| Warni warnining Ukara. |
| I. Miturut Pandapukipun, Ukara, wonten: 1. Ukara genep (ukara lamba). 2. Ukara boten genep (ukara gothang). 3. Ukara rangkep (ukara majemuk). 1. Ukara ganep sakedhikipun kedah wonten jejer lan wasésanipun, sok ugi wonten katranganipun. Tuladha: - Saidi mlaku - Bocah nakal kaé dolan mrénê. |
Linambaran rasa tresna mring budhaya Jawa, hangleluri lan hangrungkebi wewarahing pujangga kang wus paring pitutur luhur, kanthi pangajab tetep jaya wijayanti, nyawiji solah-bawaning pertiwi.Sura dira jayaningrat swuh brastha darmastuti, nuwun.
Tampilkan postingan dengan label PARAMASASTRA. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label PARAMASASTRA. Tampilkan semua postingan
Sabtu, 10 Maret 2012
| Ukara Lan Pangudhalipun. |
Ingkang dipun wastani ukara inggih punika rerangkèning tembung sawatawis ingkang saged mujudaken / nglahiraken gagasanipun tiyang. A. Péranganipun ukara:Ukara kedadosan saking pérangan ingkang baken, jejer lan wasésa.Supados ukara kala wau saged sampurna tegesipun, asring ukara punika dipun wéwahi. katrangan. Warni warnining katrangan :a. Katrangan lésan kang nandang (pelengkap penderita).b. Katrangan lésan kang pinarih (pelengkap penyerta).c. Katrangan lésan kang tumindak (pelengkap pelaku).d. Katrangan mangsa: wis, lagi, arep, kapan, dhèk wingi.e. Katrangan panggènan: ing kono, ngomah, ing pasar.f. Katrangan kaanan (kawontenan): kanggé nerangaken wasésanipun – banget, cetha, kepénak. |
Ater ater, panambang, seselan lan tegesipun.
Wisésana inggih punika tembung tembung ingkang angsal panambang "an".
01. Entan éntan kados : gunungan, pasaran, kalèn.
02. Pirantos kanggé : kukusan, garisan, ayakan.
03. Angsal angsalipun : gorèngan, batikan, gawéyan.
04. Mangsa : panèn, padusan, suntikan.
05. Gampil : mutungan, kalahan, getasan.
06. Sami déné nglampahi : salaman, biten guyon.
07. Dolanan : jaranan, pasaran, tangisan.
08. Nganggé : bebedan, sabukan, kelambèn.
09. Nanggap : wayangan, réyogan.

Rimbag (Kedadosanipun Tembung)
Rimbag jinisipûn kathah sangêt.
1. Rimbag Tanduk:
punika têmbúng ingkang angsal atêr atêr anuswara (suwara irung):
m, ng, n, ny.
Rimbag Tanduk wonten 3 warni: a. Tandúk Kriya Wantah: balang – mbalang, gambar – nggambar. b. Tandúk i kriya: jalúk – njaluki
tulis – nulisi c. Tandúk ké kriya: tuku – nukokaké,
sapu – nyapokaké. Cathetan: tuku – nuku, sapu – nyapu
Tembung Lingga lan Andahan
Têmbung Linggå
Inggíh punika têmbung íngkang dèrèng éwah sakíng aslinipún:
Inggíh punika têmbung íngkang dèrèng éwah sakíng aslinipún:
- tulis, turu, tuku.
Têmbung Andahan
Inggíh punika têmbung íngkang sampún éwah sakíng lingganipún:
- tulis dados nulisi,
- turu dados nurokaken,
- tuku dados daktukoni.
Têmbung lingga sagêd éwah dados têmbung andhahan, sabab:
1. angsal wéwahan:
a. dipun wéwahi ing sangajenging tembung wéwahan,
wéwahan sangajêng têmbung naminipun Atêr atêr:
m, n, ny, dak, ko di, ké, sa, pa, pi, pra, kuma, kapi, kami
b. dipun wéwahi ing sawingkingipun têmbung,
wéwahan sawingkinging têmbung naminipun Pênambang:
ku, mu, é, èn, an, i, aké, a, na, ana, né.

c. angsal sêsêlan: in, um, jupuk – jinupuk,
gantung – gumantung.
2. dipun rangkêp: a. sadaya: watuk – watuk, bola –bali b. ngajêng: têtuku c. wingking: cêngèngès.
3. dipun campur (cambor) kaliyan têmbung sanès:
baya – pakéwuh.
4. dipun cêkak (wantah) :
dhuwit – dhit.
Langganan:
Postingan (Atom)