Jumat, 27 Januari 2012

CERKAK ( 5 )

Layang cekak


Layang Cêkak yóh, Kang, iki bayarané. Sênèn sésúk kowé sakkanca-kancamu lèrèn dhisík anggóné gawé tahu lan témpé,” mangkono pratélané Marjuki, juragan tahu témpé, karo ngêlúngké dhuwít pangaji Rp 90.000.
Kang Darman langsúng nåmpå dhuwít síng dilúngké juragan Marjuki. Kang Darman plênggóngan lan bingúng ora mudhêng karêpé juragan Marjuki kanthi ukårå ngono mau.

“Hla, wóntên nåpå tå, Juragan, kók bénjang Sênèn prèi?” Kang Darman nggênahaké.

“Ngéné lho, Kang, wiwít Sênèn pabrík ora biså nggilíng dhêlé manèh. Amargå rêrêgan dhêlé dhuwúr bangêt, “ mangkono Marjuki njlèntrèhaké kanyatan síng diadhêpi marang Darman síng isíh katón bingúng.


“Mulå takjalúk kowé sakkåncå lèrèn dhisík, “ Marjuki nambahi katrangané.

“Sésúk mangan åpå manèh, yèn aku lèrèn nyambút gawé,” Kang Darman mbatín.

Bubar nåmpå dhuwít bayaran Kang Darman lêmês kåyå ora duwé dåyå babar blas. Åpåmanèh sakwisé juragan Marjuki awèh katrangan yèn pabrík bakal tutúp. Kåyå-kåyå sikilé Kang Darman angèl dinggo njangkah tumuju omah.

Pikirané tambah bunêg nalikå mikiraké nasibé anaké loro síng isíh cilík-cilík lan bojoné, Minah, síng lagi ngandhút têlúng wulan.

“Piyé anggónku ngómóng karo bojoku mênåwå aku wís lèrèn anggónku nyambút gawé, “ Kang Darman ómóng dhéwé turút ndalan. Kamångkå íng balé somahé síng nyambút gawé yå múng Kang Darman dhéwé, bojoné yå durúng suwé nêmbé waé di-PHK såkå pabrík papan nyambút gawéné. Kawitané amargå mèlu-mèlu dhémo karo kanca-kancané nuntút undhak-undhakan bayaran. Saiki Minah nganggúr ngopèni anak-anaké.

Sakdurungé jan-jané Kang Darman wís ngélingaké Minah supåyå ojo mèlu-mèlu dhémo. Nangíng Minah têtêp ngèyèl, amargå yèn ora mèlu dhémo bakal digêthingi déníng kåncå-kancané íng pabrík.

Sajroníng aksi dhémo, Minah ora múng mèlu-mèlu nglumpúk barêng kåncå-kancané, anangíng malah mimpín dhémo nggåwå mégaphóné sinambi bêngak-bêngók íng sangarêpé lawang pabrík síng dijågå aparat pulisi lan Satpam.

“Hidúp burúh ! Hidúp wóng cilík !” bêngóké Minah síng banjúr dikêplóki kåncå-kancané. Minah såyå kêndêl anggóné nyaruwé kawicaksanan manajêmên pabrík síng dianggêp ora adíl. Ésuké Minah diparani wóng lanang loro, dêdêgé gêdhé dhuwúr, awaké kêbak tato.

“Yèn kowé mimpín dhémo manèh, omahmu tak óbóng !” wóng mau ngancam Minah karo ninggalaké layang. Minah banjúr mbukak amplóp layang cêkak síng isiné Minah dipêcat såkå gawéyané ing pabrík.

“ Åpå aku mênyang Jakarta waé, nyusúl Suharnó adhiku, mèlu dadi burúh ladèn tukang, “ pikirané Kang Darman nglambrang têkan ngêndi-êndi. Síng mumêt jêbúl ora múng Kang Darman dhéwé. Kåncå-kancané sakpagawéyan kayåtå Parmín, Parjó lan Suntlúp ugå nggrêsah. Amargå dilèrèni déníng juragan Marjuki.

“Hla nganti têkan kapan awaké dhéwé bakal nganggúr, “pitakóné Parmín marang Parjó.

“Aku yå ora ngêrti, Kang, mugå-mugå rêrêgan dhêlé lan liya-liyané ndang énggal mudhún,“ kandhané Parjó awèh katrangan marang pitakóné Parmín.

“Uríp iki rumangsaku såyå suwé kók ora tambah kêpénak, malah kabèh rêrêgan sansåyå mundhak, uríp dadi tambah rupak,” Parmín nggrêsah manèh.

“Wís tå, Kang, Kang, rasah kakèhan sambat, uríp pénak utåwå rêkåså kuwi dilakóni kanthi ati ènthèng waé,“ sêmauré Parmín karo nyêrót udút Tíngwéné, lintingan dhéwé.

Têkan pójók gang arêp mlêbu omahé, Kang Darman isíh rangu-rangu anggóné mlangkah. Kêpriyé anggóné arêp nêrangaké marang bojoné babagan PHK såkå nggóné juragan Marjuki mau. Kang Darman wís têkan ngarêp lawang omah, tangané têngên isíh rangu-rangu arêp dhódhók-dhódhók lawang . Koyo adat sabêné, bojoné mêsthi wís nyawisaké wédang tèh kluthúk lan pohúng gorèng karêmané Kang Darman.

“Mbókné, bocah-bocah pådhå níng ngêndi?” Kang Darman takón bojoné.

“Nêmbé mawón sami gêgojègan wóntên kamar wingkíng,“ wangsulané bojoné karo mèsêm, ora ngêrti yèn atiné Kang Darman nêmbé gorèh lan kêbak råså rupak.

“Månggå, Pakné, dipún unjúk!” Minah nyawisaké wédang karo pohúng gorèng karêmané Kang Darman.

Kang Darman énggal-énggal nyrupút wédang lan mangan pohúng gorèng. Kang Darman isíh kråså wêgah adús. Amargå pikirané isíh bunêk lan judhêg. Sakíng mumêt anggóné mikír, ora kråså yèn wís êntèk Tíngwé têlúng lintíng.

“Pakné, månggå kulå aturi énggal siram, sampún pêtêng lho,” bojoné akón supåyå ndang adhús.

“Mêngko dhisík, Mbókné, isíh durúng kobêr,“ kandhané Kang Darman lêmês.

“Mbókné, a ... k ...,“ Kang Darman ora têkan anggóné arêp awèh katrangan marang bojoné.

“Wóntên nåpå tå, Pakné? Kók mbótên sidå ngêndika ?” bojoné gênti takón. Bojoné nyawang Kang Darman katón mèlu bingúng.

Kang Darman wusånå wani awèh katrangan babagan PHK mau. Sanadyan atiné rêmúk lan ora mêntålå.

“Anu, Mbókné, wiwít Sênèn sésúk aku wís lèrèn nyambút gawé íng pabrík témpé lan tahu”.

Minah mênêng sêdhélå. “Nåpå, Pakné? Panjênêngan dipún-PHK sakíng pabrikipún juragan Marjuki ?” pitakóné Minah sajak ora pêrcåyå. “Lha, sêbabé nåpå Pakné ?” Minah takón manèh.

Kang Darman nêrangaké yèn juragan Marjuki nêtêpaké kawicaksanan nglèrèni kabèh karyawané amarga rêrêgan dhêlé larang bangêt lan ora cucúk antarané wragat prodhuksi lan bêbathèné. Krungu katrangané Kang Darman, Minah ngalamún, mripaté nètèské lúh lan mbrabak abang.

“Lajêng, laré-laré kadóspundi, mangkíh sampi nêdhå nåpå? Artå sakíng pundi kanggé nêmpúr bêras, manawi panjênêngan kéngíng PHK?” Minah nangís mbanjúr mlêbu kamar.

Krungu tangisé bojoné atiné Kang Darman sansåyå kåyå diirís-irís, dhèwèké isíh dhêlóg-dhêlóg íng kursi pênjalín lawas síng wús próthól kånå-kéné sinambi nyawang usúk omah síng wís pådhå gapúk dipangan umúr.

Pikirané nglambrang têkan ngêndi-êndi. Dhèwèké arêp nyambút gawé åpå manèh durúng kêpikiran. Síng dipikirké múng siji sésúk-ésúk anak-anakké lan bojoné arêp mangan åpå. Kamångkå dinå Sênèn dhèwèké lan sakkancané wís ora nyambút gawé manèh. Wayah wís nuduhaké tabúh 24.00. Kang Darman durúng kråså ngantúk babar blas, amargå pikirané ruwêt. Lawang kamar dibukak, Kang Darman ora tégå nyawang bojoné turu njingkrúng katón kadhêmên. Lan anak loro padha turu ungkur-ungkuran.

Ésuké Minah bêngók-bêngók lan gawé kagèt tangga-tanggané. Kang Darman nggantúng íng blandar omahé. Ånå kanthóngan klambiné ditêmókaké layang cêkak síng ditulís tangan. Íng layang iku tinulís,”Minah bojoku, aku njalúk ngapurå, kapêkså aku ndhisiki kowé, rumatên bocah-bocah, aku njalúk pamít”.

dening : Dwi Wignyo
Edisi : Kamis, 13 November 2008 , Hal.C
Kapethik saking : Jagad Jawa - Solopos
http://www.solopos.co.id

Tidak ada komentar:

Posting Komentar