút waé.
Tukiyêm arêp nyimpên wêwadi iki íng ngarêpé wóng liyå!
Nangíng kåyå paribasan barang bósók diumpêtaké nyêbar ambuné, åpå kang nêmahi Tini wiwít dicubriyani wóng-wóng.
Tukiyêm mêruhi wêtêngé Tini kang maunê trèpès dumadakan dadi sansåyå gêdhé. Kåyå wóng cacingên.
Åpåmanèh Tini kêrêp mutah-mutah tanpå ånå sêbabé.
Wóng-wóng kang ngêrti kahanan kåyå ngéné langsúng ndugå yèn Tini mêtêng! Ora mokal wartå iki nyumêbar lan gawé gègèr wóng sakdéså!
Tukiyêm dadi bingúng lan kêwêdèn. Atiné ndrêdhêg lan ciyút.
Åpåmanèh dhèwèké krungu wóng-wóng arêp nglurúg omahé lan ndhêdhês Tini.
Nangíng sakdurungé kêdadêyan iku kêlakón, dumadakan Pak Darnó mårå mênyang omahé.
Wêngi-wêngi nalikå swasånå sêpi. Tukiyêm njumbúl lan gêtêm-gêtêm. Sakdurungé dhèwèké nyuwårå, Pak Darnó luwíh dhisík kåndhå.
"Lík Tuk, wargå déså wís ngêrti marang kahanané Tini.
Wóng-wóng karêp ndhêdhês Tini lan nundhúng minggat yèn Tini pancèn mêtêng.
Mulå wêngi iki sampéyan kudu gèk lungå såkå désa kéné. Jakên Tini sak adóhé lan dhêliknå íng panggónan síng primpên.
Iki ånå duwit sêlawé yutå kanggo uríp sampéyan lan Tini salawasé. Pókóké åjå nganti ånå síng ngêrti marang kêdadêyan kang nêmahi Tini. Yèn nganti kêbukak aku ora têgêl manèh arêp matèni kowé saklórón. Ngêrti tå?" ujaré Pak Darnó karo mripat mbranang dikêbaki napsu angkårå múrkå.
Tukiyêm múng mênêng. Ora gèdhèg utåwå manthúk. Atiné ciyút ora karuan. Awaké ndrêdhêg kåyå digoyang lindhu.
"Pókóké sésúk ésúk aku wís mêruhi kowé lan Tini ora ånå omah kéné!" sakwisé ngucap ngono Pak Darnó mêtu, lan ilang íng pêthêngan.
Tukiyêm dhêlêg-dhêlêg. Dhèwèké bingúng åpå kang kudu ditindakaké. Tumrap dhèwèké síng múng wóng cilík, bodho lan ora ngêrti bab kukúm, nangíng dhèwèké isíh njågå ajiníng dhiri lan moral.
Dhèwèké mangêrtèni yèn tumindaké Pak Darnó ora bênêr.
Dhèwèké rumångså mèlu doså nåmpå dhuwít såkå Pak Darnó kang sajak nganggêp murah lan rèmèh bab iki.
Tukiyêm ora arêp ngêdól anak!
Mulå, nalikå ésúk iku srêngéngé mlêthèk ånå sakwétané déså, tånggå têparo pådhå kagèt mêruhi Tukiyêm lan Tini ngilang såkå ngomah.
Ora ånå síng ngêrti, mênyang ngêndi lungané Tukiyêm lan anaké.
Nangíng síng luwíh nganèhi lan gawé bingúng, íng méjå kamar têngah ditêmókaké dhuwít sêlawê yutå ånå amplóp coklat.
Kabèh padha gunêman, iki dhuwité såpå?

Dening: Eko Hartono
Kapethik saking : Jagad Jawa - Solopos
http://www.solopos.co.id

Tidak ada komentar:

Posting Komentar