Tampilkan postingan dengan label CERKAK. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label CERKAK. Tampilkan semua postingan

Rabu, 01 Februari 2012

CERKAK ( 40 )
MBULANE KETUTUPAN SLENDHANG

Nyedhaki pungkasaning tahun wolung puluh lima. Aku nyulihi praktek kancaku nang Sekarsuli, Piyungan ing tlatah Yogya. Sing praktek nang kono Dr. Bisma. Deweke kudu giliran jaga nang rumah sakit pendhak dina Jemuwah.
Wayahe wis lingsir wengi, nalika pasien pungkasan metu seka kamar praktek. Kliwat jam sanga. Prasasat tanpa kendat ggonku mriksa pasien wiwit jam setengah lima sore mau. Embuh ana pira  cacahe. Luwih seka telung puluh wong, kakung putri, tuwa enom, diwasa lan anak. Sokur kabeh apik, ora ana sing lara gawat.

mbulane-ketutup-slendhang-1Bubar mriksa pasien pungkasan, lagi krasa kesele. Awak lungkrah lan jimpe kabeh. Pengin cepet mulih. Mau wis janji karo sisihanku jeng Lina nek arep mulih gasik. Pengin jajan bakmi nang  Gerjen, Suranatan. Bakmine pak Panut. Wis kulina wiwit isih kuliah nang Ngasem ndisik. Sumilire angin wengi, nrabas jendela, krasa mak nyes  adhem, marahi mrinding nang kulit. Kahanan sepi mamring.
Lamat lamat krungu  gunemane wong  sing lagi  jaga nang gerdu, jejer omah. Gemrenggeng regeng. Sedela sedela keselan swara ngguyu rame. Aku wis mlangkah metu, nalika pak mantri Hardjo,  ngandhani.
CERKAK ( 39 )
GUS  PANUT

Gus Panut bener-bener wong kabur kanginan, bebasan kemul mega kandhang langit. Yen ditakoni saka ngendi asal-usule, pawongan kang nya­lawadi iku mung mesem sepa lan gedheg-gedheg alon tanpa ukara. Senengane mlaku saparan-paran, nuruti obahe sikil lan krenteging ati. Yen turu saenggon-enggon, mangane uga saketemune. Urip iki kanggo dheweke mung kaya barang kentir kang kanyut irama iline kali banjir.
gus-panut-1Umur-umurane watara patang puluh­an taun, nanging praupane katon luwih  tuwa banget. Pawakane cilik dhuwur ngi­yeyet nggeger wungsu. Ulate anyep nje­jet tanpa greget. Nanging sorot mripate tajem kaya kuwawa nembus kahanan jagad liya. Rambute dawa ikel-ikel, bre­ngo­se kandel, duwe godheg lan jenggot ketel sarwa kruwel-kruwel. Diumbar njembrung ora kopen. Sandhangane uga pating sradhul ora karu-karuwan padane. Kala-kala nganggo udheng-udhengan sorban amoh ngentra Begawan Abiyasa, mrana-mrene seneng ndlamak tanpa lambaran sikil. Sing ora keri, Gus Panut tansah  nggawa kampluk ireng mbladhus disampirne pundhak.
CERKAK ( 38 )
GEDHANG GEPOK...GEDHANG IJO

Tamat saka isi, Sudarmi bali menyang dhaerah asale sing wis wolung taunan ditinggalake. Awit sasuwene kuliyah ing kutha, Sudarmi sasat ora tau midak desane. Desa cilik, kepencil ing wewengkon pegunungan Kendheng. Mula nadyan dhe­weke asli desa kono rada gumun bareng meruhi bu guru kang mondhok ing omahe wong tuwane, kang prucat­prucut sajak ora nglegewa nalika kudu adus ing belik kang tanpa aling-aling. Kamangka Sudarmi dhewe saploke suwe neng paran malih dadi risi adus blak-blakan ngono iku.
gedhang-kepok-gedhang-ijo-1“Bu, njenengan niku dos pundi ta, wong enten Pak Yatno kok sajak penak ae namung ngagem ondherok,” panyaruwene Sudarmi.
“Wis biyasa Mbak, maune ya isin. Nek adus ndadak ngenteni sepi. Ning suwe-suwe dadi pakulinan,” tumanggape Ami­nah.
CERKAK ( 37 )
GUMLINDHING BANYUNE KALI

Ganti bengi arep mapan turu, atiku isih ngresula nggagas nasibku dina Pon wingi. Nyopir angkot sedina muput kelangan bensin satangki, ora entuk dhuwit, malah dhuwit selawe ewu ing dhompet dhadhal kanggo tombok. Bareng turu jebul aku ngimpi diwejang swargi bapak : Ngger, ing atase uripmu mung pas­pasan isih kober bebantu wong liya, iku kudu kok syukuri. Yen syukur bakale mujur, yen ngresula bakale cilaka. gumlindhing-banyune-kali-1Lakonana urip iku satitahe anut kodrate, aja digelak mundhak rusak, aja disengka mundhak rekasa, kareben gumlindhing kaya iline banyu kali, wekasane mesthi bakal tekan segara.
Mak gragap, aku nglilir. Dak delok wis jam telu bangun. Enggal wae aku shalat Tahajud, nyuwun ngapura marang Allah dene wingi aku ngresula ora oleh dhuwit, mangka kudune malah syukur bisa mbantu bu Sulastri sing lagi mulih haji. Dak terus­ake shalat Subuh, nuli ndonga.
CERKAK ( 36 )
GLEPUNG TEKEK

Salim wis kondhang wong jujur lan lurus. Upama ana piranti kanggo ngukur kejujuran, banjur dianakake lomba kejujuran sadonya, ya Salim iku juarane. Saking jujure nganti dheweke percaya wae nalika Dogong ngandhani.
glepung-tekek-1“Lim, nek kowe pengin ngerteni nasib­mu bakal mlarat apa sugih, takona ma­rang tekek”.
“Carane piye Gong?” takone nggenah­ake.
“Nek ana tekek muni, tekeek-tekeek-tekeek … kowe muni, sugih-mlarat-sugih-mlarat, nganti tekek mandheg. Yen buri dhewe tiba sugih, ateges kowe bakal sugih merga entuk pamujine tekek”.
“Lha nek tiba mlarat?” takone Salim
“Ya ateges kowe bakal mlarat-arat-arat sajege, awit entuk sabdane tekek. Ning tindakna apese ping pitu.”
CERKAK ( 35 )
WONG LANANG PIYE...?

Rasa kuwatirku mung siji samangsa ana tamu. Aja-aja tamuku mau banjur kepengin menyang mburi aliyas be­bu­wang! Embuh pipis apa ek-ek. Wis bola-bali anggonku njaluk Mas Hadi supaya jedhing lan WC mburi kae enggal diwenehi payon. Wong sisa kayu lan pring tilas gawe omah kae ya isih. Mes­-thine kena kanggo empyak setangkep. Mas Hadi panggah semaya sesuk-sesuk.
wong-lanang-piye-1Aku nganti isin yen dilokne kancaku jare gawe omah magrong-magrong ae isa, yagene gawe jedhing WC wae ora genep. Kurang empyak, mung tembok ngothak. Yen udan ya kudanan, semono uga yen panas ya kepanasen. Ana maneh kancaku sing alok, jare apa ora eman kulitku sing mrusuh iki yen nganti nalika adus terus kudanan. Utawa yen wayah awan mlebu jedhing terus kepanasen. Ora ngecap pancen kulit lan rupaku, jare kanca lan tanggaku, klebu lumayan.
CERKAK ( 34 )
BOTOL PLASTIK

Wis seger ya, ngono sapaku ma­rang prawan setengah tuwa, bintang si­ne­tron, sawise dheweke adus. Aku pan­cen nunggoni aneng kono. Nyawang olehe reresik awak. Wiwit sikatan, kramas, sa­bun­an, nggebyur lan babar pisan umbah-umbah panganggo jerone. Prawan iku ora nggape, malah rengeng-rengeng lagu­ne Didi Kempot. Awake katon weweg. Bubar adus krasa bingar, seger. Pancen sedina kuwi hawane krasa panas, sumuk. Dheweke ora wangsulan. Pancen sajake ora krungu panyapaku.

botol-plastik-1Sedina iki mau dheweke lagi prei, ora ana jadwal syuting. Wingi-wingi meh saben dina lunga, kadhang tekan bengi. Dadi bin­tang sinetron seri lan disiarake ana tele­visi saben dina. Istilahe kejar tayang. Pan­cen ya kesel temenan. Nanging asile lu­ma­yan. Sebab nadyan durung rong taun di­kontrak dadi peran pembantu, saiki dhe­weke wis duwe sepedha-motor anyar. Sandhangane uga tambah akeh lan apik-apik modhele. Senadyan umure wis ngan­cik telungpuluh telu, nanging katon isih luwih enom. Awit awake kerumat.
CERKAK ( 33 )
SEPURE WIS MANGKAT

Aku nyawang arloji, jam 10 kurang limang menit. Saka speakere stasiun Tawang, Semarang keprungu lamat-lamat lagune Sony Jozh.  Ora rinasa eluhku tumetes. Tembang kang mentas tak rungu mau  malah njejuwing rasa pangrasaku. Kaya lagi nyemoni apa kang tak lakoni saksuwene iki. Gawang-gawang  ing mripatku lelakon seminggu kepungkur  ing stasiun iki ya ing kursi kang saiki tak lungguhi. Lelakon kang  njalari ati kang sasuwene aku bebojowan mati dadi urip maneh.

sepure-wis-mangkat-1Anggonku bebojowan cukup suwe nanging durung kaparingan momongan. Sepining batinku saya ngambar-ambra awit saploke ningkahan arang kadhing kumpul bojo merga dipisahake dening jarak. Aku nyambutgawe ing pamulangan luhur negri ing Semarang dene bojoku ngasta ana perguruan tinggi ing Bandung.  Satemene ora kurang-kurang anggonku mbudidaya amrih bisa nyawiji karo bojoku nanging engga seprene durung bisa kaleksanan.
CERKAK ( 32 )
TOBONG  KOBONG

Ya senajan awake dhewe iku mung pelaku seni lan dudu ahli sejarah, nanging ora ana alane yen melu oncek-oncek crita rakyat utawa legendha lokal marang para penonton, luwih-luwih marang para generasi mudha. Pamrihe supaya bangsa iki ora kelangan lacak ngenani piwulang luhur kang sumimpen ana lumakuning sejarah bangsane,” Kasman sing esuk kuwi lungguh sila dikupeng dening anak buwahe ana sandhuwure klasa ing tengah panggung, mbukak gunem.

tobong-kobong-1“Wah, yen ngoten niku sok-sok lakune crita saged nyimpang saking sing empun umum dipentaske grup sanes no Dhe,” Parto Gecul sing kerep kedhapuk dadi prajurit dhupakan cluluk semu maido karo nylonjorake sikil. Warsini Emban sing lungguh ana sandhinge mingset rada ngadoh, merga apal karo klageyane kancane kuwi yen dhong omongan. Ora cukup mung lambene wae sing obah nanging uga tangane melu-melu sraweyan kanggo nguwatake ekspresi utawa emosine.

CERKAK ( 31 )
BREKAT  MEGENGAN

Rasane kaya ora kanten ngenteni tekane dina Minggu. Tansah gumawang ing angen-angene Anto kandhane bapake dhek kapan kae.
”Insya Allah, suk tanggal patlikur ngarep iki ngepasi dina Minggu awake dhewe mulih kampung, Le. Tilik Mbah Wedok karo nyekar neng makame Mbah Lanang.Wis suwe Bapak ra nyekar,” ngono kandhane bapake.
brekat-megengan-1Ya wiwit dijanjeni iku Anto terus ngarep-arep tekane dina Minggu tanggal 24 Juli. Anto pancen wis kangen marang simbahe wedok kang urip ijen ing ndesa. Dene simbahe lanang wis tinggal donya nalika Anto lagi kelas nol besar. Saking lawase ora diajak tilik, nganti Anto ora bisa nggambarake kepriye rupane si­mbahe wedok ing wektu saiki. Mesthine ya wis tambah tuwa.
CERKAK ( 30 )
DHUWIT  DHENGKULKU

Saploke kedadeyan sawetara sasi kepungkur, gemerah karo sing lanang perkara sms njaluk kiriman pulsa kanthi nyeluk “papa – mama” kae, Marpuah jian ngati-ati tenan anggone nyikapi kahan­an. Witekna ora piye, esuk, awan, sore malah bar Magrib barang hapene sing lanang klebon sms saka “mamae” sing tundhone mung njaluk pulsa. Perkara regane pulsa ora apa-apa, bareng lek nye­luk kanthi sebutan mesra “papa” wadon sapa ora kobong ondheroke? Meh selawe taun mbangun bebrayan nganti duwe anak telu, putu loro, durung tau nyeluk mama-papa. Paling banter tekan “mas” ngono wae yen dhong neng ngarepe wong akeh.
dhuwit-dhengkulmu-1Biyasane ya cukup “pakmu-mbok­mu”. Malah, Diman, wong lanang se­tengah abad kuwi luwih kerep ngundang “ninek” marang Marpuah sing sejatine lagi umur ngancik 45-an kuwi.
CERKAK ( 29 )
LEGAN GOLEK MOMONGAN

Byuh-byuh, nek ngene carane njur kapan deadline-ku rampung? Tugas kantor sing kudune  dina iki beres malah ambyar kabeh,” panggrundele Andi jroing batin. “Yen ora nganggo nganalisis mono bisa rada cepet. Lha iki garapan sing nganggo petungan njlimet je.”

legan-golek-momongan-1Kawit esuk ana wae golongan 45 sing nyelani dheweke. Golongan 45 iku pa­raban kanggo sawatara pegawe ing kan­tore. Yakuwi karyawan kang wis ora duwe wektu maneh kanggo nyinaoni teknologi sing saya maju. Yuswane golongan 45 iki watara 47 munggah, nanging umume bingung nggunakake komputer.
CERKAK ( 28 )
WEWADI JRONING KOPER

Wiwit ana kethoprak tobong sing beber ana lapangan sisih kidul desane, Warti anake Pak Lurah Suradimejo mundhak sregep dandan. Dhasar ayu lencir kuning, se­kolahe dhuwur lan kasil ngregem  gelar sarjana. Isih kawimbuhan putrane wong sugih sing kesampiran panguwasa, mula ora mokal yen dadi kembange desa, dadi kekidungane para priya.
wewadi-jroning-koper-1Rombongan kethoprak mau jenenge “Ngesthi Budaya”. Jare saka Jawa Timur. Pemaine isih enom-enom cakrak lan bagus-bagus. Nganti Warti kesengsem karo pemain rol priya sing jeneng Dar­manto. Wonge bagus, dadi peran apa wae bisa tur ya menjiwai. Mangka kostum lan peralatane uga lengkap.
Anak panggung mau, yen awan padha dolan neng omahe warga Pandhansari kono, klebu Darmanto sing banjur akrab karo Warti. Darmanto sing grapyak se­manak, wasis micara kaya dong ana pang­gung ndadekake Warti meneng-meneng kayungyun.
CERKAK ( 27 )
DURUNG TITI WANCINE

Mbak Mar, ayo cepetan! swarane adhiku saka jaba sinambi mlayu mlebu.
Aku mrepegi adhiku sing lagi kelas lima SD kuwi. Yen wis ngono biyasane njuk nglendhot ana gendhonganku. Bocah siji iki pancen ngalem karo mbakyune, yen lagi karo ibune malah ra tau njaluk gendhong. Sajak bungah tenan yen lagi karo aku, nganti mau esuk wae luwih milih melu aku tinimbang melu bapak ibu menyang daleme simbah ing Salatiga.
durung-tiba-titi-wancine-1“Mbak Mar tak nata buku iqra’ riyin nggih. Nek kesusu Iva mantuk riyin ma­won,” ujarku.
“Tenan, Mbak? Aku mantuke bareng Dika karo Ratri ya, mbak!”
CERKAK ( 26 )
KATRESNAN LINGSIR SORE

Betheke Wimbadi bener. Nalika dheweke manyuk regol, njomblak kaget meruhi latar bank BTPN sing jembar kuwi wis kebak sepedha motor lan mobil. Wimbadi kangelan arep nyeleh sepedha motore. Tujune juru parkir enggal mrenahake.
Bubar markir sepedha montore gage-gage ngener loket saperlu antri keplek.
katresnan-lingsir-sore-1Oleh nomer 467! Edian! Njur iki mengko jam pira tekan gilirane. Arepa teller-e ana papat, yen sing diladeni samono akehe rak panggah mbutuhake wektu suwe!
Wimbadi ndeleng arlojine. Lagi jam 08.45. Isih esuk. Pancen budhale saka ngomah mau lagi jam 07.15. Ning kok antriane wis tekan nomer 400 punjul. Njur wong-wong kuwi mau lho, olehe antri keplek wiwit jam pira?
CERKAK ( 25 )
ORA  KAGODHA

Anggóné  nyambút   gawé dadi tukang bécak wís suwé bangêt, wiwít mantèn anyar nganti nduwé anak papat. Isíh diayahi kanthi råså tanggúng jawab sartå ora nduwèni råså aras-arasên babar pisan. Kanggoné Durasím, kêndharaan rodhå têlu kuwi wís dianggêp kåyå déné sawah síng wulu pamêtuné kanggo ngu­ripi anak bojo mbên dinané. Satêmêné biyèn tau bantíng stír bakulan pitík  síng ora patiyå rêkåså. Níng jêbúl malah kêrêp rugi. Mbók mênåwå waé pancèn wís ditak­díraké déníng síng ngêcèt lómbók mê­nåwå garís uripé  kadidéné tukang mancal bécak.
ora-kagodha-1Dinå kuwi isíh jam sêpuluhan nangíng  panasé wís kråså sumêlèt. Karo mêthang­króng nèng ndhuwúr bécaké, bola-bali Durasím ngêlapi rainé síng gêmróbyós nganggo andhúk cilík kang dikalungaké gulu. Durasím ajêg mangkal nèng pra­patan ringín kêmbar.

Selasa, 31 Januari 2012

CERKAK ( 24 )
JANGAN TUMPANG

Srêngéngéné pas ånå ndhuwúr sirah, kurang luwih jam 12.00, hawané panas ora mêkakat kåyå-kåyå yèn dituruti arêp ngombé ngêntékaké banyu sak kêndhi. Mak brabat Pak Sardi mlaku tumuju pawón arêp ngombé lan mangan awan.
Ènèng méja wís sumadiyå unjukan lan dhêdhaharan kang dicawisaké déníng Sumiyêm abdiné. Anggóné Pak Sardi mangan wayah awan iki katón níkmat lan sêgêr bangêt. Yå, nêmbé wêktu-wêktu saiki anggóné mangan ngrasakaké énak.
CERKAK ( 23 )
KEJIRET ALANG-ALANG

Mas Pramónó, têkaku íng rumah sakít iki, mêsthiné panjênêngan pírså dhéwé, mênåwå iki dudu karêpku, nangíng kahanan síng mêkså aku kudu kêtêmu panjênêngan íng papan iki.
Aku njalúk pangapurå mênåwå têkaku ing rumah sakít iki bakal nggugah critå lawas síng ndadèkaké ati panjênêngan gorèh. Kênå åpå panjênêngan kåyå nduwèni råså isín nalikå sapêngarêp karo aku, kamångkå yèn dak råså panjênêngan saiki kåyå déné kêbak dåyå sêmangat síng makantar-kantar, trêngginas sajroníng makaryå lêladi paríng usådå íng rumah sakít iki.
CERKAK ( 22 )
SRI PARTINAH, PRAWAN SAKA BANTUL

Swarané sêpédha mótór pak pós såyå suwé såyå cêtha. Dhèwèké mandhêg ånå ngarêp omahku sak pêrlu ngêtêraké layang såkå Dhík Sri ing Bantúl, wís kênå dijagakaké, mèh sêtêngah sasi sêpisan layang såkå Bantúl têkan omahku, sêmono ugå sêtêngah sasi sêpisan layangku têkå ing omahé Dhík Sri.
Antarané aku lan Dhík Sri íng Bantúl wís suwé anggóné sêsambungan kêkancan, malah íng wêktu saiki sêsambungan mau dadi sêsambungané antarané wóng wadón lan wóng lanang síng nêmbé pacaran, ya múng amargå jarak antarané Sålå lan Bantúl mbutúhaké wêktu sêtugêl dinå mênawa arêp kêtêmu, mulå ya múng liwat layang aku lan dhèwèké pådhå ndhudhah råså síh katrêsnan.
CERKAK ( 21 )
ANGIN TELAGA


Angín dolanan pang randhu sangarêpé omah cilík iku nalikå Súrjan mudhún såkå bécak.
Panyawangé landhêp ngêmataké omah síng kêbak nyimpên lêlakón uripé duking uni. Wís róng taún dhèwèké ninggalaké papan iki, lan nganti sapréné durúng akèh owah-owahan. Wít randhu síng tumiyúng pinggír kali, kêmbang kênångå síng wiwít mranggas lan plataran síng kathukulan sukêt-sukêt têki. Isíh dadi sêsawangan kåyå mångså síng wís-wís. Ing kéné Súrjan dilaírké lan ing kéné Súrjan ngroncé uríp nganti nyandhak dhéwåså.